TEMBANG MACAPAT
Tembang Jawa iku ana 3 warna, yaiku :
A. Tembang Gedhe
B. Tembang Tengahan
C. Tembang Macapat
TEMBANG GEDHE
A. Tembang gedhe
Tembang gedhe ing zaman saiki iku satemene niru
tembang gedhe kuna kang aran kakawin, yaiku kang kaiket wewaton :
- Guru wilangan,
- Guru lagu, yaiku abot enthenging suara utawa dawa
cendheking wanda.
Rehning ing jaman saiki umpamane wis padha ora
ngerti abot enthenging suara apa dene dawa cendheking wanda, pandhapuking
tembang gedhe mung nganggo wewaton :
- Cacahing wanda ing dalem sapada pala/sagatra kang
diarani laku.
Tembang gedhe iku sapada ana patang gatra, utawa
patang pada pala. Cacahing wanda pada pala siji lan sijine padha. Lire, yen
pada pala kapisan 7 wanda, pada pala kapindho, katelu lan kang kaping papat uga
mitung wanda. Cacahing wanda saben sapada pala iku diarani laku.
Ing saikine tembang gedhe iku akeh kang kanggo
mbawa gendhing utawa kanggo susuluk. Cacahing tembang gedhe luwih akeh
katimbang tembang macapat lan tembang tengahan.
Tuladha :
Pethikan saka laying sendhon Langen Swara anggitan
dalem Mangkunegaraan IV.
1. Kusumastuti, laku 16 bali 4, kapedhot 8/8 :
Lamunsira kaki, dumadi prajurit,
Den bias tuladha, patih mahespati,
Lelabuhanira, ingkang triparaka,
Guna, kaya, purun, estu yen utama.
2. Citramengen, laku 12 bali kaping 4, kapedhot
16/6 :
Lamunsira kaki, dumadi prajurit,
Den bias tuladha, patih Mahespati,
Lelabuhanira, ingkang tripakara,
Guna, kaya, purun, estu yen utama.
3. Mintajiwa, laku 16, bali kaping 4 kapedhot 8/8 :
Larashing reh sang nahen kung, ing dyah lan
kapandhan ing sih
Kasangsaya ing turida, rudatine angranuhi
Ngrancaka tanag wigena, ginupita ing shari
Rinita prima puspita,pantes patrape kang warni
4. Pamularsih
5. Maduretna
6. Rarabentrok
TEMBANG TENGAHAN
B. Tembang tengahan
Tembang tengahan iku satemene uga tembang macapat
nanging wis popular, wis arang-arang kesrambah, tembang tengahan iku kaiket ing
:
- guru wilangan (cacahing wanda ing saben sagatra)
- guru lagu utawa dhong-dhinging swara (swara sing
pamungkasane gatra)
Buku kang isi crita nganggo Tembang tengahan iku
arane kidung, umpamane : kidung Sundhayana, kidung Ranggalawe, lsp.
Dene kang klebu Tembang tengahan iku :
• Balabak watak sembrana parikena
• Wirangrong watak mrabawani
• Jurudemung watak prenesan
• Girisa
Tuladha :
1. Jurudemung (7 gatra) : 8a, 8u, 8u, 8a, 8u, 8a,
8u
Niajeng mring gandhok wetan,
Wis pangeh lan rara mendhut,
Alon wijile kang wuwus, hen mendhut pamitanira,
Adhedhasar adol mbungkus,
Wus karta sarta kalian.
Dening jeng kyai Tumenggung
(Pranacitra)
2. Wirangrong (6 gatra) : 8i, 8o, 10u, 6i, 7a, 8a
Andhedulu ing samargi,
Langening enu katongtong,
Surem-surem rising hima naput,
Pak-ampak nglimputi,
Luhurung srinrarendra,
Luhuring srinrarendra,
Prabu harjunawijaya.
(Harjunawijaya)
3. Balabak (6 gatra) : 12i,3e, 12a, 3e, 12a, 3e,
12a, 3e
Para muda tamengeng nusa lan bangsa,
Dadine,
Aneng sira mulya makmuring Negara,
Dununge,
Sira samsya kajibah,
Yektine.
4. Girisa (8 gatra) : 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a,
8a
Den bias nampani padha,
Mungguh samithaning suksma,
Ingkang padha marang sira,
Wineruhken becik ala,
Anygah karepamira,
Kang marang pagawa ala,
Kang tumiba sia-sia,
Yaiku paring hyang Suksma.
(PB IV-Wulangreh)
TEMBANG MACAPAT
A. Tembang Macapat
Tembang yaiku reriptan kanthi paugeran tartamtu
kang pamacane dilagokake, lan bias diiringi wiramaning gendhing.
Tembang Macapat iku ana 11. Kayadene tembang
tengahan, tembang macapat uga kaiket ing guru lagu lan guru wilangan lan duwe
watak dhewe-dhewe.
Mungguh cacahing larike utawa guru gatrane tembang
Macapat iku ora padha.
Paugeran tembang macapat iku :
1. Guru gatra : arane utawa cacahe larik saben
sapada
Upama : Maskumambang iku guru gatrane 4
Tegese : saben sapada ana 4 gatra, utawa patang
larik
2. Guru wilangan : cacahe wanda saben sagatra
(jumlah suku kata tiap baris)
Upama : Maskumambang guru wilangane 12, 6, 8, lan 8
3. Guru lagu : tibane swara ing pungkasan gatra
Upama : Maskumambang dhonh-dhinge i, a, i, a
Tegese : Maskumambang iku sapada pala ana 4 gatra,
gatra kapisan ana 12 wanda, dhong-dhinge i, gatra kapindho ana 6 wanda,
dhong-dhinge e, gatra katelu ana 8 wanda, dhong-dhinge i, gatra kapapat ana 8
wanda, dhong-dhinge a
Ing ngisor iki pratelane guru gatra, guru wilangan
lan guru lagune tembang macapat
NO JENENGE TEMBANG GURU GATRA CACAHING WANDA LAN
GURU LAGU
1 Maskumambang 4 12i,6a,8i,8a
2 Pucung 4 12u,6a,8i,12a
3 Gambuh 5 7u,10u,12i,8u, 8o
4 Megatruh 5 12u,8i,8u,8i,8o
5 Mijil 6 10i,6o,10e,10i,6i,6u
6 Kinanthi 6 8u,8i,8a,8i,8a,8i
7 Asmarandana 7 8i,8a,8o,8a,7a,8u,8a
8 Durma 7 12a,7i,6a,7a,8i,5a,7i
9 Pangkur 7 8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i
10 Sinom 9 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a
11 Dhandhanggula 10
10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a
Ing ngisor iki watake tembang Macapat
No Jenenge tembang Watak Mathuke
1 Maskumambang Ngeres, nalangsa, keranta-ranta,
kelara-lara Kanggo medhar rasa pangrasa kang ngeres, nggregel, keranta-ranta,
ngeres.
2 Pucung Kendho, tanpa greget saut, sembrana
parikena, lucu. Kanggo carita sing sajak mung sakepenake, tanpa greget utawa
mempeng sembranan.
3 Gambuh Nggenah-nggenahake, akrab, rumaket,
kulina, keduga, wanuhi. Kanggo suka pitutur kang rada sereng amarga wis keduga
lan rumaket banget.
4 Megatruh Nglalut, ngeres, timtrim, sedhih.
Susah-nelangsa, memelas, getun, prihatin.
5 Mijil Wedharing rasa, prihatin Kanggo suka
pitutur, uga gegandrungan, medharake bukaning carita utawa mangayu bagya.
6 Kinanthi Seneng, tresna, asih, sih-sinisihan.
Kanggo medhar piwulang, carita kang ngemu surasa asih tresna, asmara,
gandrung-gandrung, pangayu-bagya.
7 Asmarandana Grapyak, sengsem, prihatin, sedhih
amarga nandhang kasmaran. Kanggo carita kang surasa nawung asmara utawa kanggo
medhar rasa asmara (pepisahan)
8 Durma Galak, muntab, nesu Kanggo medhar rasa
nesu, muntab, sesorah kang sereng utawa carita perang.
9 Pangkur Sereng, gregetan, kejem, nantang Kanggo
suka pitutur kang sereng ngemu srengen,
10 Sinom Ngresepake, grapyak, sumanak, renyah
Kanggosesorah utawa suka pitutur
11 Dhandhanggula Ngresepake kewes, luwes, Kanggo
apa-apa wae mathuk. Upamane kanggo mula bukaning carita, panutuping anggit
(karangan), medhar piwulang, medhar rasa, sengsem, asih tresna, gegandrungan,
lsp
Tuladha Tembang Macapat :
1. Pocung
Timbang nganggur pikirane dadi nglantur
Angur nyambut karya
Apa-apa ditandangi
Wit ngertia wong nganggur bantale setan
2. Maskumbang
Dhuh anakmas sira wajib angurmati
Marah yayah rena
Aja pisah kumawani
Anyenyamah gawe susah
3. Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kelantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadalu warsa katutuh
Kepatuh pan dadi awon
4. Megatruh
Sigra milir kang gethek sinangga bajul
Kawan dasa kang njageni
Ing ngarsa miwahing pungkur
Tinapi ing kanan kering
Kang gethek lampahnya alon
5. Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung tukas wor lan kisma
Ingkang iga-iga kaeksi
6. Asmaradana
Kasmaran murwani tulis
Caritaning babad jawa
Nguni duk panjenengan
Sang Aprabu Brawijaya
Ping gangsal majalengka
Narendra Binathara gung
Amangkurat tanah jawa
7. Mijil
Ngrasuk busana sang putrid
Denirasa lolos
Nuli nendhak angandhut patreme
Tininggalan parekan myang cethi
Wus samsya aguling
Lajeng lampahipun
8. Pangkur
Uripe sapisan rusak
Nora mulur nalare pating saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng gannggereng anggung
Gumrunggung
Pindha padane si mudha
Pradene paksa kumaki
9. Durma
Wringin sungsang wayahira tumaruna
Ngaubi awak mami
Turtinut ing bala
Pinacak siji kembar
Pepitu jajar maripat
Asri yen siyang
Angker kalane wengi
10. Sinom
Nuladha laku utama
Tumrape wong tang jawi
Wong agung angkesi ganda
Panembahan senopati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan napsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sesama
11. Dhandhanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana
sumber: http://jawasma1kra.wordpress.com/
0 komentar:
Posting Komentar