Kasusastran Ing
Gendhing
Kang karembug ing kene dudu bab akehing gendhing
utawa werna-wernaning gendhing, ananging bab kasusastran kang tinemu ing
gendhing antarane :
1. Cakepan,
yaiku unen-unen utawa tetembungan sing dianggo ing tembung utawa tetembangan.
2. Bawa,
yaiku tembang kang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
3. Buka,
yaiku tetabuhan kang kanggo mbukani gendhing
4. Jineman,
yaiku paranganing bawa sing ditembangake wong akeh lan bebarengan karo para
pradangga bebarengan lan diiringi gamelan sawatara.
5. Umpak-umpak,
yaiku lagoning gendhing sawise bawa utawa buka gendhing lan ora bisa digerongi.
Uga bisa ditibakake saben panembrama ganti pada lan adate nganggo tembang
wangsalan.
6. Senggakan,
yaiku unen-unen mawa lagu ing satengah ing tembang kang binarung swaraning
gendhing pradangga.
7. Gerong,
yaiku tembang kang dilagukake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing,
dene sing gerong para wiraswara/pradangga.
8. Sindhenan,
yaiku tetembangan kang dilagukake dening waranggana/pesindhen binarung
swaraning gamelan/lelagoning gendhing.
9. Laras,
yaiku rasa thinthingane swara cendhek nganti swara dhuwur.
10. Titi
laras, yaiku angka pinangka tandha liruning wilahan gamelan kanggo mbedakake
swara siji lan sijine wilah gamelan
11. Irama,
yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan (irama lancar, irama magak,
irama dadi, irama wilet, lan irama wilet rangkeb).
12. Pathet,
yaiku ukuran endhek dhuwuring swara sajroning gendhing.
Tuladha : ing
laras slendro:
a. Pathet
nem (6)
b. Pathet
sanga (9)
c. Pathet
manyura.
Dene ing laras pelog:
a. Pathet
pelog lima (5)
b. Pathet
pelog nem (6)
c. Pelog
pathet barang (7)
13. Merong,
yaiku lelagoning gendhing kang durung munggah durung mundhak kethukane.
14. Pedhotan,
yaiku laguning gendhing kang mandheg sawatara sedurunge gong suwuk.
15. Cengkok,
yaiku cakrik utawa gaya utawa luking lagon tembang.
16. Ada-ada,
yaiku lelagon kang dilagukake dhalang yen wayang arep perang utawa bubar perang
uga utawa yen pinuju swasana sereng.
17. Dene
lelagon kang dilagukake dening dhalang diarani suluk.