A.
Parikan
Kang diarani parikan Yaiku
unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :
- kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
- saben saukara kadedan saka rong gatra
- ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha:
Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar
(ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik
kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing
sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani
wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang
maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Kanthi
ukara liya sing diarani parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan
iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu
surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana
uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun
kilat. Ciri-cirining parikan :
1) Nduweni purwakanthi ab-ab.
2) Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi.
Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut
isi.
3) Pendhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo
sing patang larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.
4) Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.
Manut ( cacahing) wandane, parikan
iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
a. Parikan kandadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
- Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
- Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4
======= Sampiran)
Dadi
murik, sing taberi (4 – 4 ======= Isi)
- Jemek-jemek, gula jawa (4 – 4
======== Sampiran)
Aja
ngenyek, padha kanca (4 – 4 ====== Isi)
- Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4
====== Sampiran)
Yen
sinau, dadi pinter (4 – 4 =======
Isi)
b. Parikankandadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
1. Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
2. Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 – 8)
Watak
putri, kudu titi ngati-ati (4 – 8 )
3.
Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 – 8)
Lamun
sabar, bisa lejar serta bingar (4 – 8)
4.
Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 – 8)
Sapa
jujur, bakal luhur klawan makmur (4 – 8)
c. Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
1. Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.
Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.
2. Esuk nakir sore nakir (8)
Sing
ditakir godhong ploso (8)
Esuk
mikir sore mikir (8)
Sing
dipikir ora krasa (8)
3. Jangan kacang jangan kara (8)
Kaduk
uyah kurang gula (8)
Piwelingku
mring pra mudha (8)
Aja
wedi ing rekasa (8)
4. Yen kembang kembang cempaka (8)
Dudu
kembang arum dalu (8)
Mumpung
sira isih mudha (8)
Den
asregep ngudi ngelmu (8)
Parikan
sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan
patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone
mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora
ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra
Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik. Tuladha kasebut
kena katulis mangkane
Enting-enting
gula jawa
Sabungkus
isine sanga
Ingatase
para siswa
Wajib
seneng nggubah basa
Parikan sing dianggo nggérongi
lelagoning gendhing
Ing
parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran,
sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
·
Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir
Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon
guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan
Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
·
Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe
ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe
ra ketemu, temu pisan maju mundur.
Carane ngarang parikan
Sing
dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”.
Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8
wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan,
yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho,
lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.