Paragraf Argumentasi



A.    Tegese paragraf Argumenatsi
Argumentasi kedadeyan saka paragraf kang isine nduweni ancas mbujuk lan ngrayu pamaos supaya nampa gagasan utawa wedharan kang ditulis/digagas dening panulis, kanthi tetimbangan logis utawa emosional.
Paragraf argumentasi kuwi biyasane nduweni wujud arupa saperangkat ukara sing dirakit kanthi maneka cara saengga ukara kuwi nduweni fungsi dadi panyengkunyunge ukara-ukara liyane. Lumrahe ukara pokok disengkuyung ukara panjelas kang arupa bukti utawa alasan utawa tuladha-tuladha. Sawijining paragraf digolongake paragraf argumentasi kanthi lelandhesan ananing masalah kng nduweni sipat kontroverial, nduweni teges kang beda-beda. Masalah kuwi dijelasake ananing alasan-alasan kang nduuweni sipat logis kang ngyakinake. Alesan kuwi nduweni rasa kaendahan, bener, apik, migunani, lan efektivitas kang selaras klawan paham kang dianut.
Lelandhesaning argumentasi kuwi ana ing sjroning argumen kang dumunung ana ing telung prinsip  kang baku:
  • Wedharan (pernyataan);
Wedharan kuwi gumantung ananing masalah kang asipat kontroversial
  • Alasan kang nyengkuyung;
Alasan kuwi ukara-ukara kang lelandhesan marang bab-bab kang bisa mbeneraki gagasan kang diwedharake ana sajroning wedharan.
  • Pembenaran.
Pembenaran kuwi ukara kang nuduhake ananing gegayutan antaraning wedharan klawan alasan. Kanthi ukara liya, pembenaran kuwi arupa ukara dudutan kang wis diwedharake ana ing ukara kapisan ana ing paragraf deduktif. Dadi, paragraf deduktif kuwi umume nduweni sipat paragraf repetitif utawa paragraf dedutif-induktif  tegese paragraf kang ukara pokoke ana ing purwaning ukara lan dibaleni maneh ana ing pungkasaning paragraf kanthi ukara kang beda ning intining padha. Ananging paragraf argumentasi uga bisa kedadeyan saka paragraf dedutif utawa induktif wae.


B.     Nggawe Paragraf Argumentasi kang Asipat Deduktif
Ana sajroning paragraf deduktif, gagasan-gagasan  diwedharake ana ukara kang asipat rowa/umum tumuju marang ukara kang asipat mligi/khusus. Ukara pokok ditulis ana purwaning ukara nembe disusul ukara-ukara panjelas. Yen digambarake, organisasi paragraf deduktif kaya ing ngisor iki.
Ukara panjelas bisa arupa bukti kang nyengkuyung lan nemtokake kebenaran kang dumunung ana ing ukara pokok (premis mayor). Bukti bisa dijupuk saka observasi (pikolehan panaliten/pengamatan)..



C.    Nggawe paragraf Argumentasi kang Asipat Induktif
Cara kang dianggo kanggo nggawe paragraf argumentasi kang asipat induktif suwalike karo cara kang asipat deduuktif. Gagasan-gagasan kang mligi ditulis ana purwaning paragraf banjur dipungkasi klawan dudutan kang tinulis ana ana ukara kang asipat rowa. Paragraf induktif bisa digambarake kaya ing ngisor iki.

Nggawe Paragraf Argumentasi Babagan Drama/Sandiwara
Nulis paragraf argumentasi babagan drama utawa sandiwara intine padha karo nulis argumentasi umuume. Amung wae, topik utawa punjering rembug kang ditulis ana wacan argumentasi kaya ngene iki babagan drama utawa sandiwara.

0 komentar:

Posting Komentar