PARAGRAF INDUKTIF LAN DEDUKTIF
PARAGRAF
Nggawe sawijining paragraf kalebu sajroning ketrampilan nulis sing
ora saben pawongan diduweni. Ketrampilan nggawe paragraf bisa saya ngrembaka
menawa disinaoni lan dilatih kanthi teratur. Ketrampilan nyusun ukara siji lan
sijine saengga nduweni teges kang gumathok ora teka / bisa tanpa disinaoni,
tanpa dilatih, mula saka kuwi, nglatih/gladhen terus-terusan/ora kendhat
nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan nguwasani nulis paragraf.
Sawijining paragraf biasane
kedadeyan saka pirang-pirang ukara. Ukara –ukara ana sajroning paragraf kudune
sinambungan antaraning ukara siji lan sijine. Ukara-ukara sing dumadi
nyengkuyung sawijining tema / topik.
Tema / topik panggonane ana
sajroning ukara pokok dene ukara-ukara liyane nduweni sifat njelasake/mbeberake
ukara pokok. Ukara sing ngandhut gagasan pokok dijenengake ukara pokok,
dene ukara sing ngemot gagasan panjelas diarani ukara panjelas.
Wujuding
paragraf ditilik saka panggonane ukara pokok ana papat yaiku :
1.
Paragraf Deduktif
Paragraf
sing ukara pokoke ana ngarepan diarani paragraf deduktif. Paragraf jinis iki
paling gampang digawe. Ana sajroning bagan paragraf deduktif digambarake kaya
ing ngisor iki !
K
u / u P
|
K P1 / U Pj1
|
K P2 / U Pj2
|
K P 3 / U Pj 3
|
K
P 4 / U Pj4
|
K P 5 / U Pj 5
|
Ketrangan
: K u / Up : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp
/ Upj :
Kalimat Penjelas / Ukara panjelas
Tuladha
:
Ana ing sahwening masyarakat kita melu rumangsa
prihatin yen ta seni musik keroncong saiki wis langka. Kesilep ana ing jagading seni
modern sing mekar ana ing laladan Tanah Air. Bupati Pati H. Tasiman SH uga melu
ngrasakake kahanan iki. Nalika paring sesorah ana ing pengeten HUT Himpunan
Artis Keroncong Musik Indonesia (Hamkri) Cabang Kabupaten Pati sing sepisanan
durung suwe iki, ngandharake seni keroncong saiki wis ora kaya dhek jaman
dhisik maneh ……
Ukara pokok paragraf ing ndhuwur,
“Ana ing sahwening masyarakat kita melu rumangsa prihatin yen ta seni musik
keroncong saiki wis langka.” Dene ukara candhake arupa ukara panjelas.
2.
Paragraf Induktif
Paragraf jinis iki walikane paragraf
deduktif. Ukara pokoke ana ing pungkasaning paragraf. Ukarane diwiwite saka
bab-bab sing asipat mligi/khusus tumuju klimaks, yaiku generalisasi. Nggawe
paragraf jinis iki rada kangelan, nanging cocok tur mathuk kanggo nulis prosa
argumentasi
Yen
dibaganeke, paragraf induktif kaya ing ngisor iki !
K
p1 / u Pj1
|
K P2 / U Pj2
|
K P3 / U Pj3
|
K P 4 / U Pj 4
|
K P 5 / U P5
|
K P 6 / U P 6
|
KU / Up
|
Ketrangan
: K u / Up : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp
/ Upj :
Kalimat Penjelas / Ukara panjelas
Tuladha
:
Supaya
komunikasi kuwi kedadeyan / lumaku kanthi apik, saka kalorone (pihak sepisan
lan kapindho) merlokake basa sing dianggo bebarengan. Wujude basa mau arupa
swara. Swara kuwi diasilake saka alat wicarane manungsa. Kanthi mangkono
bisa dikandhakake swara kuwi alat sing ngleksanani basa.
Ukara pokok paragraf ing ndhuwur
yaiku,” kanthi mangkono bisa dikandhakake swara kuwi alat sing ngleksanani
basa.”
3.
Paragraf repetitif
Paragraf sing ukara pokoke ana
ngarep dalah ana pungkasaning paragraf diarani paragraf repetitif. Ukara pokoke
ana ing ngarep banjur dibaleni ana ing mburi minangka kasimpulan. Gagasan pokok
diwujudake ana rong ukara, sing kalorone ukara mau meh memper / ora padha
persis.
Yen
digambarake kanthi bagan, kaya ing ngisor iki !
K u / u P
|
K P1 / U Pj1
|
K P2 / U Pj2
|
K P 3 / U Pj 3
|
K
u / U P
|
Ketrangan
: K u / Up : Kalimat utama / Ukara pokok
Kp
/ Up : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas
4.
Paragraf Deskriptif
Ukara pokok paragraf deskriptif
ditemokake ana sakabehing perangan paragraf. Dadi, saben ukara sing nyengkuyung
dumadine paragraf diarani ukara pokok. Sakabehing ukara sing ana nduweni kawigaten
kang padha, kanthi bebarengan nyawiji dadi siji paragraf kang gemolong.
Paragraf deskriptif akeh banget
dianggo ana sajroning prosa narasi. Mula saka kuwi, paragraf deskriptif
uga diarani paragraf naratif.
Bagan
paragraf deskriptif.
K u / u P
|
K u / u P
|
K u / u P
|
K u / u P
|
Tuladha
:
Pandhu
ngungun. Mentale rubuh. Dheleg-dheleg ana ngomah. Ora wani metu. Ora wani nyang
kantor desa. Semono uga Marsiti. Dheweke rumangsa isin, wirang. Sing tumindhak
luput. Pandhu, kang nampa akibate wongng saomah. Nastiti malah nganti emoh
sekolah. Patrape sing kaya wong pengung saya nemen.
Saka patang paragraf ana ndhuwur
sing biasa dianggo yaiku paragraf deduktif & induktif.
Dene nulis paragraf yen ditilik saka
cara mbabarake isining paragraf kabagi wacana narasi, wacana deskripsi, wacana
eksposisi, wacana argumentasi, lan wacana persuasi. Ing ngisor iki diwedharake
paragraf jinis eksposisi, deskripsi lan narasi.
WACANA EKSPOSISI
Wacana eksposisi tegese wacana kang mbeberake anane analisis proses kanthi cara
narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris utawa naras
teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan (informasi) ngenani sawijining
prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku
njembarake pangertene pawongan.
Yen miturut KBBI (2001 : 290) eksposisi
tegese uraian / paparan kang nduweni tujuan mbeberake maksud lan tujuan
(umpamane ana sajroning karangan).
Ana sajroning wacana eksposisi
panulis kudu nduweni kawruh / pangerten kang cukup bab-bab sing bakal
dibeberake. Tanpa kawruh kang mumpuni, mokal kanggone sawijining panulis bisa
mbeberake sawijining kawruh kanthi terang trawaca, mumpuni.
Kajaba saka kuwi, kanggo nulis
wacana eksposisi uga kudu nduweni kawruh bab pola pengembangan paragraf. Pola
pengembangan paragraf sing bisa dianggo ana sajroning wacana eksposisi ana ing
ngisor iki .
a)
Contoh-contoh / tuladha-tuladha
Gagasan sing sifate umum tarkadhang
merlokake bukti-bukti utawa conto konkret, conto kang nyata; amrih bisa
dipahami dening pamaos
Tuladha
:
Kedele
sing arep digawe tempe kudu diumbah kanthi resik, jalaran yen ora resik bisa
babar / ora bisa dadi tempe. Kedele sing isih reged / kurang bersih ora
bisa agawe matenge tempe. Tempene ish mentah, amarga ragine ora bisa
“bereaksi” kanthi sampurna. Dadine kedele mau wurung dadi tempe. Wujude
yan isih kedele. Saliyane kuwi, kedele sing ora resik anggone ngumbah, bisa
anjalari tempene dadi ireng, ora bisa putih resik ngono kae.
b)
Mbandingake / Perbandingan
Ana sajroning iki diwedharake rong
bab kang beda utawa luwih kanggo nyengkuyung gagasan pokok.
Tuladha
:
Tuku
pitik zaman saiki kudu ngati-ati, amerga akeh pitik utawa sato iwen sing kena
flu burung. Antaraning pitik sehat lan pitik sing nandhang lelara bisa
dibedakake. Pitik sehat kuwi pitik sing trengginas, ora lemes. Saka cucuke ora
metu ilere tur rupane abang seger ora aclum. Saka brutune ora mbanyu utawa
nelek terus tur rupane ora ireng / pucet ning abang seger. Dene pitik sing
nandhang lelara kuwi pitik sing lemes, ora nduwe daya. Saka cucuk lan brutune
metu iler / banyune lan rupane aclum.
c)
Analogi
Tegese analogi yaiku medharake
bab-bab kang padha loro utawa luwih. Ing ngisor iki ana tuladha sing
mbandingake antaraning anak lan kembang.
Tuladha
:
Anak
kuwi kembang ing urip. Anak kuwi wewangian ana sajroning bebrayan / rumah
tangga. Anak kuwi sing bisa nyegah bubrahe balepomah. Ana anak uga digantungake
pengarep-arepe wong tuwa/kulawarga. Anak uga tombaking gegayuhan sajroning
rekasaning ngaurip. Upamane ana saling babak antaraning urip bebojoan, yen
ngelingi anak kang isih suci, bisa dadi lereming ati kang panas. Anak pancen
kembanging balepomah.
d)
Sebab – Akibat
Pengembangan paragraf jinis iki
migunakake penalaran sebab-akibat. Urutane bisa kawiwitan saka sebab tumuju
akibat utawa suwalike. Gagasan pokoke bisa ana ing sebab utawa ana ing akibat.
Tuladha
:
Yen
ditilik saka kahanan kang sejatine, sajake isih akeh warga Surabaya kang
mbuwang sampah sembarangan. Kamangka sampah kasebut bisa mbuntoni saluran
banyu. Akibate, ing sadhengah panggonan tuwuh banjir. Contone kaya kang dumadi
ing pungkasaning wulan iki.
e)
Proses
Pengembangan proses arep padha karo
pengembangan kronologis. Bedane pengembangan kronologis mentingake bab
urutaning wektu, dene pengembangan proses mentingake owah-owahan sing
dumadi saka awah-awahan siji tumuju owah-owahan candhake.
Tuladha
:
Menawa
simbol J kanggo jejer, W kanggo wasesa, lan L kanggo
lesan, paugeran umum kanggo nggawe ukara tanggap saka ukara tanduk kang kaya
ing ngisor iki.
- Tetep mentingake urutan J – W – L , ananing J lan L diijolake papan panggonane.
- Ater-ater anuswara (am-, an-, ang-, any-) diganti ater-ater tripurusa (dak-/tak-, kok-, di-).
WACANA NARASI
Miturut KBBI Edisi Ketiga (2001:774)
sing diarani narasi “pengisahan suatu cerita / kejadian, cerita atau deskripsi
suatu kejadian atau peristiwa; kisahan, tema karya seni”.
Dadi narasi tegese karangan sing
nyritakake sawijining crita utawa kedadeyan, nggambarake prastawa (miturut
KBBI). Ana maneh tegese macana narasi kang luwih jangkep, yaiku wacana kang
mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni
dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Tembung liyane nerangake menawa narasi
iku wacana kng nyritakake kanthi cetha rerangken tumindhak sajroning prastawa
kang winatesing sawijining wektu.
Wacana
narasi ana werna loro :
a.
Narasi Ekspositoris
Yaiku wacana kang mung menehi
ketrangan lugu / apa anane. Narasi ekspositoris iki arep padha karo eksposisi
awit ancas kang tinuju titise karangan (informasi) ngenani sawijining prastawa
kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake
pangertene pawongan.
Tuladha
1 :
Kepala
Satuan Narkoba Polres Sumbawa, Ipda Yudi Fanani, Kemis (22/12 – 2005)
ditemokake tiwas ing salah sijine kamar hotel ing kutha Mataram kanthi kahanan overdosis
sabu-sabu. Polisi sing tugase mandhegani mbrastha narkoba iki dinuga tiwas
sakwise pesta narkoba jalaraning tempat kejadian perkara (TKP) ditemokake
alat pengisep (bong) SS.
Tuladha
2 :
Transparancy
International (TI), sawijining lembaga penelitian antikorupsi, nyebutake partai
politik ing Indonesia mujudake lembaga kang paling korup ing sadawane taun
2005. Lembaga liyane sing miturut TI akeh korupsine yaiku parlemen, kepolisian,
bea cukai, pengadilan, kejaksaan, lan pajek. Kosok baline lembaga sing paling
aman saka korupsi yaiku lembaga-lembaga keagamaan lan lembaga non-pemerintahan
(NGO).
b.
Narasi Sugestif
Yaiku wacana kang ngracik kanthi
runtut nganti bisa nggugah pengangen-angene wong kang maca. Wong kang maca
terus bisa njupuk sari / makna anyar, kang ora dibeberake kanthi cetha ing
wacana mau. Contone dongeng, novel, roman, lan cerkak lan sajinise.
Tuladha
cerkak ing ngisor iki wacanen.
Anggone
ngingoni manuk darawisana sawatara suwene. Wiwite isih piyik-piyik nganti saiki
tumekane diwasa. Mula Ali rumangsa seneng atine, dene ingon-ingone bisa lestari
tekan seprene. Darane kuwi wis katon lulut. Nalika disingsoti dening Ali banjur
pating bleber miber nyedhaki dheweke. Malah wingenane wis ngendhog barang.
Cacahe ana loro. Dening Ali banjur digawekake petarangan saka suket garing.
Esuk
kuwi kaya padatan sadurunge mlebu sekolah, Ali mesthi luwih dhisik makani
manuke mau. Nanging saiba kagete nalika pagupone diinguk, jebule manuke ora
ana. Ilang sak endhoge, sak petarangane. Kontan wae Ali arep nangis. Terus
nyeluki ibune.
“Buuuk…buuk….
iki lho !”
“Ana
apa ta, esuk-esuk kok wis bengok-bengok,” Ibune nayuri saka pawon.
“Daraku
ilang buk !”
“He,
kok bisa ilang kuwi kepriye ?” pitakone ibune karo menyat marani Ali.
“Ya
embuh, kamangka nalika sorene isih ana,” wangsulane Ali karo tangane sraweyan
ngusape eluhe.
“Wis…wis,
ilang yawis. Saiki luwih becik gage adus terus sarapan. Mengko mundhak telat
anggonmu mangkat sekolah,” pituture ibune ngarih-arih. Terus nyambungi maneh
“Mbesuk yen ibu nduwe dhuwit rak ya bisa tuku maneh”.
Sakwise
diarih-arih pungkasane Ali gelem mangkat sekolah. Nanging nalika pelajaran
dheweke ora bisa konsentrasi babas pisan amarga terus kelingan manuke sing
ilang mau. Pas jam istirahat banjur crita marang Budi, kancane sakelas.
“Ilange
kapan ta ?” pitakone Budi
“Sajake
mau bengi,” wangsulane Ali.
“Apa
wis mbok goleki ?” Budi takon maneh.
“Ya
durung, wong ngertiku lagi mau esuk.”
“Yen
ngono mengko nek wis bubaran sekolah coba digoleki bareng-bareng. Mbok menawa
isih bisa ketemu,” ujare Budi aweh pamrayoga.
“Becik
yen ngono, aku manut,” wangsulane Ali wis rumangsa lega amarga ana kanca sing
menehi kawigaten lan pambiyantu.
Pancen
Budi kuwi kancane Ali sing paling kenthel. Ing sekolahan uga minangka murid
sing paling pinter dhewe. Antuk rangking siji terus. Cita-citane mbesuk
kepengin dadi pulisi. Mulane nalika mangerteni darane kancane ilang dheweke
semangat banget kepengin nggoleki. Idhep-idhep kanggo ngasah pikirane.
Sakwise
bel bubaran sekolah muni, bocah sakloron gegancangan mulih. Ing sadawane dalan
padha rembugan.
“Li,
daramu kuwi yen saba teka ngendi wae ?” pitakone Budi.
Ali
banjur mangsuli, “Ora tekan ngendi-ngendi kok. Yen miber mung ing sakupenge
omah wae. Ora adoh-adoh.”
“Yen
dideleng omahmu rak rada adoh karo tangga-tangga. Sebab pekaranganmu kuwi rak
jembar,” celathune Budi.
“Bener.”
“Lha
sing ilang pira Li ?”
“Loro,
sak jodho. Ketambahan endhog lan petarangane barang.”
“Daramu
ana pira ta ?”
“Ya
mung sak jodho thok.”
“Woo,
ngono kuwi jenenge ilang kabeh.”
Ali
mung nyengir karo kukur-kukur sirah krungu ujare Budi.
Satekane
ing omahe Ali, Budi teus padha nonton papan sakiwa tengene pagupon omah dara
mau. Budi banjur ujar “Yen tak pikir-pikir sing njupuk iki kok dudu wong
adoh”.
Terus
nyambung maneh, “Ora saben pawongan weruh yen kowe ngopeni manuk. Jalaran
daramu ora nate miber tekan ngendi-ngendi. Dheweke wis biasa utawa wis nate
mrene.”
Ali
takon, “Yen ngono sing njupuk sapa ?”
Tanpa
mangsuli pitakone Ali, Budi ujar maneh, “Daramu kuwi bakale diopeni. Ora
dibeleh utawa dipateni. Amarga dijupuk sak endhoge. Dadine ing papane sing
anyar daramu bakal terus ngangremi endhoge.”
“Oooo
ngono ta,” Ali manthuk-manthuk.
“Olehe
njupuk ora ijenan, nanging paling ora ana wong loro, Li.”
“Lha
kok kowe bisa ngerti ?” pitakone Ali.
“Sebab
kanggo nggawa lunga manuk loro sak endhog, sak petarangane kuwi ora bisa
dicekeli dhewekan. Mesthi bakal kewuhan mengkone. Wong tangane mung loro.
Ora kaya Bathara Guru sing tangane ana papat, he……he…..he..”wangsulane
Budi karo nyoba ndhagel.
“Bener
kandhamu, sabanjure piye ?”
Budi
malah balik takon, “Ing desa ken sing ngopeni dara sapa wae?”
“Embuh
aku ora nate migatekake.”
“Lha
kowe apa apal ciri-cirine daramu kuwi Li ?”
“Ya
apal ta. Wong olehku ngopeni kawit piyik.”
Karo
menyat sak lungguhe Budi terus celathu, “Ya wis, saiki ayo padha digoleki.”
“Ing
ngendi ?”
“Ing
desa kene wae. Karo mlaku-mlaku, dolan-dolan.”
Sakarone
banjur mubeng-mubeng karo golek sisik melik. Terkadang nganti blusukan ing
pekarangane wong barang. Nalika tekan mburi omahe Parman, Ali celathu “Lha kae
kandhang apa ya ?”
“Kandhang
pitik. Nanging ora ana salahe ta awake dhewe niliki,” wangsulane Budi karo
jumangkah nyedhaki.
Sakwise
tekan cedhakan Ali kaget.
“Lha
iki rak daraku!” wuwuhe karo tangane nudingi jero kandhang. Katon ing kono ana
manuk dara loro. Sing siji lagi angrem. Kandhange pancen disingget-singget.
Dadi manuke ora campur karo pitike.
Dumadakan
ana swara sing gawe kagete bocah loro mau.
“Hei!
Lagi padha ngapa kuwi?”
Kekarone
noleh. Katon Parman wis ngadeg ing kono.
“Man,
kowe njupuk daraku, ya,” tutuhe Ali.
“Jarene
sapa, kowe aja ngawur, lho! Wangsulane Parman selak.
“Kuwi
olwhku tuku wingenane ning pasar,” sambunge.
Budi
melu nutuh,”Ali kuwi apal lho karo cirine manuke. Yen kowe nyoba selak, mengko
taklapurake polisi tenan, lho.”
Ali
banjur nuduhake ciri-cirine darane. Nanging Parman tetep puguh ora ngaku.
Budi banjur ujar,”Ngene wae. Manuk iki rak jaremu olehmu tuku nembe wae. Dadine
mesthi durung lulut. Yen duweke Ali mesthi wis lulut. Mulane saiki manuke
diiberake wae. Yen mengko disingsoti Ali terus balik marani, kuwi genak duweke
Ali.”
“Iya,
aku setuju,”ujare Ali.
Budi
ujar maneh,”Yen ora gelem ngiberake berarti iku bener manuk colongan.”
Parman
isih nyoba selak, “Lho, yen tak iberake banjur ora mbalik maneh piye?”
“Ora
usah kuwatir. Yen ilang mengko tak ijoli tikel telu saka regane olehmu tuku,”
wangsulane Budi.
Parman
ora bisa suwala maneh, kepeksa ngiberake dara mau. Ali banjur nyingsoti manuk
mau. Ora gantalan wektu nalika krungu swarane singsotan, darane peting bleber
nyedhaki Ali. Malah salah sijine mencok ing pundhake.
Mangerteni
sing kaya mangkono mau Parman wis ora bisa selak maneh. Parandene dheweke iya
wedi yen mengkone bakal dilaporake polisi tenan. Pungkasane dheweke uga ngaku
yen anggone njupuk ora dhewekan. Nanginh karo Edi. Sabenere Parman karo Edi
kuwi kanca sak sekolahan karo Budi lan Ali. Malah nunggal kelas. Nanging bocah
looro mau saksuwene iki dikenal minangka bocah nakal, asring bolos, ngganggu
kanca-kancane, uga seneng colong jupuk barang.
Parman
terus mbalekake darane Alilan uga bakal ngajak Edi njaluk ngapura, janji ora
bakal mbalenitumindake sing kleru mau lan uga janji bakal dadi bocah sing apik.
(Herman
WH.)
Panjebar Semangat -04/2006
Bedane
narasi ekspositoris lan sugestif.
Narasi Ekspositoris
|
Narasi Sugestif
|
1.
Njembarake wawasan/pangerten
|
1.
Mbeberake makna kang sinandi
|
2.
Mbeberake katrangan bab prastawa
|
2.
Nguripake pengangen-angen /
Imajinatif
|
3.
Adhedhasar nalar supaya padha
Sarujuk
|
3.
Nalar mung kanggo nggayuh surasa
(makna), yen perlu nalar dilirwakake
|
4.
Basa informatif, tembunge denotative
|
4.
Basa figuratif, tembunge konetatif
|
Wacana Deskripsi
Wacana Deskripsi yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan
(objek). Objek mau kaya-kaya ana ing ngarepe wong kang maca. Objek bisa
kedadeyan saka kahanan, prastawa, manungsa, utawa barang.
Miturut KBBI (2001:258) deskripsi tegese
“pemaparan atau penggambaran dengan kata-kata secara jelas dan terperinci”
Tulaha
:
Dumugi
titi wanci punika, mbok menawa dereng wonten ingkang manggihaken kwali dawa
(kwangsul panjang). Kwali yen zaman rumiyin dipun damel saking siti
(lempung), lajeng zaman saya majeng wonten ingkang kadamel saking panci
(email), lan ugi saking alumunium. Naminipun panci email, lan panci alumunium.
Nanging boten panjang. Dados inggih tetep bunder lan mawi tutup.
Dene
dhingkel, wonten ingkang nyebut luweng, wonten ingkang nyebut pawon (papan
awu). Yen damelan kasongan kacithak, naminipun keren. Yen dhingkel (luweng
kadamel paten) boten saged kausung / kapindhah. Yen keren saged kajungjung
kapindhah pundi kemawon saged. Bedanipun keren lan dhingkel (luweng). Yen keren
namung saged dipun tumpangi ceret utawi kendhil utawo kwali setunggal. Yen
dhingkel saged kangge masak tiga sareng-sareng kados yen sapunika kompor gas
bolongan tiga. Yen keren kados kompor namung bolong setunggal. Mbok menawi
kanthi punika sedaya sampun dhong ?
Kapetik
“Digodhog kwali dawa dipanggang dhingkel mengangah”
0 komentar:
Posting Komentar