Ngabdi Busana Jawi



Ngabdi Busana Jawi

Ing jaman rumiyin para tiyang jawi, mliginipun para priyantun ing tlatah Surakarta, tumrap para estri ing padintenanipun sami mengangge sinjang, punapa malih minawi pinuju wonten keperluan (mantu utawi jagong) punika sami ngagem sinjang; punika boten naming priyantun estri kemawon, dalasan ingkang kakung ugi mengangge cara jawi (bebedan). Jalaran nalika sementen taksih ing jamanipun.
Jarik punika basa “ngoko”, basa kramanipun “sinjang” menawi karma inggilipun “nyamping” terkadhang wonten ingkang mastani “bebed”.
Kawontenanipun sinjang wau saged kagolongaken 2 perangan wujudipun, inggih punika ingkang dipunwastani “sinjang bathik” tuwin “sinjang lurik”. Sinjang bathik punika ugi kaperang dados 2 perangan, inggih punika “bathik seratan” (bathik tulis) tuwin “bathik cap”.
Bathik seratan, punika pandamelipun sarana dipunbathik mawi pirantos, ingkang dipunjenengi “canthing”. Dene bathik cap, pandamelipun sarana pirantos ingkang winastanan “cap bathik”, dene cangkrikipun (motif) bathik seratan utawi cap wau warna-warni.
Sinjang bathik punika saged kapilah dados 2 warni kawujudanipun gambar. Inggih punika ingkang kawastanan gambar ingkang klasik lan kontemporer.
1.      Pola Klasik
Titikanipun bathik pola klasik punika wonten ing gambaripun. Pola klasik punika gambaripun namung wujud ingkang memper/sairib kaliyan kawujudan ingkang samesthinipun (saged winastan kadidene gambar abstrak).
2.      Pola Kotemporer
Bathik pola kotemporer punika sawenehing gambar bathik ingkang sampun ewah saking aslinipun, tegesipun boten kedah kados gambar pakemipun ingkang sampun katemtokaken.
3.      Wanguning Gambar
Wanguning gambar bathik punika saged kapilah-pilah mekaten:
a.       Wangun geometri
b.      Wangun garis miring/lereng
c.       Wangun lung-lungan
4.      Lataring Sinjang (dhasaring sinjang)
Tumraping sinjang, manawi mastani “dhasaring sinjang” punika jenengipun “latar”, mila lajeng wonten tetembungan “sinjang latar cemeng sinjang latar pethak”. Terangipun mekaten:
a.       Sinjang “latar cemeng”, punika dhasaripun cemeng (peteng).
b.      Sinjang “latar pethak” punika padhang, awit dhasaripun pethak.
c.       Sinjang “semen”. Tembung semen punika sajatosipun saking tembung “semi”, mila gambaripun thethukulan alit-alit ingkang nedhengipun thukul/semi, wujudipun alit-alit ingkang nedhengipun thukul/semi. Sinjang semen menika limrahipun dipundhasari “ukel” (wujudipun sairib kecambah).
5.      Jumbuhipun Ngagem Nyamping
Ing ngajeng sampun kaaturake bilih cakriking bathik punika warni –warni, mila cumbuhipun ngagem ugi dipungandhekaken tumrap keperluanipun.
Tuladhanipun :
-          cakrik truntum, punika kalebet pola ingkang kina, wangunipun kalebet geometri wangun ceplok. Patutipun/mungguhipun dipunangge tumrapipun para priyantun ingkang sampun sepuh, utawi dipunagem tumraping tiyang gadhah damel mantu.
-          Sinjang cakrik madubranta, punika ugi cakrik kina ingkang dasaripun pola ceplok. Madubranta, punika pangertosanipun kina jenengipun “sekar” punika marlambangi tumraping seneng/gandrung (cinta).
Mekaten sawatawis oncekanipun cakriking sinjang ingkang kagandhengaken kaliyan bab falsafah sarta wekdal trepipun ngagem sinjang wau.
Kajawi punika, minangka kangge ancer-ancer cakripipun sakathahing sinjang wau, kakanthekaken sawatawis pola-pola gambar sinjang ingkang cakrik kina. Mugi kenginga kangge nuntuk “Hanresnan Dhumateng Budaya Kita Jawi”.

0 komentar:

Posting Komentar