Awas Ana Sule



Awas Ana Sule
Dening: Indriana Puspitasari
‘Anakku Aziz lan Nunung kang taktresnani. Kanggo ngresiki dosa-dosamu, montor kang ana ing omahmu kuwi wenehna marang Sule. Sesuk yen kowe wis resik saka dosa, montormu bakal takganti dadi Ferrari. Kuwi salah sawijine sarat sing kudu mbok lakoni, Anakku.’
“Kuwi mau What’s App saka Eyang Uchiha Sasubur, Mbak. Sampeyan bisa maca dhewe. Ya kuwi mau sarat sing kudu dilakoni supaya awakmu resik saka dosa”, mangkono kandhane Sule marang Nunung.
Wong kang wis diincer Sule lan dadi makmume Eyang Sasubur, mesthi padha wedi marang Eyang kuwi. Eyang Sasubur kuwi wong pinter sing diciptakake Sule lantaran imajinasine kang kadhuwuren. Sule nggambarake Eyang kuwi wong sing pinter babagan agama lan duwe indera keenem. Eyang kuwi uga bisa nggawe wuta wong sing ora percaya anane dheweke. Nanging kuwi mau rak “jarene” Sule. Yen kasunyatane, ya namung Gusti, Eyang Uchiha Sasubur, lan Sule sing ngerti.
“Iya, Sul. Aku eling yen aku karo bojoku wis dadi makmume Eyang Sasubur. Aku pokoke manut wae karo apa sing dingendikakake Eyang. Nanging rak tenan ta yen aku manut dosaku mesthi bisa luntur?” pitakone Nunung.
“Lha sampeyan kok ora percaya karo awakku ta, Mbak. Aku iki rak wis tau ngabuktekake karo sampeyan tuladha wong-wong kang ora percaya anane Eyang Sasubur. Aku dhewe ya tau ngalami kedadeyan sing ora wajar lho, Mbak. Aku biyen tau ora nggagas apa sing diprentah karo panjenengane. Lhah, ujug-ujug aku ora kelingan apa-apa babar blas kajaba sholat limang wektu. Aku kaya ngono kuwi setaun suwene”, omonge Sule goroh.
            “Ha????? Ciuzzz?” pitakone Nunung alay.
“Em to the ber, emberrr. Tenanan aku, Mbak. Ora goroh. Mulane aku iki ngelingake sampeyan supaya ora ngalami kadadeyan sing padha karo aku”, kandhane Sule.
“Gusti Allah. Aku wedi tenan, Sul. Wis iki gawanen bali sisan montorku. Aku wegah kena karma kaya kowe”, wangsulane Nunung tanpa mikir dawa.
Awan kuwi uga montore Nunung banjur ngglundhung menyang omahe Sule. Sule ngguya-ngguyu amarga Nunung gampang banget diapusi. Ing kampunge, Sule ngomong yen kuwi montore dheweke.
“E, wara-wara, iki montorku sing anyar. Ing kampung iki ya mung aku sing duwe montor kaya ngene. Haha...”, wara-warane Sule.
            “?????!!!!!!” tanggepane warga.
Pancen sing jenenge Sule kuwi ora isinan. Embuh ora isinan opo pancen ora duwe isin. Minggu ngarepe, Sule mara omahe Nunung maneh. Dheweke arep nuduhake BBM sing jarene saka Eyang Sasubur.
            “Mbak, aku bar entuk BBM saka Eyang Sasubur. Mangga dipirsani.”
‘Anakku Aziz lan Nunung, Eyang lagi nampa coban saka Gusti. Eyang butuh dhuwit kanggo yu’kul (mangan sadina-dina). Anakku Aziz lan Nunung, tulung dhuwit sing kanggo Eyang titipna karo Sule. Mengko ben Sule langsung sing ngaturake marang Eyang.’
            “ Takngomong nanging aja dadi atimu ya, Sul.”
            “Iya, Mbak. Sule iki ora cilik aten. Ana apa?”
“Aku iki wis bola-bali entuk BBM saka Eyang Sasubur, bola-bali dijaluki dhuwit, nanging aku iki kok durung tau ketemu ki lho. Weruh irunge wae aku durung tau.”
“Walah, babagan kuwi sampeyan tenang wae, Mbak. Woles. Kuwi kabeh wis diatur karo Eyang. Sesuk yen aku wis nampa amanah saka Eyang, sampeyan mesthi bisa ketemu karo panjenengane.”
            “Kabeh kok nunggu amanah.”
“Eee.. Lha sampeyan kok kemajuan? Wis wani ngelawan? Wis ora wedi ta, Mbak? Apa kudu takcritakake tuladha-tuladha liya sing nuduhake kakuwatane Eyang Uchiha Sasubur?”
“Ora, Sul, ngapurane. Aku khilaf. Aku wis keweden. Ngene, Sul, yen saiki aku durung duwe dhuwit. Mengko sore takjaluk bojoku dhisik.”
“Ya, Mbak. Nanging aja nganti ora mbok lakoni. Aku wegah melu-melu yen sampeyan kena karma saka Eyang.”
            “Iya, Sul.”
Sule, Sule. Wong iki pancen ora ana tobate. Apa merga dosa kuwi ora ketok? Yen ketok  lan ngoyak dheweke, mesthi dheweke gelem tobat. Sule seneng dolanan ngelmu gaib. Dheweke bisa nguwasani pikirane lan ndadekake wong kuwi nuruti apa kang dipengini dheweke. Kayata Nunung mau, dheweke uga disetir pikirane. Nunung bisa ngerasa yen ana sing ora bener karo Sule. Nanging dheweke ora bisa nglawan.
            “Pi, Eyang Uchiha Sasubur njaluk dhuwit kanggo yu’kul.”
            “Maneh, Mi? Owalah, tukang palak wong kae”, tembunge Aziz karo muring.
“Huss, aja ngono njenengan ki. Aku wedi, Pi, mengko yen kena karma.”
“Ya mengko takwenehi. Nanging langsung wae ketemu karo Eyang Sasubur”, Aziz nyoba sabar.
            “Durung bisa, Pi. Jarene durung nampa amanah saka Eyang.”
            “Ah ya wis sakarepmu. Aku kesel”, kandhane Aziz jengkel.
Aziz saya suwe ngrasa yen ana sing ora beres karo Sule. Dheweke banjur nggoleki omahe Sule. Nalika tekan omahe Sule, Aziz kaget. Kahanan omahe Sule beda adoh karo sing dibayangake. Omahe isih papan gedhek. Beda banget karo sing dicritakake dening Sule saben dinane. Pancen Sule kuwi senenge nggawe ana samubarang sing sabenere ora ana. Ngaku-ngaku sugih, duwe montor, duwe pagaweyan sing apik, nanging kabeh ora ana sing nyata.
            “Assalamualaikum, Sule.”
“Waalaikum...sa....lam”, Sule mlongo namatke Aziz sing wis ngadeg ing ngarep lawang omahe.
Sule sing biasane dandan mlipit, kemeja rapi, sepatu kinclong, saiki kaosan oblong gluput, sandal jepit ditaleni rafia, karo nyangga piring isine sega lan gereh.
            “Entuk aku mlebu, Sul?” pitakone Aziz kalem.
Sule namung manthuk. Dheweke kaget, bingung Aziz bisa ngerti omahe. Nanging, Sule kang ora duwe isin kuwi milih arep tetep nggaya kaya biasane.
“Lho, sampeyan kok tekan kene, Mas? Kok ora kabar-kabar yen arep dolan omahku. Yen ngono rak bisa takwenehi alamat omahku sing sabenere”, kandhane Sule lancar.
Salah sawijine kaluwihane Sule yaiku dheweke pinter muter walik kahanan. Dheweke pinter ngomong lan golek alesan. Mula ora gumun yen dheweke ora bingung amarga konangan.
“Alamat sing sabenere piye ta, Sul? Rak ya bener ta yen iki omahmu?” Aziz genti bingung.
“Owalah, Mas Aziz. Aku kan wis crita karo sampeyan apa pagaweyanku, piye omahku. Yen kahanane kaya ngene iki apa ya padha karo sing takcritakake?” Sule saya jero sing ngapusi.
            “Lhah, terus iki omahe sapa?” Aziz kepo.
            “Iki ya omahku, nanging mung kanggo duwe-duwe ngene iki, Mas.”
“Klambimu kadingaren gluput kaya ngono, Sul? Gelem mangan karo gereh ngono tok.  Kemajuan apa kemunduran kuwi”, Aziz nyindhir alus.
“ Iki mau aku bar resik-resik omah. Mesthine ya gluput, Mas. Bubar resik-resik mburi kok ujug-ujug pengin mangan karo gereh. Jeleh mangan saben dina karo iwak pitik”, Sule ngomong tanpa rasa rikuh.
Molak-malik kahanan kuwi pancen kasenengane Sule. Imajinasine Sule bisa tekan ngendi-ngendi. Nyatane omongane dheweke sing kaya ngono bisa nggawe percayane Aziz.
“Owalah, kok ora kongkonan wong wae, Sul? Wong dhuwitmu ya akeh”, pitakone Aziz.
“Wong awakku isih kuwat kok, Mas. Ya mendhing taktandangi dhewe”, sumaure Sule.
“Pancen sregep kowe ki. Ngene, Sul, aku rene arep ana perlune”, Aziz miwiti omongan sing dadi tujuan utamane.
            “Ana apa, Mas? Kok sajake penting.”
“Wingi bojoku njaluk dhuwit karo aku. Jarene kanggo Eyang. Bola-bali aku dijaluki. Wis suwe aku lan bojoku dadi makmume Eyang, nanging durung tau sowan menyang daleme. Lha, aku pengin ketemu karo Eyang Sasubur, Sul”, panjaluke Aziz.
“Ngene, Mas, wingi aku ya wis ngomong karo Mbak Nunung. Yen aku ngono pengine bisa padha ketemu karo Eyang Sasubur. Nanging kepriye maneh, aku durung entuk amanah saka Eyang. Nanging sampeyan ora usah kuwatir, Mas. Aku iki lho, Sule Markiti sing wis ngabuktekake dhewe kakuwatane Eyang Uchiha Sasubur”, wangsulane Sule.
“Ah, aku kok kadhang ora percaya yen kowe tau entuk karma saka Eyang Sasubur. Goroh ya kowe?” pitakone Aziz.
“Lho, kok ora percaya ta sampeyan ki? Tenanan aku. Nyatane, bubar kuwi aku nurut karo Eyang, nganti saiki aku sehat ora tau lara apa-apa. Apa maneh lara, wong dhuwit wae aku ora tau kurang-kurang”, Sule goroh. “Yen aku nganti ngapusi, aku bakal ngrasakake sing jenenge lara maneh. Aku nganti lali kepriye rasane. Haha...”, kandhane Sule nantang.
“Huss, kowe kuwi kok sajake nantang Sing Kuwasa. Kualat kowe mengko”, Aziz ngelingake.
Aziz wedi karo omongane Sule sing nantang Gusti mau. Dheweke banjur pamitan bali, murungake anggone arep muring-muring karo Sule.
Gusti Allah boten sare. Omongane Sule kadadeyan tenan. Mak greg, Sule ora bisa apa-apa. Saben dinane namung kethap-kethip ing dhuwur kasur ditunggoni karo bojone.
Sore kuwi udan riwis-riwis. Aziz lan Nunung kang krungu kabar yen Sule kaya mangkono langsung mara menyang omahe Sule. Aziz lan Nunung ngerti yen sabenere Sule nggorohi dheweke. Aziz kuwi wong sing atine jembar. Dheweke ora angel menehi ngapura marang wong. Aziz uga sing ngadhem-ngadhem Nunung supaya ora nesu karo Sule.
            “Assalamualaikum”, Aziz lan Nunung mlebu.
            “Waalaikumsalam. Sinten nggih?” bojone Sule sumaur.
            “Kula Aziz, Mbak. Menika garwa kula, Nunung. Kula kancanipun Sule.”
“Owalah, mangga pinarak rumiyin, Mas. Kula damelaken unjukan”, kandhane bojone Sule banjur menyat menyang pawon.
            “Piye kok bisa kaya ngene, Sul?” pitakone Nunung.
Sule ora bisa sumaur. Luh metu saka matane. Sule katon krasa akeh salah karo Aziz lan Nunung.
“Sing wis ya ben wis. Ora usah dipikir. Nanging aku njaluk, aja nganti kuwi mbok baleni maneh. Mesakna wong liya sing mbok gorohi”, kandhane Aziz krasa melas namatke kahanane Sule.
            “Mangga dipununjuk”, kandhane bojone Sule sayuk.
            “Inggih, Mbak.”
“Menapa Mas Sule kagungan luput kaliyan panjenengan, Mas, Mbak? Menawi inggih, kula nyuwunaken agunging pangaputen”, kandhane bojone Sule karo nangis.
“Ingkang sampun keliwat boten usah dipikir, Mbak. Kula kaliyan garwa sampun boten mikir menika malih. Mugi-mugi Sule enggal mantun”, kandhane Aziz.
            “Matur nuwun sanget, Mas, Mbak. Gusti ingkang bakal males.”
Wis rong taun Sule nandang lara kaya mangkono. Saya suwe ana bedane. Dheweke wis mulai bisa ngobahake awake.  Nanging mbesuk yen wis mari, dheweke bakal tobat utawa ora, ora ana sing ngerti kajaba Gusti.

Nyai Kar



“Nyai Kar”
Dening : Uli Atiyani
Sarungku ilang 2!”
Salah sawijining warga desa Kambangan gembar-gembor ana ing ngarep omah karo ngumpulake uwong-uwong sing padha jejagongan ana ngarep omahe. Kayane wis ora asing maneh yen ana sing gembar-gembor sarung ilang, wis bisa ditebak, yen sing jupuk sarung kuwi ya Nyai Kar, wong tuwa sing ilang akale, ruparepe ya serem, nggawe bocah cilik nangis kewedinen nanging uga ana sing seneng marang Nyai Kar kanggo ledekan. Dheweke uga wis tuwa, umure kira-kira 70-an, uwonge gering, rambute putih campur ireng awud-awudan ora tau rapi, kulite wis kirut, untune ireng, pakeane uga mung nganggo jarik lan nggendong buntelan gombal, penggaweyane ya nyolong sandhal lan sarung, gembar-gembor, lan nembang. Awit kedadeyan kuwi, warga desa Kambangan dadi ora wani jemur sarung ning jaba amarga yen Nyai Kar lewat mesthi dijupuk. Sanajan ana klambi apik-apik, nanging ya sing dijupuk mung sarung. Biyene, Nyai Kar uwonge apik, eman maring tanggane nanging dadi edan wiwit ditinggal bojo lan anake lagi dheweke umur 30-an. Ora ana sebab apa-apa bojo lan anake ninggalake dheweke.
Sawijining dina, Nyai Kar lagi kramasan ning kali cedhak Balai Desa, digrumung bocah-bocah cilik padha ngguyu, ndelengna dheweke kramas nyambi nembang. Nek Nyai Kar wis gembar-gembor, bocah mau padha mlayu, nanging yen Nyai Kar nembang maneh, bocah mau padha marani nggrumbung dheweke maneh. Embuh ora ngerti nembang apa bae, yen sing nembang dheweke bisa nggawe wong ngguyu. Kadhang nembang Indianan, urung rampung wis nyambung shalawatan lan disambung maneh dangdutan. Pancen apik swara lan tembangan sing ditembangake saka lambene uga nyambung kabeh. Siji-sijine sadulur Nyai Kar ning desa Kambangan mung Bi Akli sing esih nganggep, liyane wis ora ngurusi dheweke.
“Aku wis adus kyeh, aku arep maring omahe Si Akli. Arep njaluk kluban”. Ngomonge Nyai Kar maring bocah-bocah sing esih nggrumbengi.
“Hahaha Nyai Kar edan, horee”. Jarene bocah-bocah cilik mau karo ngguyu.
Nyai Kar nyauti maneh “Horeee”.
Bocah cilik-cilik mau ora bosen-bosene ngintili Nyai Kar saka mburine karo ngeproki. Sabab Nyai Kar mlaku karo pencak silat. Umure wis tuwa nanging awake esih rasa. Ana ing dalan, Nyai Kar weruh warung nanging ora ana sing jaga. Bocah cilik-cilik mau uga wis padha lunga kabeh. Dheweke njupuki panganan sing lagi didol dening Murni, banjur dibuwangi ing dalan. Tanggane mung bisa gemboran.
“Mur! Mur! Nyai Kar njupuki panganan ning warungmu!”
“Lho piye sih jane? Panganan kok ya dibuwang-buwang kaya ngene? Eman-eman ta”. Jare Murni.
“Panganan ora enak kie ta sing enak mung klubane si Akli”. jarene Nyai Kar.
Murni ya ora tega ngganyami wong tuwa edan kuwi, mung njupuki panganan sing wis dibuwangi banjur didol maneh. Saktekane ing omahe Bi Akli, Nyai Kar gembar-gembor.
“Akli, aku ngelih ! njaluk klubane, Akli? Jare Nyai Kar
Nyai Kar ora bisa mlebu merga lawange di kunci lan omahe sepi.
“Lunga maring ngendi Si Akli? Ora ana wujude. Mati apa yah? “
Banjur dheweke lunga menyang masjid sing ana ing ngarep omahe Bi Akli. Dheweke weruh mikrofon esih urip nembe dicek dening Rafi (penjaga masjid). Mikrofone dicekel lan dheweke gemboran.
“Aaaaaaaaaaaaaaaaaaiii lop yu mai darling, hahaha”.
“Astaghfirullah, swarane sapa kuwi? mesthi Nyai Kar!“ jare Rafi, kaget.
Rafi sing lagi wudhu arep adzan dhuhur kaget krungu swara wong tuwa sing wis ora asing maneh gemboran nganggo mikrofon, banjur diparani. Uwong-uwong desa uga padha kaget lan metu saka omah.
“Wong gendheng kuwi kok bisa mlebu masjid? Rafi mengendi wae?” mature pak Rahman, emosi.
“Wis, hop, hop, hop, iki waktune adzan, Nyai arep ngapa? Rene mikrofone”. jare Rafi karo narik mikrofon sing ana ing tangane Nyai Kar.
“Mengko disik aku arep nembang iki lho”. jawabe Nyai Kar.
“Wis ora usah nembang, mengko Nyai didukani dening Pak Rahman, kae lho uwong-uwong padha keganggu”. jare Rafi.
“Tapi aku arep nembang iki lho”. jare Nyai Kar.
“Ora usah Nyai, iki masjid dudu panggung, ora pareng kanggo nembang, hayuh tak terke balik wae”. Jare Rafi.
“Nanging mengko aku nembang ya? Takone Nyai Kar.
“Iya”. Jawabe Rafi, banjur Nyai Kar di gandheng metu masjid lan dianterake balik dening Rafi.
“Aku emoh balik”. Jare Nyai Kar, mandheg ing dalan.
“Lho bisane emoh? Jare Rafi
“Aku arep jaluk kluban nanging si Akli lunga”. Jare Nyai Kar.
“Yawis tak tumbasake kluban nanging Nyai ora pareng nakal maneh ya? Lan langsung balik omah”. Jare Rafi. Nyai Kar mung mantuk.
Nyai kar mung plonga-plongo ning ngarep omah, ora ngerti arep mengendi, sebab uripe pancen sepi, ora ana sing gelem mbatiri, mulane, dheweke seneng mondar-mandir muteri desa. Akeh uwong sing melas karo dheweke, nanging ya ora ana uwong sing gelem ngrawat dheweke, alesane ya Nyai Kar wong kentir sing nakal. Nyai Kar duwe omah tapi turune ning endi-endi ora kadhang ana ing ngarep omahe uwong, kadhang ya ana ing dalan, sak nemune panggonan. Yen wis kerasa penak ya dinggo turu, nanging yen ora kerasa penak ya dheweke luruh nggon liyane.
                                                               ***
Wong sing ana ing desa ora kabehane seneng maring Nyai Kar, salah sijine Pak Nasar mantan lurah.
“Esuk-esuk turu ana ngarep omahku! ngotor-ngotori omah wae! heh wong gendheng! tangi! tangi! lunga kowe! Wis esuk iki lho”. Jarene Pak Nasar, murka.
“Aduh, lara, awakku lara, ampun aja dipenthungi, aku ora ana salah karo kowe”. Jare Nyai Kar, karo nangis kelaranen sebab Pak Nasar nggugah nyambi menthungi awake Nyai Kar.
“Ora salah! ora salah! Omahku dudu nggon nggo turu kowe! ndang lunga! awakmu mambu!“ Jawabe Pak Nasar, nggentak.
“Iya, iya, iki arep lunga, aja dipenthungi maneh, awakku lara”.
“Dhasar wong gendheng!“ Jare Pak Nasar.
Nyai Kar Banjur lunga maring omahe Bi Akli.
“Akli, aku jaluk kluban”. Jare Nyai Kar.
“Aku ora masak kluban”. Jare Bi Akli, banjur lunga ninggalna Nyai Kar.
Nyai Kar balik maring omahe karo mlaku dingklik amarga dheweke awake bonyok. Rasa ngelih lan larane balung sing kas dipenthungi dening Pak Nasar ora dipikiri maneh. Nalika srengenge wis metu, Nyai Kar esih jejagongan ana ing ngarep omah nyambi nembang.
“Biyunge wis ora ana, bapake wis ora ana, anake wis lunga kabeh, bojone diarepgan genderuwo, tung plak tung plak eyyy.
“Kae rupane Nyai Kar kok kaya ngana ta? Awake padha bonyok”. Takone murni marang Bi Akli.
“ Lha aku ya ora ngerti”. Jawabe Bi Akli.
“Lho kowe piye ta?“ Murni takon maneh.
“Lho aku kudu piye? Kon ngurusi wong gendheng kaya kuwi?” Jawabe Akli, ketus.
“Gendheng-gendheng kaya kuwi sadulurmu lho, wong tuwa kuwi, ora pareng kowe durhaka maring sadulur tuwamu, melas, dheweke wis ora nduwe sapa-sapa maneh, wis dadi kewajibanmu ngrawat dheweke, merga ya kowe siji-sijine sadulur dheweke. Kowe kok ya tegel, cuek marang Nyai Kar?” Jare Murni.
“Lho sing penting aku esih gelem nganggep dheweke. Nek kowe gelem ngarawat ya rana dirawat wae”. Jare Bi Akli.
                                                               ***
Sawijining dina, Nyai Kar marani omahe Bi Akli maneh arep njaluk kluban, dheweke tumun-tumun rapi lan rambute digelung, ora awud-awudan maneh. Bi Akli heran, weruh rupane Nyai Kar sing rapi, nganti ora kaya biyasane sing katon gendheng lan ora keurus.
“Aku pengen klubanmu”. Jare Nyai Kar.
“Aku ora masak kluban! rana tuku godhong lembayung dhisik”. Jare Bi Akli.
“Tapi aku ora nduwe dhuwit”. Jare Nyai Kar.
“Yawis nganggo dhuwitku ya ora papa”. Jare Bi Akli.
Banjur Nyai Kar lunga menyang warung tuku godhong lembayung. Bi Akli ora mandheg-mandheg delengna rupane Nyai kar sing katon rapi lan resik. Nyai Kar uga gelem diprentah lan ngomonge tumun-tumun alus.
“Aku masakna kluban ya?” Jare Nyai Kar.
“Iya, kowe ngenteni ing kene, aja lunga-lunga”. Jare Bi Akli.
“Iya”. Jawabe Nyai Kar.
Ora suwi Bi Akli masak, Nyai Kar mung njupuk limang sendok tok banjur diwadai plastik ngomonge arep di \pangan ana ing omahe.
“Lho kok njupuke malah secuil?” Jarene Bi Akli, Heran.
“Arep tak pangan ing omah”. Jare Nyai Kar.
“Iya, kowe arep ngendi ta? Kok tumun-tumun rapi kaya ngene?” Jare Bi Akli, heran.
Nyai Kar mung mesem lan langsung balik omahe. Esuk-esuk Bi Akli tuku godhong lembayung kanggo masakna Nyai Kar kluban maneh. Saya suwe Bi Akli ora tega ndelengna Nyai Kar urip dhewekan.
“Dina iki arep nggawekake kluban kanggo Nyai, bener omongane si Murni wingi kae, wis dadi kewajibanku ngrawat dheweke. Melas, wis tuwa, wis ora nduwe sadulur maneh saliyane aku”. Jare Bi Akli.
Nanging, dina iki Nyai Kar ora tumun maring omahe.
“Nang ndi wong tuwa iki, kok ora rene-rene? Mriyang apa yah? Coba tak delok maring omahe wae”. Jare Bi Akli.
Bi Akli wis gembar-gembor ing omahe Nyai Kar nanging ora ana, dheweke bingung arep nggoleki mengendi maneh. Sesuke maneh Nyai Kar uga ora tumun, ditiliki maring omahe uga ora ana maneh, saya suwe uwong-uwong desa uga padha nakoni maring Bi Akli nanging Bi Akli ora ngerti.
Wis sewulan luwih Nyai Kar ora tumon, ora ana uwong sing ngerti dheweke lunga mengendi, wong desa uga padha geger takon rana takon rene kabare Nyai Kar. Bi Akli sadulur siji-sijine uga ora ngerti Nyai Kar lunga mengendi nganti ora balik-balik, sing mbok mangerteni ya terakhir ketemu Nyai Kar jaluk dimasakna kluban, lan ruarepe ya ora kaya wong gendheng, rapi lan bersih. Saya rene beritane saya simarepg siur ora ana sing bisa dipercaya. Ana sing ngomong minggat, ana sing ngomong nyasar ning desane uwong lan ora bisa balik, ana sing ngomong dibuwang dening uwong, ana sing ngomong diculik, lan ana sing ngomong wis mati nanging ya jisime ora ana ing jero omahe lan warga uga wis ana usaha nggoleki dheweke nanging ya ora ana asile. Nganti saiki Nyai Kar ora ketemu. Saiki omahe dibongkar dening warga supaya ora ketok serem yen lewat saka dalan ngarep omahe. Warga uga wis padha nganggep Nyai Kar wis mati.
                                                                        ***