Awas Ana Sule
Dening: Indriana Puspitasari
‘Anakku Aziz lan Nunung kang taktresnani.
Kanggo ngresiki dosa-dosamu, montor kang ana ing omahmu kuwi wenehna marang Sule.
Sesuk yen kowe wis resik saka dosa, montormu bakal takganti dadi Ferrari. Kuwi
salah sawijine sarat sing kudu mbok lakoni, Anakku.’
“Kuwi mau What’s App saka Eyang Uchiha
Sasubur, Mbak. Sampeyan bisa maca dhewe. Ya kuwi mau sarat sing kudu dilakoni
supaya awakmu resik saka dosa”, mangkono kandhane Sule marang Nunung.
Wong kang wis diincer Sule lan dadi makmume Eyang
Sasubur, mesthi padha wedi marang Eyang kuwi. Eyang Sasubur kuwi wong pinter sing
diciptakake Sule lantaran imajinasine kang kadhuwuren. Sule nggambarake Eyang
kuwi wong sing pinter babagan agama lan duwe indera keenem. Eyang kuwi uga bisa
nggawe wuta wong sing ora percaya anane dheweke. Nanging kuwi mau rak “jarene” Sule.
Yen kasunyatane, ya namung Gusti, Eyang Uchiha Sasubur, lan Sule sing ngerti.
“Iya, Sul. Aku eling yen aku karo bojoku
wis dadi makmume Eyang Sasubur. Aku pokoke manut wae karo apa sing dingendikakake
Eyang. Nanging rak tenan ta yen aku manut dosaku mesthi bisa luntur?” pitakone Nunung.
“Lha sampeyan kok ora percaya karo
awakku ta, Mbak. Aku iki rak wis tau ngabuktekake karo sampeyan tuladha wong-wong
kang ora percaya anane Eyang Sasubur. Aku dhewe ya tau ngalami kedadeyan sing
ora wajar lho, Mbak. Aku biyen tau ora nggagas apa sing diprentah karo
panjenengane. Lhah, ujug-ujug aku ora kelingan apa-apa babar blas kajaba sholat
limang wektu. Aku kaya ngono kuwi setaun suwene”, omonge Sule goroh.
“Ha?????
Ciuzzz?” pitakone Nunung alay.
“Em to the ber, emberrr. Tenanan aku,
Mbak. Ora goroh. Mulane aku iki ngelingake sampeyan supaya ora ngalami
kadadeyan sing padha karo aku”, kandhane Sule.
“Gusti Allah. Aku wedi tenan, Sul. Wis
iki gawanen bali sisan montorku. Aku wegah kena karma kaya kowe”, wangsulane Nunung
tanpa mikir dawa.
Awan kuwi uga montore Nunung banjur ngglundhung
menyang omahe Sule. Sule ngguya-ngguyu amarga Nunung gampang banget diapusi.
Ing kampunge, Sule ngomong yen kuwi montore dheweke.
“E, wara-wara, iki montorku sing anyar.
Ing kampung iki ya mung aku sing duwe montor kaya ngene. Haha...”, wara-warane Sule.
“?????!!!!!!”
tanggepane warga.
Pancen sing jenenge Sule kuwi ora isinan. Embuh ora
isinan opo pancen ora duwe isin. Minggu ngarepe, Sule mara omahe Nunung maneh.
Dheweke arep nuduhake BBM sing jarene saka Eyang Sasubur.
“Mbak,
aku bar entuk BBM saka Eyang Sasubur. Mangga dipirsani.”
‘Anakku Aziz lan Nunung, Eyang lagi
nampa coban saka Gusti. Eyang butuh dhuwit kanggo yu’kul (mangan sadina-dina). Anakku Aziz lan Nunung, tulung dhuwit
sing kanggo Eyang titipna karo Sule. Mengko ben Sule langsung sing ngaturake
marang Eyang.’
“
Takngomong nanging aja dadi atimu ya, Sul.”
“Iya,
Mbak. Sule iki ora cilik aten. Ana apa?”
“Aku iki wis bola-bali entuk BBM saka
Eyang Sasubur, bola-bali dijaluki dhuwit, nanging aku iki kok durung tau ketemu
ki lho. Weruh irunge wae aku durung tau.”
“Walah, babagan kuwi sampeyan tenang
wae, Mbak. Woles. Kuwi kabeh wis
diatur karo Eyang. Sesuk yen aku wis nampa amanah saka Eyang, sampeyan mesthi
bisa ketemu karo panjenengane.”
“Kabeh
kok nunggu amanah.”
“Eee.. Lha sampeyan kok kemajuan? Wis
wani ngelawan? Wis ora wedi ta, Mbak? Apa kudu takcritakake tuladha-tuladha
liya sing nuduhake kakuwatane Eyang Uchiha Sasubur?”
“Ora, Sul, ngapurane. Aku khilaf. Aku
wis keweden. Ngene, Sul, yen saiki aku durung duwe dhuwit. Mengko sore takjaluk
bojoku dhisik.”
“Ya, Mbak. Nanging aja nganti ora mbok lakoni.
Aku wegah melu-melu yen sampeyan kena karma saka Eyang.”
“Iya,
Sul.”
Sule, Sule. Wong iki pancen ora ana tobate. Apa
merga dosa kuwi ora ketok? Yen ketok lan
ngoyak dheweke, mesthi dheweke gelem tobat. Sule seneng dolanan ngelmu gaib.
Dheweke bisa nguwasani pikirane lan ndadekake wong kuwi nuruti apa kang
dipengini dheweke. Kayata Nunung mau, dheweke uga disetir pikirane. Nunung bisa
ngerasa yen ana sing ora bener karo Sule. Nanging dheweke ora bisa nglawan.
“Pi,
Eyang Uchiha Sasubur njaluk dhuwit kanggo yu’kul.”
“Maneh,
Mi? Owalah, tukang palak wong kae”, tembunge Aziz karo muring.
“Huss, aja ngono njenengan ki. Aku wedi,
Pi, mengko yen kena karma.”
“Ya mengko takwenehi. Nanging langsung
wae ketemu karo Eyang Sasubur”, Aziz nyoba sabar.
“Durung
bisa, Pi. Jarene durung nampa amanah saka Eyang.”
“Ah
ya wis sakarepmu. Aku kesel”, kandhane Aziz jengkel.
Aziz saya suwe ngrasa yen ana sing ora beres karo
Sule. Dheweke banjur nggoleki omahe Sule. Nalika tekan omahe Sule, Aziz kaget.
Kahanan omahe Sule beda adoh karo sing dibayangake. Omahe isih papan gedhek. Beda
banget karo sing dicritakake dening Sule saben dinane. Pancen Sule kuwi senenge
nggawe ana samubarang sing sabenere ora ana. Ngaku-ngaku sugih, duwe montor,
duwe pagaweyan sing apik, nanging kabeh ora ana sing nyata.
“Assalamualaikum,
Sule.”
“Waalaikum...sa....lam”, Sule mlongo
namatke Aziz sing wis ngadeg ing ngarep lawang omahe.
Sule sing biasane dandan mlipit, kemeja rapi, sepatu
kinclong, saiki kaosan oblong gluput, sandal jepit ditaleni rafia, karo nyangga
piring isine sega lan gereh.
“Entuk
aku mlebu, Sul?” pitakone Aziz kalem.
Sule namung manthuk. Dheweke kaget, bingung Aziz
bisa ngerti omahe. Nanging, Sule kang ora duwe isin kuwi milih arep tetep
nggaya kaya biasane.
“Lho, sampeyan kok tekan kene, Mas? Kok
ora kabar-kabar yen arep dolan omahku. Yen ngono rak bisa takwenehi alamat
omahku sing sabenere”, kandhane Sule lancar.
Salah sawijine kaluwihane Sule yaiku dheweke pinter
muter walik kahanan. Dheweke pinter ngomong lan golek alesan. Mula ora gumun
yen dheweke ora bingung amarga konangan.
“Alamat sing sabenere piye ta, Sul? Rak
ya bener ta yen iki omahmu?” Aziz genti bingung.
“Owalah, Mas Aziz. Aku kan wis crita karo
sampeyan apa pagaweyanku, piye omahku. Yen kahanane kaya ngene iki apa ya padha
karo sing takcritakake?” Sule saya jero sing ngapusi.
“Lhah,
terus iki omahe sapa?” Aziz kepo.
“Iki
ya omahku, nanging mung kanggo duwe-duwe ngene iki, Mas.”
“Klambimu kadingaren gluput kaya ngono,
Sul? Gelem mangan karo gereh ngono tok. Kemajuan apa kemunduran kuwi”, Aziz nyindhir alus.
“ Iki mau aku bar resik-resik omah.
Mesthine ya gluput, Mas. Bubar resik-resik mburi kok ujug-ujug pengin mangan
karo gereh. Jeleh mangan saben dina karo iwak pitik”, Sule ngomong tanpa rasa rikuh.
Molak-malik kahanan kuwi pancen kasenengane Sule. Imajinasine
Sule bisa tekan ngendi-ngendi. Nyatane omongane dheweke sing kaya ngono bisa
nggawe percayane Aziz.
“Owalah, kok ora kongkonan wong wae,
Sul? Wong dhuwitmu ya akeh”, pitakone Aziz.
“Wong awakku isih kuwat kok, Mas. Ya
mendhing taktandangi dhewe”, sumaure Sule.
“Pancen sregep kowe ki. Ngene, Sul, aku
rene arep ana perlune”, Aziz miwiti omongan sing dadi tujuan utamane.
“Ana
apa, Mas? Kok sajake penting.”
“Wingi bojoku njaluk dhuwit karo aku. Jarene
kanggo Eyang. Bola-bali aku dijaluki. Wis suwe aku lan bojoku dadi makmume
Eyang, nanging durung tau sowan menyang daleme. Lha, aku pengin ketemu karo
Eyang Sasubur, Sul”, panjaluke Aziz.
“Ngene, Mas, wingi aku ya wis ngomong
karo Mbak Nunung. Yen aku ngono pengine bisa padha ketemu karo Eyang Sasubur.
Nanging kepriye maneh, aku durung entuk amanah saka Eyang. Nanging sampeyan ora
usah kuwatir, Mas. Aku iki lho, Sule Markiti sing wis ngabuktekake dhewe kakuwatane
Eyang Uchiha Sasubur”, wangsulane Sule.
“Ah, aku kok kadhang ora percaya yen
kowe tau entuk karma saka Eyang Sasubur. Goroh ya kowe?” pitakone Aziz.
“Lho, kok ora percaya ta sampeyan ki?
Tenanan aku. Nyatane, bubar kuwi aku nurut karo Eyang, nganti saiki aku sehat
ora tau lara apa-apa. Apa maneh lara, wong dhuwit wae aku ora tau kurang-kurang”,
Sule goroh. “Yen aku nganti ngapusi, aku bakal ngrasakake sing jenenge lara
maneh. Aku nganti lali kepriye rasane. Haha...”, kandhane Sule nantang.
“Huss, kowe kuwi kok sajake nantang Sing
Kuwasa. Kualat kowe mengko”, Aziz ngelingake.
Aziz wedi karo omongane Sule sing nantang Gusti mau.
Dheweke banjur pamitan bali, murungake anggone arep muring-muring karo Sule.
Gusti Allah boten sare. Omongane Sule kadadeyan
tenan. Mak greg, Sule ora bisa apa-apa. Saben dinane namung kethap-kethip ing
dhuwur kasur ditunggoni karo bojone.
Sore kuwi udan riwis-riwis. Aziz lan Nunung kang
krungu kabar yen Sule kaya mangkono langsung mara menyang omahe Sule. Aziz lan
Nunung ngerti yen sabenere Sule nggorohi dheweke. Aziz kuwi wong sing atine
jembar. Dheweke ora angel menehi ngapura marang wong. Aziz uga sing
ngadhem-ngadhem Nunung supaya ora nesu karo Sule.
“Assalamualaikum”,
Aziz lan Nunung mlebu.
“Waalaikumsalam.
Sinten nggih?” bojone Sule sumaur.
“Kula
Aziz, Mbak. Menika garwa kula, Nunung. Kula kancanipun Sule.”
“Owalah, mangga pinarak rumiyin, Mas.
Kula damelaken unjukan”, kandhane bojone Sule banjur menyat menyang pawon.
“Piye
kok bisa kaya ngene, Sul?” pitakone Nunung.
Sule ora bisa sumaur. Luh metu saka matane. Sule katon
krasa akeh salah karo Aziz lan Nunung.
“Sing wis ya ben wis. Ora usah dipikir.
Nanging aku njaluk, aja nganti kuwi mbok baleni maneh. Mesakna wong liya sing
mbok gorohi”, kandhane Aziz krasa melas namatke kahanane Sule.
“Mangga
dipununjuk”, kandhane bojone Sule sayuk.
“Inggih,
Mbak.”
“Menapa Mas Sule kagungan luput kaliyan
panjenengan, Mas, Mbak? Menawi inggih, kula nyuwunaken agunging pangaputen”,
kandhane bojone Sule karo nangis.
“Ingkang sampun keliwat boten usah
dipikir, Mbak. Kula kaliyan garwa sampun boten mikir menika malih. Mugi-mugi
Sule enggal mantun”, kandhane Aziz.
“Matur
nuwun sanget, Mas, Mbak. Gusti ingkang bakal males.”
Wis rong taun Sule nandang lara kaya mangkono. Saya
suwe ana bedane. Dheweke wis mulai bisa ngobahake awake. Nanging mbesuk yen wis mari, dheweke bakal
tobat utawa ora, ora ana sing ngerti kajaba Gusti.
0 komentar:
Posting Komentar