Kasusastran Ing Gendhing



Kasusastran Ing Gendhing

Kang karembug ing kene dudu bab akehing gendhing utawa werna-wernaning gendhing, ananging bab kasusastran kang tinemu ing gendhing antarane :
1.      Cakepan, yaiku unen-unen utawa tetembungan sing dianggo ing tembung utawa tetembangan.
2.      Bawa, yaiku tembang kang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
3.      Buka, yaiku tetabuhan kang kanggo mbukani gendhing
4.      Jineman, yaiku paranganing bawa sing ditembangake wong akeh lan bebarengan karo para pradangga bebarengan lan diiringi gamelan sawatara.
5.      Umpak-umpak, yaiku lagoning gendhing sawise bawa utawa buka gendhing lan ora bisa digerongi. Uga bisa ditibakake saben panembrama ganti pada lan adate nganggo tembang wangsalan.
6.      Senggakan, yaiku unen-unen mawa lagu ing satengah ing tembang kang binarung swaraning gendhing pradangga.
7.      Gerong, yaiku tembang kang dilagukake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/pradangga.
8.      Sindhenan, yaiku tetembangan kang dilagukake dening waranggana/pesindhen binarung swaraning gamelan/lelagoning gendhing.
9.      Laras, yaiku rasa thinthingane swara cendhek nganti swara dhuwur.
10.  Titi laras, yaiku angka pinangka tandha liruning wilahan gamelan kanggo mbedakake swara siji lan sijine wilah gamelan
11.  Irama, yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan (irama lancar, irama magak, irama dadi, irama wilet, lan irama wilet rangkeb).
12.  Pathet, yaiku ukuran endhek dhuwuring swara sajroning gendhing.
Tuladha : ing laras slendro:
a.       Pathet nem (6)
b.      Pathet sanga (9)
c.       Pathet manyura.
Dene ing laras pelog:
a.       Pathet pelog lima (5)
b.      Pathet pelog nem (6)
c.       Pelog pathet barang (7)
13.  Merong, yaiku lelagoning gendhing kang durung munggah durung mundhak kethukane.
14.  Pedhotan, yaiku laguning gendhing kang mandheg sawatara sedurunge gong suwuk.
15.  Cengkok, yaiku cakrik utawa gaya utawa luking lagon tembang.
16.  Ada-ada, yaiku lelagon kang dilagukake dhalang yen wayang arep perang utawa bubar perang uga utawa yen pinuju swasana sereng.
17.  Dene lelagon kang dilagukake dening dhalang diarani suluk.

0 komentar:

Posting Komentar