Parikan



A.    Parikan
Kang diarani parikan Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :
  • kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
  • saben saukara kadedan saka rong gatra
  • ukara kapisan mung minangka purwaka; dĂ©nĂ© isi utawa wosĂ© dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Kanthi ukara liya sing diarani parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun kilat. Ciri-cirining parikan :
1) Nduweni purwakanthi ab-ab.
2) Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi.
3) Pendhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.
4) Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.
Manut ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
a. Parikan kandadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
- Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
           
      - Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4 ======= Sampiran)
   Dadi murik, sing taberi      (4 – 4 ======= Isi)
       
           -  Jemek-jemek, gula jawa (4 – 4 ======== Sampiran)
  Aja ngenyek, padha kanca (4 – 4 ======  Isi)
         
      - Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4 ====== Sampiran)
  Yen sinau, dadi pinter     (4 – 4 =======  Isi)

b. Parikankandadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
1. Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda). 
    Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
2. Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 – 8)
    Watak putri, kudu titi ngati-ati (4 – 8 )
3. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 – 8)
    Lamun sabar, bisa lejar serta bingar (4 – 8)
4. Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 – 8)
    Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur (4 – 8)

c.  Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
1. Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga 
    Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.
2. Esuk nakir sore nakir (8)
    Sing ditakir godhong ploso (8)
    Esuk mikir sore mikir (8)
    Sing dipikir ora krasa (8)
3. Jangan kacang jangan kara (8)
    Kaduk uyah kurang gula (8)
    Piwelingku mring pra mudha (8)
    Aja wedi ing rekasa (8)
4. Yen kembang kembang cempaka (8)
    Dudu kembang arum dalu (8)
    Mumpung sira isih mudha (8)
    Den asregep ngudi ngelmu (8)

Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik. Tuladha kasebut kena katulis mangkane
Enting-enting gula jawa

Sabungkus isine sanga

Ingatase para siswa

Wajib seneng nggubah basa
Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
·         Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)

Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
·         Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur

Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.

Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

0 komentar:

Posting Komentar