Sesorah

1.      Tema: Kemerdekaan

Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinurmatan, ibu kepala SMP .... ,
bapak-ibu guru saha Staf Tata Usaha ingkang kula urmati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Saderengipun, mangga sesarengan ngaturaken syukur alhamdulillah wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene kula lan panjenengan sedaya taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, saengga ing wekdal menika, kita saged makempal wonten ing mriki kanthi boten wonten alangan satunggal menapa.
Jumenengipun kula ing mriki badhe ngandharaken babagan “Dinten Kamardhikan Republik Indonesia”.
Para rawuh ingkang minulya,
Kita sedaya mangertos, bilih bangsa kita nate dipunjajah kaliyan bangsa sanes, kadosta bangsa Walandi lan Jepang. Anggenipun njajah kejem sanget. Pramila, ndadosaken raos susah lan sedhih kangge bangsa Indonesia. Para pemimpin bangsa muntab mangertosi kahananipun, saengga kanthi landhasan tekad ingkang kiyat supados uwal saking penjajahan, para pemimpin mijuwangaken kamardhikan kanthi tetes pungkasaning rah-ipun.
Lelabetanipun pahlawan saged ketingal rikala surya kaping  17 Agustus 1945, Ir. Soekarno maosaken teks Proklamasi. Bukti minangka bangsa Indonesia mardhika lan uwal saking kasangsaran penjajah. Mila, saben surya kaping 17 Agustus dipunpengeti DINTEN KAMARDHIKAN REPUBLIK INDONESIA. Ancasipun kangge pepeling tumrap jasa-jasanipun para pahlawan ingkang sampun gugur lan mijuwangaken bangsa Indonesia ing medan perang.
Kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Kita minangka siswa sejatosipun saged nglajengaken pijuwangan pahlawan kita. Caranipun inggih menika sinau kanthi becik utawi mempeng, lan manut ngendikanipun tiyang sepuh sarta bapak-ibu guru.
Mugi-mugi ing dinten kamardhikan menika, bangsa Indonesia tansah pinaringan rahmat saha kamulyan, saengga bangsa kita dados bangsa ingkang langkung majeng. Mangga, kita minangka mudha-mudhinipun, sesarengan mujudaken bangsa Indonesia ingkang cerdhas lan boten ketilar dening bangsa sanes.
Cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten kalepatan kula nyuwun angunging samudra pangaksami.
Nuwun.
Wassalamualaikum wr.wb

____________________________________________________________________________
2.      Tema: Pendidikan

Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinurmatan, ibu kepala SMP ....,
bapak-ibu guru saha Staf Tata Usaha ingkang kula urmati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Saderengipun, mangga sesarengan muji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung dene sampun paring pinten-pinten karaharjan, katentreman, kasarasan, kanikmatan, saha welas asihipun saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing adicara menika kanthi boten wonten alangan satunggal menapa.
Kula minangka sesulih saking pengurus OSIS, badhe ngandharaken babagan “Wigatosipun Pendidikan”.
Para rawuh ingkang kinabekten,
Kula lan panjenengan sedaya sampun mangertosi bilih dinten pendidikan menika dhawah saben tanggal kalih Mei. Pengetan dinten pendidikan menika boten lepat saking lelabetanipun Ki Hajar Dewantara. Panjenenganipun menika pangarsa pendidikan wonten ing negara Indonesia. Awit jasa-jasanipun ingkah kathah kalawau, lajeng Ki Hajar Dewantara kawastanan minangka bapak pendidikan.
Ing pengetan dinten pendidikan nasional samenika, mangga kita tansah eling dhateng jasa-jasanipun Ki Hajar Dewantara. Amargi saking pijuwanganipun, kula lan panjenengan sedaya saged lumampah lan pados elmu ing pawiyatan menika.
Kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Wigatosipun pendidikan kangge kita sedaya inggih menika saged mbiyantu kita mujudaken cita-cita, maringi ilmu kangge ngadhepi kahuripan kita, sarta ndadosaken kita tiyang ingkang migunani. Mangga, kita sesarengan mujudaken Bangsa Indonesia ingkang cerdhas lan boten katilar dening bangsa sanes.
Kita minangka siswa kedah mengeti dinten pendidikan kanthi cara kang positip, kayata sregep sinau, boten mbolos lan nyelaki narkoba utawi obat-obatan terlarang, manut ngendikanipun tiyang sepuh sarta nyenyuwun dhateng Gusti supados sedaya lumampahipun kita dipungampil.
Ayo! Sareng-sareng kita mujudaken pendidikan Indonesia langkung sae, majeng, lan berkualitas. Kita, para mudha-mudhi, saguh ndadosaken bangsa Indonesia dipuntepang ing kancah internasional.
Cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten kalepatan kula nyuwun angunging samudra pangaksami.
Nuwun.
Wassalamualaikum wr.wb
___________________________________________________________________________

3.      Tema: Bahaya Narkoba
Assalamualaikum wr.wb
Ingkang kinurmatan, ibu kepala SMP ........,
bapak-ibu guru saha Staf Tata Usaha ingkang kula urmati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene sampun paring kanikmatan, karaharjan, lan kasarasan, saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal ing mriki kanthi kahanan sihat wal afiat.
Para rawuh ingkang minulya,
Kita sedaya sampun asring mirengaken pawartos lan ningali saking TV bebaya narkoba. Narkoba inggih menika zat-zat utawi obat-obatan ingkang mbebayani kangge badan, sarta sampun dipunlarang anggenipun ngginakaken, mliginipun menawi dipunginakaken kanthi cara bebas.
Wonten ing pawartos-pawartos, kang dados pangangge narkoba kathahipun para mudha. Boten jaler, boten estri kekalihipun dados korban pangangge narkoba. Amargi, umur samenten menika raos penasaranipun ageng sanget lan tansah pengin nyobi bab-bab ingkang enggal. Dados, kita minangka tiyang mudha kedah ngatos-ngatos bilih kekancan. Pados lan milih kanca ingkang becik utawi boten ngonsumsi obat-obatan menika. Nebihaken dhiri saking kanca-kanca ingkang ketingal gadhah lan ngonsumsi narkoba.
Kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Mbok bilih kula lan panjenengan sedaya manggihi kanca ingkang nggadhahi lan ngonsumsi obat-obatan menika, kita kedah tumindak wicaksana. Kancanipun dipunajak gineman lan dipunweling supados ampun ngangge malih. Menawi kita boten saguh, saged dipunparingaken kaliyan tiyang sanes ingkang langkung mangertos. Sarta, kita saged njagi dhiri ampun ngantos ndherek ngonsumsi obat-obatan menika. Amargi, narkoba menika boten wonten faedahipun, nanging kathah ruginipun.
Kita minangka mudha-mudhi generasi bangsa, becikipun sesarengan mujudaken bangsa Indonesia ingkang langkung majeng, dados warga negara ingkang migunani lan mujudaken cita- cita luhur bangsa Indonesia kados kang kaserat wonten ing UUD.
Kula kinten cekap semanten mawon anggen kula matur, menawi wonten kalepatan kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Nuwun.
Wassalamualaikum wr.wb