Kasusastran Ing Gendhing



Kasusastran Ing Gendhing

Kang karembug ing kene dudu bab akehing gendhing utawa werna-wernaning gendhing, ananging bab kasusastran kang tinemu ing gendhing antarane :
1.      Cakepan, yaiku unen-unen utawa tetembungan sing dianggo ing tembung utawa tetembangan.
2.      Bawa, yaiku tembang kang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
3.      Buka, yaiku tetabuhan kang kanggo mbukani gendhing
4.      Jineman, yaiku paranganing bawa sing ditembangake wong akeh lan bebarengan karo para pradangga bebarengan lan diiringi gamelan sawatara.
5.      Umpak-umpak, yaiku lagoning gendhing sawise bawa utawa buka gendhing lan ora bisa digerongi. Uga bisa ditibakake saben panembrama ganti pada lan adate nganggo tembang wangsalan.
6.      Senggakan, yaiku unen-unen mawa lagu ing satengah ing tembang kang binarung swaraning gendhing pradangga.
7.      Gerong, yaiku tembang kang dilagukake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/pradangga.
8.      Sindhenan, yaiku tetembangan kang dilagukake dening waranggana/pesindhen binarung swaraning gamelan/lelagoning gendhing.
9.      Laras, yaiku rasa thinthingane swara cendhek nganti swara dhuwur.
10.  Titi laras, yaiku angka pinangka tandha liruning wilahan gamelan kanggo mbedakake swara siji lan sijine wilah gamelan
11.  Irama, yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan (irama lancar, irama magak, irama dadi, irama wilet, lan irama wilet rangkeb).
12.  Pathet, yaiku ukuran endhek dhuwuring swara sajroning gendhing.
Tuladha : ing laras slendro:
a.       Pathet nem (6)
b.      Pathet sanga (9)
c.       Pathet manyura.
Dene ing laras pelog:
a.       Pathet pelog lima (5)
b.      Pathet pelog nem (6)
c.       Pelog pathet barang (7)
13.  Merong, yaiku lelagoning gendhing kang durung munggah durung mundhak kethukane.
14.  Pedhotan, yaiku laguning gendhing kang mandheg sawatara sedurunge gong suwuk.
15.  Cengkok, yaiku cakrik utawa gaya utawa luking lagon tembang.
16.  Ada-ada, yaiku lelagon kang dilagukake dhalang yen wayang arep perang utawa bubar perang uga utawa yen pinuju swasana sereng.
17.  Dene lelagon kang dilagukake dening dhalang diarani suluk.

Ngabdi Busana Jawi



Ngabdi Busana Jawi

Ing jaman rumiyin para tiyang jawi, mliginipun para priyantun ing tlatah Surakarta, tumrap para estri ing padintenanipun sami mengangge sinjang, punapa malih minawi pinuju wonten keperluan (mantu utawi jagong) punika sami ngagem sinjang; punika boten naming priyantun estri kemawon, dalasan ingkang kakung ugi mengangge cara jawi (bebedan). Jalaran nalika sementen taksih ing jamanipun.
Jarik punika basa “ngoko”, basa kramanipun “sinjang” menawi karma inggilipun “nyamping” terkadhang wonten ingkang mastani “bebed”.
Kawontenanipun sinjang wau saged kagolongaken 2 perangan wujudipun, inggih punika ingkang dipunwastani “sinjang bathik” tuwin “sinjang lurik”. Sinjang bathik punika ugi kaperang dados 2 perangan, inggih punika “bathik seratan” (bathik tulis) tuwin “bathik cap”.
Bathik seratan, punika pandamelipun sarana dipunbathik mawi pirantos, ingkang dipunjenengi “canthing”. Dene bathik cap, pandamelipun sarana pirantos ingkang winastanan “cap bathik”, dene cangkrikipun (motif) bathik seratan utawi cap wau warna-warni.
Sinjang bathik punika saged kapilah dados 2 warni kawujudanipun gambar. Inggih punika ingkang kawastanan gambar ingkang klasik lan kontemporer.
1.      Pola Klasik
Titikanipun bathik pola klasik punika wonten ing gambaripun. Pola klasik punika gambaripun namung wujud ingkang memper/sairib kaliyan kawujudan ingkang samesthinipun (saged winastan kadidene gambar abstrak).
2.      Pola Kotemporer
Bathik pola kotemporer punika sawenehing gambar bathik ingkang sampun ewah saking aslinipun, tegesipun boten kedah kados gambar pakemipun ingkang sampun katemtokaken.
3.      Wanguning Gambar
Wanguning gambar bathik punika saged kapilah-pilah mekaten:
a.       Wangun geometri
b.      Wangun garis miring/lereng
c.       Wangun lung-lungan
4.      Lataring Sinjang (dhasaring sinjang)
Tumraping sinjang, manawi mastani “dhasaring sinjang” punika jenengipun “latar”, mila lajeng wonten tetembungan “sinjang latar cemeng sinjang latar pethak”. Terangipun mekaten:
a.       Sinjang “latar cemeng”, punika dhasaripun cemeng (peteng).
b.      Sinjang “latar pethak” punika padhang, awit dhasaripun pethak.
c.       Sinjang “semen”. Tembung semen punika sajatosipun saking tembung “semi”, mila gambaripun thethukulan alit-alit ingkang nedhengipun thukul/semi, wujudipun alit-alit ingkang nedhengipun thukul/semi. Sinjang semen menika limrahipun dipundhasari “ukel” (wujudipun sairib kecambah).
5.      Jumbuhipun Ngagem Nyamping
Ing ngajeng sampun kaaturake bilih cakriking bathik punika warni –warni, mila cumbuhipun ngagem ugi dipungandhekaken tumrap keperluanipun.
Tuladhanipun :
-          cakrik truntum, punika kalebet pola ingkang kina, wangunipun kalebet geometri wangun ceplok. Patutipun/mungguhipun dipunangge tumrapipun para priyantun ingkang sampun sepuh, utawi dipunagem tumraping tiyang gadhah damel mantu.
-          Sinjang cakrik madubranta, punika ugi cakrik kina ingkang dasaripun pola ceplok. Madubranta, punika pangertosanipun kina jenengipun “sekar” punika marlambangi tumraping seneng/gandrung (cinta).
Mekaten sawatawis oncekanipun cakriking sinjang ingkang kagandhengaken kaliyan bab falsafah sarta wekdal trepipun ngagem sinjang wau.
Kajawi punika, minangka kangge ancer-ancer cakripipun sakathahing sinjang wau, kakanthekaken sawatawis pola-pola gambar sinjang ingkang cakrik kina. Mugi kenginga kangge nuntuk “Hanresnan Dhumateng Budaya Kita Jawi”.

Morfologi Lanjut Bahasa Jawa

MORFOLOGI LANJUT BAHASA JAWA

       A.    Pengertian Morfologi.
Morfologi adalag cabang ilmu linguistik tentang kata, penataan kata, pembentukan kata, dan bagian-bagian kata.
       B.     Pengertian Morf dan Morfem
Morf adalah anggota morfem atau realisasi dari morfem.
Contoh: nyapu = ny + sapu
Morfem adalah satuan bahasa unsur pembentuk kata yang maknanya relatif
stabil dan tidak dapat dibagi atas bagian bermakna yang lebih kecil.
Contoh: tuku → terdiri dari 1 morfem
 nuku→ terdiri dari 2 morfem, yaitu {N-}dan {tuku}
       C.     Proses Morfologis
a)      Afiksasi adalah pembentukan kata dengan menambahkan afiks pada bentuk dasar.
Contoh:
a.       Prefiks:
a-      + rupa = arupa
a-      + kembang = akembang
a-      + klambi = aklambi
a-      + doh = adoh
ma- + guru = maguru
N- + sapu = nyapu
di- + balang = dibalang
ka- + arep = karep
ke- + ulu = kolu
kuma- + wani = kumawani
kapi- + lunyu = kapilunyu
tar- + tamtu = tartamtu
sa- + dina = sadina
pa- + weweh = paweweh
paN- + jaluk = panjaluk
pi- + weling = piweling
piN- + tuju = pinuju
pra- + wira = prawira
praN- + tata = pranata
pri- + angga = priangga
para- + murid = paramurid
pari- + wara = pariwara
mer- + gawe = mergawe

b.      Infiks:
-um + bagus = gumagus
-in + tuku = tinuku
-r- + cekot = crekot
-l- + awu = klawu
-in- + punjul = pinunjul
-um- + dugi = dumugi

c.       Sufiks:
-i + tandur = tanduri
-i + balang = balangi
-ake + nutug = nutugake
-a + mrene = mrenea
-ana + jupuk = jupukana
-na + dokok = dokokna
-an + gulung = gulungan
-en + jangan = janganen
dak-/ -ne + ijol = dak ijolne
dak-/ -ane = dak jupukane

d.      Konfiks:
pa-/ -an = paturon
paN-/ -an + gawe = panggawean
pi-/ -an + tulung = pitulungan
piN-/ -an + suwun = pinuwunan
pra-/ -an + tapa = pratapan
praN-/ -an + tata = pranatan
ka-/ -an + pinter = kapinteran
ke-/ -an + banjir = kebanjiran
ke-/ -en + lawas = kelawasen
sa-/ -e + bubar = sabubare

b)      Reduplikasi adalah proses morfologis yang mengulang bentuk dasar, baik secara keseluruhan, sebagian, maupun perubahan bunyi.
Contoh :
a.       Reduplikasi parsial (sebagian)
R + tuku = tetuku (dwipurwa)
R + lara = lelara (dwipurwa)
R + cekik = cekikik (dwiwasana)
R + ditukokake = ditukok-tukokake (dwimadya)
R + umbulake = diumbul-umbulake (dwi madya)

b.      Reduplikasi penuh
R + bocah = bocah-bocah
R + bapak = bapak-bapak
R + mati = mota-mati (salin swara)
R + mlaku = mloka-mlaku (salin swara)
R + mangan = mongan-mangan (salin swara)
R + turu = tura-turu (salin swara)

c)    Komposisi adalah proses penggabungan morfem dasar, baik yang bebas maupun terikat, sehingga terbentuk suatu konstruksi yang memiliki identitas leksikal yang berbeda atau baru.
Contoh:
a.       Komposisi sempurna
Nagasari
Semar mendem
Sapu tangan
Gantung siwur
Wong tuwa

b.      Komposisi tidak sempurna
Idu + abang = dubang
Balung + kulit = lunglit
Dhemen + anyar = dhemenyar
Abang + ijo = bangjo
Siji + loro = jiro
Bubar + siji = barji
Endhek + dhuwur = dhekwur
Gedhe + bagus = dhegus

d)     Modifikasi dibedakan menjadi 2, yaitu :
1)      Modifikasi kosong → proses morfologis dari sebuah fonem menjadi morfem lain tanpa mengubah unsur segmental.
Contoh :
·         Kiki tuku klambi → kategori nomina
Klambinan ndhisik nembe dolan → kategori verba
·         Siti nganggo sepatu → kategori nomina
Sepatunan ndhisik nembe mangkat sekolah → kategori verba
·         Siti tuku sapu → kategori nomina
Sapunen ndhisik latare! →kategori verba
·         Sari adol gorengan→ kategori nomina
Gorengen sik tempe kae! → kategori verba
·         Bapak nggawa pacul menyang sawah → kategori nomina
Paculen sik sawahe! → kategori verba
2)      Modifikasi internal → proses morfologis dengan mengubah atau menambah salah satu fonem.
Contoh:
Abang → abing
Abot → abut
Elek → elik
Ijo → iju
Akeh → akih

e)      Pemendekan adalah proses morfologis dengan cara menanggalkan atau memendekan bagian-bagian morfem atau menggabungkannya sehingga menjadi bentuk singkatan, tetapi maknanya sama dengan bentuk utuhnya.
-          Singkatan
TK = Taman Kanak-kanak
SD = Sekolah Dasar
SMP = Sekolah Menengah Pertama
SMA = Sekolah Menengah Atas
RA = Raden Ajeng
-          Akronim
Unnes = Universitas negeri Semarang
Puskesmas = Pusat kesehatan masyarakat
Posyandu = Pos pelayanan terpadu
Undip = Universitas Diponegoro
Unpad = Universitas Padjajarans
-          Kontraksi
Ra ruh = ora weruh
Ra ti = ora ngerti
Sendratari = seni drama dan tari
Rudal = peluru kendali
-          Aferesis
Jeng = ajeng
Teng = dhateng
Neng = ana ing
Sih = taksih

        D.    Kategori/ Kelas Kata
a.       Nomina (kata benda)
Contoh      : tas, meja, sepatu, klambi, buku, kursi, ilmu, dhuwit, pensil
b.      Verba (kata kerja)
Contoh      : nyapu, ngombe, lunga, mlaku, turu, teka, macul, sinau
c.       Adjektiva (kata sifat)
Contoh      : sregep, kesed, pinter, abot, panas, adhem, dawa, cilik, gedhe, dhuwur,
d.      Adverbia (kata keterangan)
Contoh      : rada, arep, paling, amarga, sawise, lagi, wis, lan, sarta
e.       Pronomina (kata pengganti)
Contoh      : aku, kula, kowe, dheweke, panjenenganipun, kita, sliramu, sira, sampeyan
f.       Numeralia (kata bilangan)
Contoh      : siji, loro, telu, kaping sanga, ping akeh, mapat, sija-siji
g.      Kata Tugas
Contoh      : dening, kanggo, ing kene, rikala, tinimbang, nalika, kanthi, karo
h.      Interjeksi
Contoh      : lho, lha, wah, oh, ah, hore, wadhuh, sokur, adhuh