Karangan Persuasi



Karangan Persuasi
      Katrangan
Persuasi iku nduweni tujuan/ancas supaya wong tumindak jumbuh karo sing dikarepake dening kang celathu, ing wektu iku utawa ing wektu kanga rep teka.
Gandheng ancas/tujuane supaya para ingkang maos tumindak, mula persuasi uga bisa diarani cara kanggo mutuske wong kang nampa persuasi rumangsa melu marem lan seneng, awit ora rumangsa dipeksa anggone mutuske milih sawijining tumindak.
Titikane/ciri-cirine wacana persuasi
a.       Mbudidaya supaya padha sarujuk
b.      Proses supaya wong percaya lan bisa nampa apa kang dikarepake kang nulis/celathu
c.       Tansah ngendhani dredah
Wujude persuasi
a.       Propaganda (ngajak-ajak)
b.      Iklan
c.       Selebaran
d.      Kampanye lesan
Persusai nduweni panganggep yen pamikire manungsa bisa diowahi. Persuasi minangka rekadaya nglarasake utawa ben padha sarujuk kanthi padha-padha percaya. Wong kang nampa persuasi rumangsa melu marem lan seneng, awit ora rumangsa dipeksa anggone mutusake milih sawijining tumindak.

0 komentar:

Posting Komentar