Etika Jawa

Etika Jawa
A.    Etika Jawa
1.      Menggali Etika Jawa
Ada dua alasan mengapa suatu penelitian mengenai etika Jawa, yaitu:
a)      Zaman sekarang ini, khususnya masyarakat jawa, banyak yang merasa asing terhadap nilai-nilainya sendiri.
Misalnya : dalam pendidikan formal, tidak seluruhnya diberikan dalam bahasa Indonesia, melainkan ada unsur kebarat-baratannya. Semua mengacu pada dunia modern.
Masuknya kebudayaan barat, jika tidak disaring dengan benar-benar, maka kebudayaan Indonesia akan luntur  jika tidak dilestarikan.
b)      Alasan kedua lebih bersifat teoritis.
Etika falsafati saat ini hampir secara eksklusif dikembangkan pada latar belakang penghayatan moral di Eropa Utara. Bukankah perhatian terhadap suatu sistem etika dari alam kebudayaan yang berbeda akan membantu mempersoalkan pengandaian etnosentrisme implisit dalam etika modern ini?
2.      Siapa itu “Orang Jawa?
Orang jawa ialah orang yang berdomisili di Pulau Jawa, berbahasa Jawa, dan keturunan orang Jawa.
3.      Pengertian etika Jawa
Etika Jawa dalam arti sempit berarti filsafat mengenai  bidang moral.
Etika Jawa dalam arti luas berarti keseluruhan norma dan penilaian yang dipergunakan oleh masyarakat yang bersangkutan untuk mengetahui bagaimana manusia menjalankan kehidupannya.

B.     Kaidah Dasar Kehidupan Masyarakat Jawa
Menurut Hildred Geertz, ada dua kaidahh dasar kehidupan masyarakat Jawa, yaitu:
a.       Bahwa dalam setiap situasi manusia hendaknya bersifat sedemikian rupa sehingga tidak menimbulkan konflik. Kaidah ini disebut prinsip kerukunan.
b.      Menuntut manusia agar dalam bertutur kata dan membawa diri selalu menunjukkan sikap hormat kepada orang lain.

1)      Prinsip Kerukunan
a.       Rukun
Rukun berarti berada dalam keadaan selaras. Keadaan rukun terdapat dimana semua pihak berada dalam keadaan damai satu sama lain, suka bekerja sama, dan saling menerima.
b.      Berlaku rukun
Cara bertindak individu untuk menomerduakan kepentingan pribadi (mengutamakan kepentingan bersama).
c.       Rukun dan sikap hati
Prinsip kerukunan tidak menuntut sikap hati yang berlebihan. 
Jadi, prinsip kerukunan tidak berarti bahwa orang Jawa tidak mempunyai kepentingan-kepentingan pribadi, melainkan suatu mekanisme sosial untuk mengintegrasikan kepentingan-kepentingan itu demi kepentingan kelompok.

2)      Prinsip Hormat

Cara seseorang dalam bertutur kata dan membawa diri harus menunjukkan sikap hormat terhadap orang lain.

Karti basa


A. JINISING TEMBUNG
1.      Tembung Lingga
Miturut jinising tembung-tembung kabedakake dadi rong perangan, yakuwi tembung lingga (kata dasar) lan tembung kangwisowah saka linggane (kata jadian/bentukan). Tembung lingga yakuwi sakabehing tembung kang durung ngalami owah-owahan. Tuladhane: anak, jaran, rob, banjir, lsp.
Miturut para ahli basa, tembung lingga sinebut kata asal utzwz tembung kang durung ngalami owah-owahan, lan sabenere dumadi saka tembung sing luwih dhisik ana utawa tembung-tembung kang luwih tuwa. Tembung tembung kuwi diarani tembung wod (akar kata).
Tembung wod suk, nurunake tembung lingga: pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, dhesuk, isuk, lsp. Tembung wod pis, nurunake tembung lingga tipis, tapis, kempis, kempes, dhepis. Tembung wod lur, turunake tembung lingga dulur, ulur, sulur, pilur. Tembung wod wur, nurunake tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur lsp.   

2.      Tembung Owah
Tembung kang wis owah saka linggane kabedakake dadi telung perangan, yakuwi tembung andhahan, tembung kang dirangkep (kata ulang),lan tembung camboran  utawa wancahan (kata majemuk).
a.       Tembung Andhahan
Tegese tembung kang wis ngalami owah-owahan sarana antuk ater-ater, sesela, lan panambang.
b.      Tembung Rangkep
Tegese tembung sing dirangkep/ dibaleni/ kata ulang. Wujude ana telu :
a)      tembung dwilingga: dumadine sarana ngrangkep linggane
b)      tembung dwipurwa: tembung lingga kanthi ngrangkep wandane wiwitan. Tuladhane: lima dadi lilima (lelima), lara dadi lalara (lelara) lsp.
c)      tembung dwi wasana : tembung lingga kanthi ngrangkep wanda kang pungkasan/ purwa.
d)     Tuladhane: cekak dadi cekakak, cekik dadi cekikik lsp.
c.       Tembung Camboran
Tegese tembung kang dumadine saka pamoring tembung loro kang tegese digerba dadi siji. Tembung camboran ana loro:
a)      Camboran tugel: dubang (idu ababg), lunglit (balung kulit), dokkur (ndhodhok mungkur) , dhegus (gedhe bagus) lsp.
b)      Camboran wutuh, ana loro:
1)      camboran tunggal tegse tembung kang diamor nduweni teges anyar.
Tuladha: naga lan sari dadi nagasari, gantung lan siwur dadi gantung siwur lsp.
2)      camboran udhar: tembung-tembunge isih madeg dhewe-dhewelan tegese durung luluh. Tuladhane: pager wesi, tukang sepatu, gula tebu, lsp.

B. PEPRINCENING JINISING TEMBUNG
Golongan tembung, yakuwi:

1.      Tembung Kriya
Kang sinebut tembung kriya yakuwi sakabehing tembung kang nyatakake solah bawa, tindak-tanduk utawa tumandang gawe. Ana sajroning ukara, tembung kriya biyasane nduweni fungsi wasesa.
Tuladha: Nurahma nangisDika tiba.
Nugraha : jejer,
Nangis : wasesa
Dika : jejer
Tiba : wasesa
Tembung nangis, tiba kuwi wasesa lan yen ditilik saka jinising tembung kalebu tembung kriya. Sanadyan amung kedadeyang saka jejer lan wasesa ukara ing ndhuwur kalebu ukara singwis komplit.
Dene tembung kriya sing isih mbutuhake tembung liyane amrih sampurnane diarani tembung kriya mawa lesan (kata kerja berobjek/transitif). Tuladhane tembung kriya sing kaya mangkono yakuwi: nabrak, nabok, menthung, adol, nyiram, ngetung, nagih, nuthuk, lsp.
Sawalike tembung nangis, ora perlu utawa ora mbutuhake tembung liyane.

2.      Tembung Aran
Nama sakabehing barang utawa apa wae kang dianggep barang diarani tembung aran. Miturut kalungguhaning tembung ana sajroning ukara tembung aran bisa kalebokake ana ing jejer utawa lesan. Tuladhane ing ngisor iki.
Adhiku nendhang bal
   J             W       J
Tembung adhiku lan bal, diarani tembung aran.
Tembung aran kaperang dadi rong golongan, yakuwi:
1)      tembung aran kang maujud (kasad mata)
2)      tembung aran kang ora maujud (ora kasad mata): kasugihan, kapinteran, kaluwihan, lsp.
ü  Pandhapuking tembung aran kaperanga dadi loro.
1)      tembung lingga
2)      tembung andhahan
ü  Dene tembung andhahan kang kalebu tembung aran kadedayan kanthi cara-cara ing ngisor iki.
a)      Rimbag lingga andhahan, kanthi cara menehi ater-ater: sa-, pa- pi-, pra-, ka-.
b)      Kadhapuk kriya wacaka, wujude pe-tanduk
c)      Kadhapuk rimbag wisesana, wujude (- + -an)
d)     Kadhapuk rimbag dayawacaka, wujude (pa- + tanduk + -an)
e)      Kadhapuk bawa wacaka, wujude (ka- + lingga+ -an)
f)       Kadhapuk panambang –wan,-man, -wati.
g)      Kadhapuk panambang –ku, -mu,-e
h)      Kadhapuk kanthi cara rimbag rangkep
i)        Kadhapuk dadi camboran lan wancahan
j)        Tembung kaanan
Sakabehing tembung kang nyatakake kepriye kaanan/ sipat maneka warna bab. Tuladha: kembang abang, omahe gedhe, bocah nakal, lsp. Tembung-tembung kang kalebu kaanan iki nduuweni owah-owahan tertemtu. Ing ngisor iki owah-owahaning tembung kaanan (ana kalane tembung tertemtu kalebu tembung kaanan ana kalane ora kalebu tembung kaanan)
i.         kalebu tembung kaanan/ sipat
Tembung iki tetep digolongake tembung aran menawa papan panggonane ana samburine tembung aran. Tuladhane:
Budi angkara, watak sembrana, ula mandi, lsp.
ii.       kalebu wasesa
Upamane: Omahe Sariman gedhe, klambiku suwek, Anake Pak Suta lara. Gedhe, suwek, lara kalungguhane ana sajroning ukara  minangka wasesa, dene jinis tembunge minangka kriya silihan.
iii.     kalebu katrangan, jinis tembunge diarani tembung katrangan.
Upamane: sariman mlaku alon-alon. Manuk mabur dhuwur.
Tembung alon-alon lan dhuwur nerangake wasesa, mulane kalebu katrangan. Dene jinis tembunge diarani tembung katrangan.
iv.     kalebu tembung aran
o   diwenehi panambang –e
gedhe dadi gedhene
lega dadi legane
o   diwenehi tembung panggandheng (kata depan): kang/ sing.
Sing cilik lungguh ngarep, sing gedhe lungguh mburi.
Kang lena bakal ketiwasan.
o   menawa nduweni kaanan/ sipating manungsa biyasane dadi sesulihe jenenge manungsa kuwi kanthi carra diwenehii tembung si.
Kaya si cebol nggayuh lintang.
o   diwenehi tembung Panggandheng/kata depan ana sangarepe.
Kanthi lega legawaning ati.

3.      Tembung Katrangan
Gatekna ukara ing ngisor iki!
1)      Adhiku mangan themal-themil.
2)      Sarjono nangis senthuk-senthuk/ ndrenginging.
3)      Maling kuwi mlayu nggendring,
Tembung themal-themil, senthuk-senthuk/ drenginging, nggendring, kuwi nyebutake cara-carane mangan, nangis, lan mlayu. Tembung-tembung kang nerangake wasesa utawa nerangake babagan liya kajaba tembung aran  kuwi diarani tembung katrangan.  Dene tembung kang nerangake tembung aran diarani tembung kaanan. Tembung katrangan sing kulina dianggo yakuwi:
1)      tembung katrangan wektu/titi mangsa
2)      tembung katrangan papan panggonan
3)      tembung katrangan sing nyethakake dadi lan orane pakaryan
4)      tembung katrangan kang nyethakake kahanan pakaryan.
Miturut wujude tembung ana kang arupa tembung lingga lan ana kang arupa tembung andhahan. Kang arupa tembung andhahan yakuwi:
1)      Diwenehi panambang –e: prayogane, maune, lumrahe, wangune, lsp.
2)      linggane dibaleni: ujug-ujug, durung-durung, suwe-suwe, kira-kira, lsp.
3)      Diwenehi ater-ater sa-/se- :  sakawit, sakala, sajeg jumbleg, lsp.
4)      Diwenehi ater-ater sa- lan panambang –e: sabisa-bisane, sakuwat-kuwate, sagedhe-gedhene, lsp.

4.      Tembung Sesulih
Tembung kang dianggo nggenteni jeneng barang utawa manungsa, lan tembung kang nuduhake panggonan barang utawa manungsa diarani tembung sesulih/kata ganti. Peprincening tembung sesulih:
1)      Tembung sesulih kang mratelakake wong (kata ganti orang);
Tembung sesulih kang mratelakake wong iki kaperang dadi papat:
Ø  Tembung sesulih utama purusa (aku, kula, ingsun)
Ø  Tembung sesulih madyama purusa (panjenengan, ndika, kowe, sampeyan)
Ø  Tembung sesulih pratama purusa (dheweke, Man jae/jeneng wong)
Ø  Tembung milik (omahe, omahmu, omahku)
2)      Tembung sesulih kang mratelakake dununging barang/wong (kata ganti tunjuk);
3)      Tembung sesulih kang dadi tembung panggandheng (kata ganti hubung);
4)      Tembung sesulih minangka pitakon (kata ganti tanya);
5)      Tembung sesulih barang kang ora nggenah (kata ganti tak tentu);

v  Ing ngisor iki bab-bab kang magepokan klawan tembung sesulih.
1.      Tembung sesulih yen nerangake babagan barang dununge ana samburine barang kang diterangakke.
Tuladha: bocah iki, omah kae, dhusun sampeyan.
2.      Ana sajroning ukara tembung sesulih bisa nduweni kalungguhan minangka jejer, wasesa, lesan, lsp.
o   Jejer: Iki durung disarujuki dening para warga. (komplite: Prakara iki).
o   Wasesa: Bocah kang koktakok-takokae dhek wingi iku kae ta?
o   Lesan: Tekan seprene aku durung ngreti kuwi (komplite bab kuwi).

5.      Tembung Wilangan
Tembung wilangan kabedakake telung perangan, yakuwi:
1)      Tembung wilangan kang nyatakake gunggung (jumlah);
Tuladha:
Beras telung goni kae timbangen!
2)      Tembung wilangan kang nyatakake undha-usuk/ tingkatan.
Tuladha:
Anakku sing nomer loro aran Giselia.
3)      Tembung wilangan durung genah (ora ngerti gunggunge)
Tuladha:
Aku mung nampabathi sethithik.

6.      Tembung Panggandheng
Sakabehing tembung kang nggathukake tembung siji lan sijine diarani tembung panggandheng/tembung lantaran. Ana sajroning Basa Jawa wujuding tembung panggandheng yakuwi:
Ing             : Aku wis telung tahun manggon ing kutha.
Menyang   : Sore mau, kowe menyang ngendi?
Saka          : Bengi-bengi ngene iki kowe saka ngendi?

7.      Tembung Panyambung
Sakabehing tembung kang bisa nyambung utawa nggathukake antaraning tembung siji lan sijine. Miturut wujude tembung panyambung kaperang dadi loro:
1)      tembung panyambung kang isih lingga : lan, saha, tuuwin, sebab, lsp.
2)      tembung panyambung kang awujud andhahan: luwih-luwih, apa maneh.

8.      Tembung Panyeru
Tembung panyeru diarani uga tembang sabawa.
1)      Lho, digunakake ana sajroning ukara sing beda karo kanyatan 
(Lho, kok ngono, mbok ngene)
2)      Lha, digunakake ana sajroning ukara kang pas/cocok karo kang dikarepake 
(Lha, ngono kuwi aja kaya mau)
3)      Eman,  kanggo ukara kang nggelakake
(Eman, bocah bagus kok patrape kaya ngono!)

Awas Ana Sule



Awas Ana Sule
Dening: Indriana Puspitasari
‘Anakku Aziz lan Nunung kang taktresnani. Kanggo ngresiki dosa-dosamu, montor kang ana ing omahmu kuwi wenehna marang Sule. Sesuk yen kowe wis resik saka dosa, montormu bakal takganti dadi Ferrari. Kuwi salah sawijine sarat sing kudu mbok lakoni, Anakku.’
“Kuwi mau What’s App saka Eyang Uchiha Sasubur, Mbak. Sampeyan bisa maca dhewe. Ya kuwi mau sarat sing kudu dilakoni supaya awakmu resik saka dosa”, mangkono kandhane Sule marang Nunung.
Wong kang wis diincer Sule lan dadi makmume Eyang Sasubur, mesthi padha wedi marang Eyang kuwi. Eyang Sasubur kuwi wong pinter sing diciptakake Sule lantaran imajinasine kang kadhuwuren. Sule nggambarake Eyang kuwi wong sing pinter babagan agama lan duwe indera keenem. Eyang kuwi uga bisa nggawe wuta wong sing ora percaya anane dheweke. Nanging kuwi mau rak “jarene” Sule. Yen kasunyatane, ya namung Gusti, Eyang Uchiha Sasubur, lan Sule sing ngerti.
“Iya, Sul. Aku eling yen aku karo bojoku wis dadi makmume Eyang Sasubur. Aku pokoke manut wae karo apa sing dingendikakake Eyang. Nanging rak tenan ta yen aku manut dosaku mesthi bisa luntur?” pitakone Nunung.
“Lha sampeyan kok ora percaya karo awakku ta, Mbak. Aku iki rak wis tau ngabuktekake karo sampeyan tuladha wong-wong kang ora percaya anane Eyang Sasubur. Aku dhewe ya tau ngalami kedadeyan sing ora wajar lho, Mbak. Aku biyen tau ora nggagas apa sing diprentah karo panjenengane. Lhah, ujug-ujug aku ora kelingan apa-apa babar blas kajaba sholat limang wektu. Aku kaya ngono kuwi setaun suwene”, omonge Sule goroh.
            “Ha????? Ciuzzz?” pitakone Nunung alay.
“Em to the ber, emberrr. Tenanan aku, Mbak. Ora goroh. Mulane aku iki ngelingake sampeyan supaya ora ngalami kadadeyan sing padha karo aku”, kandhane Sule.
“Gusti Allah. Aku wedi tenan, Sul. Wis iki gawanen bali sisan montorku. Aku wegah kena karma kaya kowe”, wangsulane Nunung tanpa mikir dawa.
Awan kuwi uga montore Nunung banjur ngglundhung menyang omahe Sule. Sule ngguya-ngguyu amarga Nunung gampang banget diapusi. Ing kampunge, Sule ngomong yen kuwi montore dheweke.
“E, wara-wara, iki montorku sing anyar. Ing kampung iki ya mung aku sing duwe montor kaya ngene. Haha...”, wara-warane Sule.
            “?????!!!!!!” tanggepane warga.
Pancen sing jenenge Sule kuwi ora isinan. Embuh ora isinan opo pancen ora duwe isin. Minggu ngarepe, Sule mara omahe Nunung maneh. Dheweke arep nuduhake BBM sing jarene saka Eyang Sasubur.
            “Mbak, aku bar entuk BBM saka Eyang Sasubur. Mangga dipirsani.”
‘Anakku Aziz lan Nunung, Eyang lagi nampa coban saka Gusti. Eyang butuh dhuwit kanggo yu’kul (mangan sadina-dina). Anakku Aziz lan Nunung, tulung dhuwit sing kanggo Eyang titipna karo Sule. Mengko ben Sule langsung sing ngaturake marang Eyang.’
            “ Takngomong nanging aja dadi atimu ya, Sul.”
            “Iya, Mbak. Sule iki ora cilik aten. Ana apa?”
“Aku iki wis bola-bali entuk BBM saka Eyang Sasubur, bola-bali dijaluki dhuwit, nanging aku iki kok durung tau ketemu ki lho. Weruh irunge wae aku durung tau.”
“Walah, babagan kuwi sampeyan tenang wae, Mbak. Woles. Kuwi kabeh wis diatur karo Eyang. Sesuk yen aku wis nampa amanah saka Eyang, sampeyan mesthi bisa ketemu karo panjenengane.”
            “Kabeh kok nunggu amanah.”
“Eee.. Lha sampeyan kok kemajuan? Wis wani ngelawan? Wis ora wedi ta, Mbak? Apa kudu takcritakake tuladha-tuladha liya sing nuduhake kakuwatane Eyang Uchiha Sasubur?”
“Ora, Sul, ngapurane. Aku khilaf. Aku wis keweden. Ngene, Sul, yen saiki aku durung duwe dhuwit. Mengko sore takjaluk bojoku dhisik.”
“Ya, Mbak. Nanging aja nganti ora mbok lakoni. Aku wegah melu-melu yen sampeyan kena karma saka Eyang.”
            “Iya, Sul.”
Sule, Sule. Wong iki pancen ora ana tobate. Apa merga dosa kuwi ora ketok? Yen ketok  lan ngoyak dheweke, mesthi dheweke gelem tobat. Sule seneng dolanan ngelmu gaib. Dheweke bisa nguwasani pikirane lan ndadekake wong kuwi nuruti apa kang dipengini dheweke. Kayata Nunung mau, dheweke uga disetir pikirane. Nunung bisa ngerasa yen ana sing ora bener karo Sule. Nanging dheweke ora bisa nglawan.
            “Pi, Eyang Uchiha Sasubur njaluk dhuwit kanggo yu’kul.”
            “Maneh, Mi? Owalah, tukang palak wong kae”, tembunge Aziz karo muring.
“Huss, aja ngono njenengan ki. Aku wedi, Pi, mengko yen kena karma.”
“Ya mengko takwenehi. Nanging langsung wae ketemu karo Eyang Sasubur”, Aziz nyoba sabar.
            “Durung bisa, Pi. Jarene durung nampa amanah saka Eyang.”
            “Ah ya wis sakarepmu. Aku kesel”, kandhane Aziz jengkel.
Aziz saya suwe ngrasa yen ana sing ora beres karo Sule. Dheweke banjur nggoleki omahe Sule. Nalika tekan omahe Sule, Aziz kaget. Kahanan omahe Sule beda adoh karo sing dibayangake. Omahe isih papan gedhek. Beda banget karo sing dicritakake dening Sule saben dinane. Pancen Sule kuwi senenge nggawe ana samubarang sing sabenere ora ana. Ngaku-ngaku sugih, duwe montor, duwe pagaweyan sing apik, nanging kabeh ora ana sing nyata.
            “Assalamualaikum, Sule.”
“Waalaikum...sa....lam”, Sule mlongo namatke Aziz sing wis ngadeg ing ngarep lawang omahe.
Sule sing biasane dandan mlipit, kemeja rapi, sepatu kinclong, saiki kaosan oblong gluput, sandal jepit ditaleni rafia, karo nyangga piring isine sega lan gereh.
            “Entuk aku mlebu, Sul?” pitakone Aziz kalem.
Sule namung manthuk. Dheweke kaget, bingung Aziz bisa ngerti omahe. Nanging, Sule kang ora duwe isin kuwi milih arep tetep nggaya kaya biasane.
“Lho, sampeyan kok tekan kene, Mas? Kok ora kabar-kabar yen arep dolan omahku. Yen ngono rak bisa takwenehi alamat omahku sing sabenere”, kandhane Sule lancar.
Salah sawijine kaluwihane Sule yaiku dheweke pinter muter walik kahanan. Dheweke pinter ngomong lan golek alesan. Mula ora gumun yen dheweke ora bingung amarga konangan.
“Alamat sing sabenere piye ta, Sul? Rak ya bener ta yen iki omahmu?” Aziz genti bingung.
“Owalah, Mas Aziz. Aku kan wis crita karo sampeyan apa pagaweyanku, piye omahku. Yen kahanane kaya ngene iki apa ya padha karo sing takcritakake?” Sule saya jero sing ngapusi.
            “Lhah, terus iki omahe sapa?” Aziz kepo.
            “Iki ya omahku, nanging mung kanggo duwe-duwe ngene iki, Mas.”
“Klambimu kadingaren gluput kaya ngono, Sul? Gelem mangan karo gereh ngono tok.  Kemajuan apa kemunduran kuwi”, Aziz nyindhir alus.
“ Iki mau aku bar resik-resik omah. Mesthine ya gluput, Mas. Bubar resik-resik mburi kok ujug-ujug pengin mangan karo gereh. Jeleh mangan saben dina karo iwak pitik”, Sule ngomong tanpa rasa rikuh.
Molak-malik kahanan kuwi pancen kasenengane Sule. Imajinasine Sule bisa tekan ngendi-ngendi. Nyatane omongane dheweke sing kaya ngono bisa nggawe percayane Aziz.
“Owalah, kok ora kongkonan wong wae, Sul? Wong dhuwitmu ya akeh”, pitakone Aziz.
“Wong awakku isih kuwat kok, Mas. Ya mendhing taktandangi dhewe”, sumaure Sule.
“Pancen sregep kowe ki. Ngene, Sul, aku rene arep ana perlune”, Aziz miwiti omongan sing dadi tujuan utamane.
            “Ana apa, Mas? Kok sajake penting.”
“Wingi bojoku njaluk dhuwit karo aku. Jarene kanggo Eyang. Bola-bali aku dijaluki. Wis suwe aku lan bojoku dadi makmume Eyang, nanging durung tau sowan menyang daleme. Lha, aku pengin ketemu karo Eyang Sasubur, Sul”, panjaluke Aziz.
“Ngene, Mas, wingi aku ya wis ngomong karo Mbak Nunung. Yen aku ngono pengine bisa padha ketemu karo Eyang Sasubur. Nanging kepriye maneh, aku durung entuk amanah saka Eyang. Nanging sampeyan ora usah kuwatir, Mas. Aku iki lho, Sule Markiti sing wis ngabuktekake dhewe kakuwatane Eyang Uchiha Sasubur”, wangsulane Sule.
“Ah, aku kok kadhang ora percaya yen kowe tau entuk karma saka Eyang Sasubur. Goroh ya kowe?” pitakone Aziz.
“Lho, kok ora percaya ta sampeyan ki? Tenanan aku. Nyatane, bubar kuwi aku nurut karo Eyang, nganti saiki aku sehat ora tau lara apa-apa. Apa maneh lara, wong dhuwit wae aku ora tau kurang-kurang”, Sule goroh. “Yen aku nganti ngapusi, aku bakal ngrasakake sing jenenge lara maneh. Aku nganti lali kepriye rasane. Haha...”, kandhane Sule nantang.
“Huss, kowe kuwi kok sajake nantang Sing Kuwasa. Kualat kowe mengko”, Aziz ngelingake.
Aziz wedi karo omongane Sule sing nantang Gusti mau. Dheweke banjur pamitan bali, murungake anggone arep muring-muring karo Sule.
Gusti Allah boten sare. Omongane Sule kadadeyan tenan. Mak greg, Sule ora bisa apa-apa. Saben dinane namung kethap-kethip ing dhuwur kasur ditunggoni karo bojone.
Sore kuwi udan riwis-riwis. Aziz lan Nunung kang krungu kabar yen Sule kaya mangkono langsung mara menyang omahe Sule. Aziz lan Nunung ngerti yen sabenere Sule nggorohi dheweke. Aziz kuwi wong sing atine jembar. Dheweke ora angel menehi ngapura marang wong. Aziz uga sing ngadhem-ngadhem Nunung supaya ora nesu karo Sule.
            “Assalamualaikum”, Aziz lan Nunung mlebu.
            “Waalaikumsalam. Sinten nggih?” bojone Sule sumaur.
            “Kula Aziz, Mbak. Menika garwa kula, Nunung. Kula kancanipun Sule.”
“Owalah, mangga pinarak rumiyin, Mas. Kula damelaken unjukan”, kandhane bojone Sule banjur menyat menyang pawon.
            “Piye kok bisa kaya ngene, Sul?” pitakone Nunung.
Sule ora bisa sumaur. Luh metu saka matane. Sule katon krasa akeh salah karo Aziz lan Nunung.
“Sing wis ya ben wis. Ora usah dipikir. Nanging aku njaluk, aja nganti kuwi mbok baleni maneh. Mesakna wong liya sing mbok gorohi”, kandhane Aziz krasa melas namatke kahanane Sule.
            “Mangga dipununjuk”, kandhane bojone Sule sayuk.
            “Inggih, Mbak.”
“Menapa Mas Sule kagungan luput kaliyan panjenengan, Mas, Mbak? Menawi inggih, kula nyuwunaken agunging pangaputen”, kandhane bojone Sule karo nangis.
“Ingkang sampun keliwat boten usah dipikir, Mbak. Kula kaliyan garwa sampun boten mikir menika malih. Mugi-mugi Sule enggal mantun”, kandhane Aziz.
            “Matur nuwun sanget, Mas, Mbak. Gusti ingkang bakal males.”
Wis rong taun Sule nandang lara kaya mangkono. Saya suwe ana bedane. Dheweke wis mulai bisa ngobahake awake.  Nanging mbesuk yen wis mari, dheweke bakal tobat utawa ora, ora ana sing ngerti kajaba Gusti.