1. Tema: Kemerdekaan
Assalamualaikum
wr.wb
Ingkang kinurmatan, ibu
kepala SMP .... ,
bapak-ibu guru saha
Staf Tata Usaha ingkang kula urmati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Saderengipun, mangga
sesarengan ngaturaken syukur alhamdulillah
wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene kula lan panjenengan
sedaya taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, saengga ing wekdal menika,
kita saged makempal wonten ing mriki kanthi boten wonten alangan satunggal
menapa.
Jumenengipun kula ing
mriki badhe ngandharaken babagan “Dinten Kamardhikan Republik Indonesia”.
Para rawuh ingkang
minulya,
Kita sedaya mangertos,
bilih bangsa kita nate dipunjajah kaliyan bangsa sanes, kadosta bangsa Walandi
lan Jepang. Anggenipun njajah kejem sanget. Pramila, ndadosaken raos susah lan
sedhih kangge bangsa Indonesia. Para pemimpin bangsa muntab mangertosi
kahananipun, saengga kanthi landhasan tekad ingkang kiyat supados uwal saking
penjajahan, para pemimpin mijuwangaken kamardhikan kanthi tetes pungkasaning
rah-ipun.
Lelabetanipun pahlawan
saged ketingal rikala surya kaping 17
Agustus 1945, Ir. Soekarno maosaken teks Proklamasi. Bukti minangka bangsa
Indonesia mardhika lan uwal saking kasangsaran penjajah. Mila, saben surya
kaping 17 Agustus dipunpengeti DINTEN
KAMARDHIKAN REPUBLIK INDONESIA. Ancasipun kangge pepeling tumrap
jasa-jasanipun para pahlawan ingkang sampun gugur lan mijuwangaken bangsa
Indonesia ing medan perang.
Kanca-kanca ingkang
kula tresnani,
Kita minangka siswa
sejatosipun saged nglajengaken pijuwangan pahlawan kita. Caranipun inggih
menika sinau kanthi becik utawi mempeng, lan manut ngendikanipun tiyang sepuh
sarta bapak-ibu guru.
Mugi-mugi ing dinten
kamardhikan menika, bangsa Indonesia tansah pinaringan rahmat saha kamulyan, saengga
bangsa kita dados bangsa ingkang langkung majeng. Mangga, kita minangka
mudha-mudhinipun, sesarengan mujudaken bangsa Indonesia ingkang cerdhas lan
boten ketilar dening bangsa sanes.
Cekap semanten anggen
kula matur, menawi wonten kalepatan kula nyuwun angunging samudra pangaksami.
Nuwun.
Wassalamualaikum wr.wb
____________________________________________________________________________
2. Tema: Pendidikan
Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinurmatan, ibu kepala SMP ....,
bapak-ibu guru saha Staf Tata Usaha
ingkang kula urmati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Saderengipun, mangga
sesarengan muji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung dene sampun
paring pinten-pinten karaharjan, katentreman, kasarasan, kanikmatan, saha welas
asihipun saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing adicara
menika kanthi boten wonten alangan satunggal menapa.
Kula minangka sesulih
saking pengurus OSIS, badhe ngandharaken babagan “Wigatosipun Pendidikan”.
Para rawuh ingkang
kinabekten,
Kula lan panjenengan
sedaya sampun mangertosi bilih dinten pendidikan menika dhawah saben tanggal
kalih Mei. Pengetan dinten pendidikan menika boten lepat saking lelabetanipun
Ki Hajar Dewantara. Panjenenganipun menika pangarsa pendidikan wonten ing
negara Indonesia. Awit jasa-jasanipun ingkah kathah kalawau, lajeng Ki Hajar
Dewantara kawastanan minangka bapak pendidikan.
Ing pengetan dinten
pendidikan nasional samenika, mangga kita tansah eling dhateng jasa-jasanipun
Ki Hajar Dewantara. Amargi saking pijuwanganipun, kula lan panjenengan sedaya
saged lumampah lan pados elmu ing pawiyatan menika.
Kanca-kanca ingkang
kula tresnani,
Wigatosipun pendidikan
kangge kita sedaya inggih menika saged mbiyantu kita mujudaken cita-cita,
maringi ilmu kangge ngadhepi kahuripan kita, sarta ndadosaken kita tiyang
ingkang migunani. Mangga, kita sesarengan mujudaken Bangsa Indonesia ingkang
cerdhas lan boten katilar dening bangsa sanes.
Kita minangka siswa
kedah mengeti dinten pendidikan kanthi cara kang positip, kayata sregep sinau,
boten mbolos lan nyelaki narkoba utawi obat-obatan terlarang, manut
ngendikanipun tiyang sepuh sarta nyenyuwun dhateng Gusti supados sedaya
lumampahipun kita dipungampil.
Ayo! Sareng-sareng kita
mujudaken pendidikan Indonesia langkung sae, majeng, lan berkualitas. Kita, para mudha-mudhi, saguh ndadosaken bangsa
Indonesia dipuntepang ing kancah internasional.
Cekap semanten anggen kula matur, menawi
wonten kalepatan kula nyuwun angunging samudra pangaksami.
Nuwun.
Wassalamualaikum wr.wb
___________________________________________________________________________
___________________________________________________________________________
3.
Tema: Bahaya Narkoba
Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinurmatan, ibu kepala SMP ........,
bapak-ibu guru saha Staf Tata Usaha ingkang kula urmati, lan
kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang
Maha Agung, dene sampun paring kanikmatan, karaharjan, lan kasarasan, saengga
kula lan panjenengan sedaya saged makempal ing mriki kanthi kahanan sihat wal
afiat.
Para rawuh ingkang minulya,
Kita sedaya sampun asring mirengaken pawartos lan
ningali saking TV bebaya narkoba. Narkoba inggih menika zat-zat utawi
obat-obatan ingkang mbebayani kangge badan, sarta sampun dipunlarang anggenipun
ngginakaken, mliginipun menawi dipunginakaken kanthi cara bebas.
Wonten ing pawartos-pawartos, kang dados pangangge
narkoba kathahipun para mudha. Boten jaler, boten estri kekalihipun dados
korban pangangge narkoba. Amargi, umur samenten menika raos penasaranipun ageng
sanget lan tansah pengin nyobi bab-bab ingkang enggal. Dados, kita minangka
tiyang mudha kedah ngatos-ngatos bilih kekancan. Pados lan milih kanca ingkang
becik utawi boten ngonsumsi obat-obatan menika. Nebihaken dhiri saking
kanca-kanca ingkang ketingal gadhah lan ngonsumsi narkoba.
Kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Mbok bilih kula lan panjenengan sedaya manggihi kanca
ingkang nggadhahi lan ngonsumsi obat-obatan menika, kita kedah tumindak
wicaksana. Kancanipun dipunajak gineman lan dipunweling supados ampun ngangge
malih. Menawi kita boten saguh, saged dipunparingaken kaliyan tiyang sanes
ingkang langkung mangertos. Sarta, kita saged njagi dhiri ampun ngantos ndherek
ngonsumsi obat-obatan menika. Amargi, narkoba menika boten wonten faedahipun,
nanging kathah ruginipun.
Kita minangka mudha-mudhi generasi bangsa, becikipun
sesarengan mujudaken bangsa Indonesia ingkang langkung majeng, dados warga
negara ingkang migunani lan mujudaken cita- cita luhur bangsa Indonesia kados
kang kaserat wonten ing UUD.
Kula kinten cekap semanten mawon anggen kula matur,
menawi wonten kalepatan kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Nuwun.
Wassalamualaikum wr.wb
0 komentar:
Posting Komentar