SESORAH
Sesorah yaiku micara ing sangarepe wong akeh kanthi ancas utawa tujuan
tartamtu.
Wondene ancase wong sesorah yaiku :
- atur pambagya
- maringi informasi
- atur pangajak
- atur panglipur
- paring panyaruwe
Wong sesorah kudu ngewekani bab-bab ing ngisor iki antarane yaiku :
- basane kudu pas karo situasi lan kondisi acara
- busanane kudu sopan lan empan papan
- solah bawa kang mranani, mrebawani nanging aja digawe-gawe
Methode utawa teknike wong pidhato utawa sesorah ana :
- methode maca teks
- methode apalan
- methode ekstemporan
- methode impromptu
Wong sesorah kudu urut lan sistematis ,urutan-urutane sesorah kaya ing
ngisor iki :
- salam pambuka
- atur pakurmatan
- atur puji syukur marang Gusti Alloh
- atur panuwun marang para tamu
- surasa
- pangarep-arep
- atur pangapura
- salam panutup
0 komentar:
Posting Komentar