SINOPSIS
CERITA WAYANG
1.
Sayembara
ing Pancala
Swasana
sepi, swarane angin lan kemrisike gegodhongan katiyup angin. Dewi Kunthi lagi
rembugan karo Pandhawa. Minangka ibu, Dewi Kunthi kudu bisa gawe gedhe atine
para putra, kamangka atine dhewe satemene lagi sedhih. Pandhawa ngrasa yen
dheweke wis urip suwe ing wana (alas). Amarga kena tipu saka Kurawa. Dewi
Kunthi nyoba nentremake atine putra-putrane. Minangka lagi dicoba kuwi kudu
sabar lan aja lali tetep muji syukur marang sing nggawe urip. Kabeh kuwi bakal
ana balesane saka Sing Kuwasa. Lan prelu dieling yen Maha Agung ora bakal
menehi pacoban ngungkuli kakuwatane awake dhewe.
Dewi
Kunthi lan putra lima banjur semadi. Bhatara Darma tumeka. Dewi Kunthi lan
Pandhawa sungkem bebarengan kanggo nuduhake rasa bektine marang Bhatara darma.
Bhatara Darma ngendika yen ing Pancala lagi ana sayembara menthang langkap.
Apike yen Arjuna melu sayembara iku. Yen Arjuna bisa menthang langkap pusaka
iku, dheweke bakal entuk Dewi Drupadi. Nanging, supaya ora ketauan marang Kurawa,
Arjuna kudu nyamar (nganggo sandhangan Brahmana) lan ganti nama Resi Margana.
Bima uga nyamar dadi puthut lan ganti nama dadi Bayusuta.
Reden
Drestajumena sing nata lakune sayembara. Para ksatriya ngenteni gilirane
menthang langkap. Duryudana maju ndisikan. Nanging, nembe arep nyedaki wae
dheweke wis menthal. Sabanjure Duryudana, Dursasana sing maju. Nasipe padha
karo Duryudana. Sawise prabu Duryudana yaiku Resi Margana sing pawakane
klemak-klemek. Resi Margana bisa menthang langkap pusaka iku. Kabeh kaget
amarga ngerti yen Resi Margana iku sajatine Raden Arjuna, lan puthut Bayusuta
iku sajatine Bima. Para Kurawa ora trima yen Pandhawa sing menang. Kurawa
nyerang Arjuna lan Bima, banjur padha perang. Nanging, Kurawa kalah lan akhire
mundur.
Prabu
Drupada bungah atine amarga sing bakal mantune yaiku satriya Pandhawa.
2.
Ah,
Cublak Temen Aku
Prabu
Rama Wijaya lan para sederek uga wanara lagi kumpul kanggo ngrembug cara
nylametake Dewi Shinta saka Ngalengka., kerajaane Rahwana. Dina kuwi Prabu Rama
Wijayanguji kasetyaane Jaya Anggada, salaku anak angkate kanggo mbuktekake yen
dheweke bisa nggawa Shinta menyang Rama lan dheweke ora kalah karo Anoman.
Prabu
Rama Wijaya ngendika yen Jaya Anggada kudu wani nglawan Rahwana, sebab sing
becik iku ditrapake. Jaya Anggada nyanggupi anggone Rama Wijaya ngendika.
Sesuke
Jaya Anggada pamit marang Prabu Rama Wijaya. Jaya Anggada dikancani para Wanara
lan Kakang Kapi Anila. Anggone tumuju marang Ngalengka ora nganggo jalur
dharat, nanging padha malumpat-malumpat saka wit siji marang wit liyane.
Ing
dalan, rombongan mau kapethuk karo para reksasa, banjur padha perang. Wanara,
ana sing padha gugur. Jaya Anggada ngaturi yen becike Kakang Kapi Anila supaya
bali menyang Sweta Giri, amarga anggone mlaku wis ora adoh maneh.
Jaya
Anggada tekan Ngalengka ing wayah bengi. Dheweke keturon ana ing pucuk wit
ringin gedhe sing manggon ana ing tengahing alun-alun Ngamarta. Esuke Jaya
Anggada tangi amarga krungu swara prajurit reksasa Ngalengka lagi padha baris.
Salah sijining prajurit mau ana sing ngonangi Jaya Anggada. Banjur Jaya Anggada
dikepung lan dadia perang.
3.
Kumbayana
Lelana (2)
Bambang
Kumbayana mlaku sempoyongan, amarga awake cacat (rai bonyok, mripat siwer,
dhadha dhesok, lsp). Kuwi amarga diajar marang Patih Gandamana. Bambang
Kumbayana nemoni Resi Krepa, sing bisa nambani lelara. Bambang Kumbayana lan
Resi Krepa padha dedhongengan. Miturut Resi Krepa, Patih Gandamana Iku pancen
sekti. Gandamana iku patih ing negara Ngastina. Nalika semana lagi dumadi
paprangan antarane Ngastina lumawan Praja Pringgandani. Satekane Patih
Gandamana ing Pringgandani, dheweke langsung dikrubut dening Brajadhenta
sakadang. Patih gandama dikepruk nganggo watu lan wis dianggep tiwas.
Harya
Suman menehi kabar marang Ngastina, yen Patih Gandamana iku wis tiwas. Harya
Suman uga pengin ngepek garwane Patih Gandamana, Dewi Saraswati. Nanging Dewi
Saraswati ora gelem lan milih mati tinimbang dadi bojone Harya Suman.
Patih
Gandamana sing dikira wis tiwas, jebule isih urip. Patih Gandamana duka amarga
garwane seda dening Harya Suman. Patih Gandamana ngoyak lan ngajar Harya Suman
kanthi babak belur. Prabu Pandhu sing mangerteni tumindake patihe kaya
mangkana, banjur ngusir Patih Gandamana, lan sing dadi patih ing Ngastina yaiku
Harya Suman, kanthi jejuluk Patih Harya Sengkuni. Patih Gandamana muluh menyang
asale, yaiku Pancalaradya.
Bambang
Kumbayana sawise krungu crita saka Resi Krepa, dheweke tetep dendam marang
Patih Gandamana.bambang Kumbayana nunggu wektu sing prayoga kanggo males
larane.
Adipadi
Dhestarastra kelingan yen awake dhewe tau diwenehi piweling saka Prabu Pandhu
kanggo menehake lenga tala marang Pandhawa. Nanging Jaka Pitana ora sarujuk
amarga putrane Dhestarastra kuwi bapake Jaka Pitana, dudu bapake Pandhawa.
Bratasena ora sarujuk marang Jaka Pitana, miturut Bratasena, Dhestarastra mung
dititipi, lan titipan iku kudu diwenehake marang Pandhawa. Prabu Pandhu uga
bapake Pandhawa.
Lenga
tala iku direbutake amarga kasiyate bisa gawe kebale awak saka gegaman landhep
yen awake dhewe diblonyohi nganggo lenga tala.
4.
Kumbayana
Lelana (3)
Wajahe
Jaka Pitana katon kuciwa. Amarga Jaka Pitana ngrasa yen Bapane, Adipati
Destharastra kurang adil. Miturut Jaka Pitana, Kurawa uga duwe hak kanggo
nduweni lenga tala. Nanging, miturut Destharastra sing nduweni hak iku ya
Pandhawa, amarga lenga tala iku titipan saka Pandhu, kanthi piweling yen
Pandhawa wis gedhe Destharastra dikongkon menehake lenga tala marang Pandhawa.
Destharastra
duweni usul yen gendul lenga tala arep diuncalake saadoh-adohe. Sapa sing bisa
nemokake gendule, ya kuwi sing duwe wewenang kanggo duweni lenga tala iku.
Gendul
lenga tala dibalangake dening Destharastra, lan gendul kuwi cebloke ana ing
njero suwur Jalatundha sing dianggep wingit. Kurawa lan Pandhawa mung
mondar-mandir ing sisih sumur, amarga padha bingung piye carane njupuk lenga
tala iku. Ora let suwe Kumbayana lewat lan menehi pitulungan. Kumbayana
nglumpukake suket teki lan disambung-sambung banjur dicemplungake ing njero
sumur. Gendul lenga tala nyangkut ana ing suket teki iku.
Weruh
gendul lenga tala wis bisa kajupuk, Kurawa lan Pandhawa rebutan. Kumbayana
menehi sarat yaiku sapa sing bisa mateni Patih Gandamana, Patih ing nagari
Pancalaradya, kuwi sing entuk wewenang duweni lenga tala.
Kurawa mangkat menyang Pancala. Satekane
ing Pancala, Kurawa ngajak tanding Patih Gandamana, nanging wektu perang Kurawa
kalah. Beda karo Kurawa, Pandhawa malah matur apik-apikan marang Patih
Gandamana babagan lenga tala. Patih Gandamana njaluk ditemokake marang
Kumbayana.
Wektu Kumbayana ketemu karo Patih
Gandamana, Kumbayana arep mateni Patih Gandamana, nanging ora kelakon, amarga
Prabu Drupada rawuh lan ngendika yen Kumbayana arep diwenehi Kadipaten Sokalima
kanggo nebus kasalahane Patih Gandamana, lan lenga tala diwenehake marang Pandhawa.
5.
Anoman
Duta
Prabu
Rama ngutus Anoman menyang Alengka kanggo nylametake Dewi Shinta. Anoman dipilih, sebab Anoman duweni kesakten
bisa mabur lan dirasa bakal bisa luwih cepet tekan Alengka. Anggone menyang
Alengka, Anoman dikancani Punakawan, nanging Punakawan dilebokake ana ing
kancing gelunge Anoman.
Ing
sawijining dina, Anoman lunga menyang kahyangan lan njaluk tulung marang Batara
Surya supaya naleni matahari. Batara Surya ora gelem, akhire padha gelut. Semar
sing misah Anoman lan Batara Surya. Semar iku bapake Batara Surya. Semar
ngomong yen Batara Surya kudu manut parentahe Anoman. Batara Surya gelem manut
nanging marga sing njaluk bapake dhewe. Banjur Batara Surya naleni matahari,
lan bakal ngeculake matahari yen Anoman wis tekan Pancawati.
Pinuju
Alengka, Anoman nglewati segara. Nalika lewat ndhuwure segara, Anoman kasedhot
raksasa Wil Kataksini lan mlebu menyang wetenge. Ana ing wetenge, Anoman
nendang-nendang lan nyakar-nyakar wetenge. Wil Kataksini ora kuwat, banjur
muntah. Ora let suwe Wil Kataksini tiwas.
Anoman
wis ora kuwat mabur maneh. Anoman nempuh jalur dharat. Anggone mlaku wis suwe
banget. Anoman kesel lan semaput. Punakawan mapah Anoman mlebu menyang goa
Windu. Ing njero goa ana pertapan ayu, Dewi Sayempraba, mantan garwane Prabu
Dasamuka. Dewi Sayempraba nambani Anoman. Suwe-suwe Dewi Sayempraba tresna
marang Anoman, samono uga Anoman tresna marang Dewi Sayempraba.
Anoman
kemutan marang tugas sing diwenehi marang Prabu Rama, Anoman banjur neruske
perjalane menyang Alengka. Anoman weruh sinar putih sing padhang banget. Sinar
kuwi nggawe mripate Anoman wuta. Punakawan sing nggolekake obat, banjur ketemu
karo Garuda Sempati. Sempati netesake ilere ing mripate Anoman, banjur mari.
Sempati uga crita yen Garuda Jatayu tiwas amarga arep nulungi Dewi Shinta sing
diculik Prabu Dasamuka.
Anoman
menyang Alengka.
Ing
Alengka, taman Asoka, Anoman weruh yen Dewi Shinta lagi sedhih. Anoman ngajak
Dewi Shinta mulih menyang Ayodya supaya ketemu karo Prabu Rama. Nanging Dewi
Shinta ora gelem, sabab Dewi shinta mung gelem mulih yen dipethuk langsung
marang Prabu Rama. Dewi Shinta malah nitipake sisire kanggo Prabu Rama. Anoman
uga menehake ali-aline Prabu Rama kanggo Dewi Shinta.
Indrajid
weruh yen Anoman lagi ana ing taman Asoka. Banjur laporan marang Prabu
Dasamuka. Prabu Dasamuka ngongkon Indrajid supayanyekel Anoman lan ngobong
Anoman.
Nalika
diobong, Anoman ora mati. Anoman malah mabur lan nguncalake geni menyang
Alengka. Alengka banjur kaobong.
Anoman
mulih menyang Pancawati lan crita marang Prabu Rama. Prabu Rama nyiapake
strategi lan prajurit kanggo nyerang Alengka.
6.
Ala
Kaina
Ana
ing alas gung liwang-liwung urip buta bajang kang elek rupane. Dheweke rumangsa
sepi amrga ora ana sing gelem dicedaki marang dheweke. Buta bajang iku jenenge
Sukasrana. Sukasrana banjur nglakokake tapa brata. Nalika iku tumurun Hyang
Ismaya, Hyang Ismaya ngendika yen sukasrana iku sajatine putrane Maharesi
Jamadagni ing padhepokan Harga Sekar. Sukasrana dibuwang nalika lair amarga
wujude elek. Sukasrana njaluk mati marang dewa, nanging panjaluke kuwi ora
dikabulake marang dewa.
Sesuke
Sukasrana weruh Sumantri (kangmase) lagi latian manah ana ingpadhepokan Harga
Sekar. Nalika lagi manah, anak panahe tumuju marang Sukasrana, Sukasrana banjur
njepit anak panah mau nganggo drijine. Sumantri ora ngerti sapa buta bajang
sing ana ing ngarepe kuwi. Sukasrana ngomong, yen dheweke kuwi putrane Maharesi
Jamadagni. Nanging Sumantri ora percaya. Wong loro kuwi gelut lan menang
Sukasrana. Sukasrana gelem nglawan sing ditresnani amarga mung arep nguji
kakuwatane kangmase wae. Sukasrana banjur njlentrehake kabeh asal-usule marang
Sumantri. Sumantri akhire bisa narima yen Sukasrana iku adhine, banjur padha
sikepan.
Sumantri
ngajak Sukasrana mlebu menyang padhepokan. Rama lan biyunge uga wis bisa narima
Sukasrana. Sukasrana urip seneng karo kulawargane.
Sukasrana
numindakake tapa brata. Sawise tapa brata, dheweke kangen marang kula wargane,
luwih-luwih karo kangmase. Anggone nggoleki kangmase ora ketemu. Dheweke banjur
njaluk katrangan saka ramane.
7.
Putri
Puspa Cendhana (3)
Wengi
iku, Raden Nagatatmala, Gareng, Petruk, Lan Bagong lagi bingung nentokake arah,
sebab dheweke lagi ana ing prapatan. Semar menehi usul yen becike njupuk dalan
maneengen, dalan sing peteng lan runggut. Nanging, Gareng, Petruk, lan Bagong
ora sarujuk, lan njaluke lewat dalan sing mangiwa, dalan sing padhang. Semar
matur, yen arep milih dalan iku miliha sing peteng, merga sing peteng iku
yogya. Akhire, kabeh padha manut karo Semar.
Kedaden
tenan, yen dalan manengen kuwi isine mung alas sing peteng ndhedhet. Punakawan
lan raden Nagatatmala mlaku tekan tengahing alas. Banjur padha ngaso lan
semadi. Nalika lagi semadi, ana macan sing lagi nggareng. Macan kuwi lakune
selot nyedaki Punakawan lan Raden Nagatatmala. Gareng, Bagong, lan Pertruk
wedi, banjur padha mlayu.
Macan
nyedaki Raden Nagatatmala lan arep nyengkrem, Raden Nagatatmala wis siap-siap
malumpat. Akhire, dadia perang, Raden Nagatatmala nglawan macan sing gedhene
sakebo lan lincahe kaya Si Kancil. Wektu kuwi Raden Nagatatmala kalah. Banjur
Semar nggolek senjata ampuh kanggo mbiantu Raden Nagatatmala. Semar nemokake
senjata pemungkas yaiku ‘Nila Kawak rupa Ijo’. Nanging Raden Nagatatmala malah
nyepelekake tanduran iku. Barang wis krasa kapepet, Raden Nagatatmala
nggunakake tanduran kuwi. Saketika macan kuwi lumpuh lan ganti wujud ‘Bhatara
Sambu’. Raden Nagatatmala diwenehi wit sing jenenge ‘Kayu Cendhanasari’ marang
Bhatara Sambu.
8.
Bektiku
Kanggo Pepundhen
Dina
iku Antareja lagi latian nambah kakuwatane kro Eyang Antaboga. Antareja latian
kanthi telung puluhnem jurus. Nalika wis rampung latiane, Antareja takon marang
eyange, bapake kuwi sabenere sapa? Eyang Antaboga ngendika yen bapake kuwi
Raden Werkudara, satriya ing Jodipati.sawise ngerti sapa bapake, Antareja pamit
marang Eyang Antaboga lan ibune Bhatari Nagagini, yen dheweke arep tilik
bapake.
Ing
dalan, Antareja gumun weruh prau, amrga dheweke ora tau weruh wujute prau sing
asli, nanging wis tau weruh saka gambar sing dituduhi marang Eyang Antaboga
(Antareja, Eyang Antaboga, lan Bhatari Nagagini urip ing puser bumi). Ing
njerone prau ana wong wadon, nanging ora obah. Antareja nyedaki wong wadon mau,
jebule wis mati. Banjur ditetesi nganggo banyu ‘sacipta dadi’ lan wong wadon
kuwi urip maneh. Wong wadon kuwi jenenge Dewi Warasembadra garwane Raden
Janaka. Dadi Warasembadra kuwi isih bulike Antareja.
Satekane
ing Ngamarta, Antareja kapethuk karo bapake, Raden Werkudara. Antareja seneng
bisa urip bareng karo bapake ing praja Ngamarta. Antareja tresna marang Dewi
Pregiwati amarga parase sing ayu, Dewi Pregiwati uga tresna marang Antareja.
Sakloron kuwi banjur bebojo, amarga wis oleh restu saka kulawargane. Antareja
lan Dewi Pregiwati kagungan putra, jenenge Raden Danurwenda.
Nalika
Harya Sengkuni nipu para Pandhawa, Pandhawa kudu diasingke ing alas kanthi
wektu 12 taun. Antareja, putrane, lan bojone bali menyang puser bumi. Sanajan
wis 14 taun, dheweke krungu kabar yen Pandhawa wis ngaton lan arep njaluk bali
Ngamarta, nanging ora oleh marang Kurawa. Banjur Kurawa lan Pandhawa perang
(perang Bharatayuda). Antareja arep ngewangi perang, mula dheweke njaluk aji
marang Eyang Antaboga, banjur diwenehi siunge Eyang Antaboga. Sapa bae sing
kena siunge Eyang Antaboga bakal mati.
Nalika
Antareja ketemu Bhatara Kresna, dheweke ngomong arep mbiantu Pandhawa kanggo
nuduhake bektine marang Pepundhen Pandhawa. Dening Bhatara Kresna, Antareja
dikon nyoba piyandele iku. Banjur nggarit tangane dhewe. Pandangane Antareja
pet-petan.
9.
Laire
Raden Gathutkaca
Raden
Gathutkaca yaiku putrane Raden Werkudara (satriya ing Jodhipati) lan Dewi
Arimbi. Nalika lair, Gathutkaca awujud raksasa. Gathutkaca nalika isih cilik
jenenge Tetuka. Umur setaun, tali pusere Jabang Tetuka ora ana sing bisa nugel.
Akhire Arjuna (adhine Raden Werkudara) nglakokake tapa kanggo njaluk pitunjuk
marang dewa. Ing wektu sing padha, Karna uga nglakokake tapa, kanggo ngluru
pusaka utawa senjata sakti.
Batara
Narada ora bisa mbedakake rupane Arjuna karo Karna amarga rupane mirip. Batara
Narada menehaake Kontawijaya marang Karna, sing sabenere kudu diwenehake marang
Arjuna. Batara Narada sadar yen tumindake kuwi salah. Banjur njlentrehake sing
sabenere marang Arjuna. Arjuna ngoyak Karna amarga arep ngrebut senjatane kuwi.
Karna ora gelem menehake, banjur gelut. Karna kabur nggawa senjata Konta, lan
Arjuna mung bisa nggawa sarung senjata Konta. Sarung Konta kasebut bisa dinggo
kanggo nugel tali pusere Jabang Tetuka, sabab sarung Konta kuwi saka kayu
mastaba. Nanging, nalika nugel tali pusere Jabang Tetuka, sarunge malah melu
ambles ana ing wetenge Tetuka.
Jabang
Tetuka digawa karo para dewa. Banjur dicemplungake ana ing Kawah Candradimuka.
Para dewa uga mbalangake pusaka-pusaka menyang Kawah Candradimuka. Ora let
suwe, Tetuka njumbul saka Kawah Candradimuka lan dadi wong lanang sing gagah
perkasa.
10. Bambang Piningit
Dina
kuwi Amarta katon regeng. Para Pandhawa lagi ngrembag babagan perang
Bharatayuda. Ora let suwe Resi Durna rawuh. Ana ing kana Resi durna melu
rembugan. Resi Durna ngendika yen perang iku kudu diwurungake, amarga amarga
bakal akeh sing mati, wong sing ora duwe dosa uga bisa melu mati. Cara kanggo
murugake perang Bharatayuda yaiku kanthi cara mateni Petruk, banjur bathange
diprotoli lan dipendhem ana ing pojok negara. Bratasena sarujuk marang panemune
Resi Durna. Sri Kresna sing ngerti ana usul kaya mangkana malah ngguyu.
Bratasena
ngongkon putrane, Gathutkaca kanggo ngluru lan mateni Petruk. Gathutkaca ya
manut wae. Antasena adhine Gathutkaca, ora sarujuk yen kakange arep mateni Petruk
sing ora duwe salah apa-apa. Antasena ngadang Gathutkaca, nanging malah
kepethuk karo bapake. Antasena banjur sowan Sri Kresna.
Antasena
lunga menyang pinggir kali kaya sing dikarepake Sri Kresna. Ana kana, Antasena
krungu ngendikane Resi Durna, yen resi Durna mung arep mbodhoni Pandhawa.
Petruk sing arep dipateni Gathutkaca mau, yen wis mati sukmane bakal males
mateni Pandhawa, lan yen Pandhawa mati, sing nglungguhi Amarta ya Kurawa.
Krungu kaya mangkana, Antasena banjur njedul lan ngajar Resi Durna. Kurawa ora
bisa mbelani, nanging malah mlayu amarga tindake Antasena sing sawenang-wenang.
Sawise ngajar Resi Durna, antasena menyang omahe Petruk. Tekane omahe Petruk,
jebule wis ana Janaka sing uga arep nylametake Petruk. Sri Kresna uga raawuh
ana ing kana. Banjur Sri Kresna ngubah wujute Petruk dadi wong bagus, sing
jenenge “Bambang Piningit”.
Gathutkaca
tekan ing omahe Petruk lan arep mateni Petruk. Nanging Petruk malih dadi buta
gedhe lan sekti. Gathutkaca mlayu nggoleki bapake. Bratasena arep mbelani putrane,
nanging Sri Kresna mapagake kaluputane Bratasena, lan ngendika yen Resi Durna
iku mung arep mbodhoni Pandhawa.
Ing
Taman Kadilengleng, Dewi Banuwati lagi gojeg karo para emban. Bambang Piningit
nyedaki lan ngajak Dewi Banuwati nemoni Raden Janaka, yen Dewi Banuwati isih
tresna marang Raden Janaka. Dewi Banuwati bangah banget atine.
Nalika
Resi Durna lagi rembugan karo Kurawa, mbok emban mlebu lan menehi kabar yen
Dewi Banuwati tiwas. Sing mateni jenenge Bambang Piningit. Resi Durna ora
ngerti sapa kuwi Bambang Piningit iku. Resi Durna lan Kurawa banjur nggoleki
Bratasena. Bratasena diajar Resi Durna ing alun-alun, Sengkuni sing arep
mbiantu Resi Durna, banjur dicekeli marang Antasena. Antasena uga njlentrehake
yen Resi durna iku mung pengin putrane sing dadi Tumenggung ing Amarta, yen
Pandhawa tiwas.
Akhir
crita, Bambang Piningit ngaturake Dewi Banuwati marang Raden Janaka. Amarga
tugase wis rampung, Bambang Piningit wujute malih dadi asline, Petruk.
0 komentar:
Posting Komentar