“Nyai Kar”
Dening : Uli Atiyani
“
Sarungku ilang 2!”
Salah
sawijining warga desa Kambangan gembar-gembor ana ing ngarep omah karo ngumpulake
uwong-uwong sing padha jejagongan ana ngarep omahe. Kayane wis ora asing maneh
yen ana sing gembar-gembor sarung ilang, wis bisa ditebak, yen sing jupuk
sarung kuwi ya Nyai Kar, wong tuwa sing ilang akale, ruparepe ya serem, nggawe bocah cilik
nangis kewedinen nanging uga ana sing seneng marang Nyai Kar kanggo ledekan.
Dheweke uga wis tuwa, umure kira-kira 70-an, uwonge gering, rambute putih
campur ireng awud-awudan ora tau rapi, kulite wis kirut, untune ireng, pakeane
uga mung nganggo jarik lan nggendong buntelan gombal, penggaweyane ya nyolong sandhal lan sarung, gembar-gembor, lan
nembang. Awit kedadeyan
kuwi, warga desa Kambangan dadi ora wani jemur sarung ning jaba amarga yen Nyai Kar lewat mesthi dijupuk.
Sanajan ana klambi apik-apik, nanging ya sing dijupuk mung sarung. Biyene, Nyai
Kar uwonge apik, eman maring tanggane nanging dadi edan wiwit ditinggal bojo
lan anake lagi dheweke umur 30-an. Ora ana sebab apa-apa bojo lan anake ninggalake dheweke.
Sawijining
dina, Nyai Kar lagi kramasan ning kali cedhak Balai Desa, digrumung bocah-bocah
cilik padha ngguyu, ndelengna dheweke kramas nyambi nembang. Nek Nyai Kar wis
gembar-gembor, bocah mau padha
mlayu, nanging yen Nyai Kar nembang maneh, bocah mau padha marani nggrumbung dheweke maneh. Embuh
ora ngerti nembang apa bae, yen sing nembang dheweke bisa nggawe wong ngguyu.
Kadhang nembang Indianan, urung rampung wis nyambung shalawatan lan disambung
maneh dangdutan. Pancen
apik swara lan tembangan sing ditembangake saka lambene uga nyambung kabeh.
Siji-sijine sadulur Nyai Kar ning desa Kambangan mung Bi Akli sing esih
nganggep, liyane wis ora ngurusi dheweke.
“Aku
wis adus kyeh, aku arep maring omahe Si
Akli. Arep njaluk kluban”. Ngomonge
Nyai Kar maring bocah-bocah sing esih nggrumbengi.
“Hahaha
Nyai Kar edan, horee”. Jarene
bocah-bocah cilik mau karo ngguyu.
Nyai
Kar nyauti maneh “Horeee”.
Bocah
cilik-cilik mau ora bosen-bosene ngintili Nyai Kar saka mburine karo ngeproki.
Sabab Nyai Kar mlaku karo pencak silat. Umure wis tuwa nanging awake esih rasa. Ana ing dalan, Nyai Kar weruh
warung nanging ora ana sing jaga. Bocah cilik-cilik mau uga wis padha lunga kabeh. Dheweke njupuki panganan
sing lagi didol dening Murni, banjur dibuwangi ing dalan. Tanggane mung bisa
gemboran.
“Mur!
Mur! Nyai Kar njupuki panganan ning warungmu!”
“Lho
piye sih jane? Panganan kok ya dibuwang-buwang kaya ngene? Eman-eman ta”. Jare
Murni.
“Panganan
ora enak kie ta sing enak mung klubane si Akli”. jarene Nyai Kar.
Murni
ya ora tega ngganyami wong tuwa edan kuwi, mung njupuki panganan sing wis
dibuwangi banjur didol maneh. Saktekane ing omahe Bi Akli, Nyai Kar
gembar-gembor.
“Akli,
aku ngelih ! njaluk klubane, Akli?”
Jare Nyai Kar
Nyai
Kar ora bisa mlebu merga lawange di kunci lan omahe sepi.
“Lunga
maring ngendi Si
Akli? Ora ana wujude. Mati apa yah? “
Banjur
dheweke lunga menyang masjid sing ana ing ngarep omahe Bi Akli. Dheweke weruh mikrofon esih urip nembe dicek dening
Rafi (penjaga masjid). Mikrofone
dicekel lan dheweke gemboran.
“Aaaaaaaaaaaaaaaaaaiii
lop yu mai darling, hahaha”.
“Astaghfirullah,
swarane sapa kuwi? mesthi Nyai Kar!“ jare Rafi, kaget.
Rafi
sing lagi wudhu arep adzan dhuhur kaget krungu swara wong tuwa sing wis ora
asing maneh gemboran nganggo mikrofon,
banjur diparani. Uwong-uwong desa uga padha kaget lan metu saka omah.
“Wong
gendheng kuwi kok bisa mlebu masjid? Rafi mengendi wae?” mature pak Rahman,
emosi.
“Wis,
hop, hop, hop, iki waktune adzan, Nyai arep ngapa? Rene mikrofone”. jare Rafi karo narik mikrofon sing ana ing tangane Nyai Kar.
“Mengko
disik aku arep nembang iki lho”. jawabe Nyai Kar.
“Wis
ora usah nembang, mengko Nyai didukani dening Pak Rahman, kae lho uwong-uwong
padha keganggu”.
jare Rafi.
“Tapi aku arep nembang iki lho”. jare Nyai Kar.
“Ora
usah Nyai, iki masjid dudu panggung, ora pareng kanggo nembang, hayuh tak terke
balik wae”. Jare Rafi.
“Nanging
mengko aku nembang ya?”
Takone Nyai Kar.
“Iya”.
Jawabe Rafi, banjur Nyai Kar di gandheng metu masjid lan dianterake balik
dening Rafi.
“Aku
emoh balik”. Jare Nyai Kar, mandheg ing dalan.
“Lho
bisane emoh?”
Jare Rafi
“Aku
arep jaluk kluban nanging si Akli lunga”. Jare Nyai Kar.
“Yawis
tak tumbasake kluban nanging Nyai ora pareng nakal maneh ya? Lan langsung balik
omah”. Jare Rafi. Nyai Kar mung mantuk.
Nyai
kar mung plonga-plongo ning ngarep omah, ora ngerti arep mengendi, sebab uripe
pancen sepi, ora ana sing gelem mbatiri, mulane, dheweke seneng mondar-mandir
muteri desa. Akeh uwong sing melas karo dheweke, nanging ya ora ana uwong sing
gelem ngrawat dheweke, alesane ya Nyai Kar wong kentir sing nakal. Nyai Kar
duwe omah tapi turune ning endi-endi ora kadhang ana ing ngarep omahe uwong,
kadhang ya ana ing dalan, sak nemune panggonan. Yen wis kerasa penak ya dinggo
turu, nanging yen ora kerasa penak ya dheweke luruh nggon liyane.
***
Wong
sing ana ing desa ora kabehane seneng maring Nyai Kar, salah sijine Pak Nasar
mantan lurah.
“Esuk-esuk
turu ana ngarep omahku! ngotor-ngotori omah wae! heh wong gendheng! tangi!
tangi! lunga kowe! Wis esuk iki lho”. Jarene Pak Nasar, murka.
“Aduh,
lara, awakku lara, ampun aja dipenthungi, aku ora ana salah karo kowe”. Jare
Nyai Kar, karo nangis kelaranen sebab Pak Nasar nggugah nyambi menthungi awake Nyai Kar.
“Ora
salah! ora salah! Omahku dudu nggon nggo turu kowe! ndang lunga! awakmu mambu!“
Jawabe Pak Nasar, nggentak.
“Iya,
iya, iki arep lunga, aja dipenthungi maneh, awakku lara”.
“Dhasar
wong gendheng!“ Jare Pak Nasar.
Nyai
Kar Banjur lunga maring omahe Bi Akli.
“Akli,
aku jaluk kluban”. Jare Nyai Kar.
“Aku
ora masak kluban”. Jare Bi Akli, banjur lunga ninggalna Nyai Kar.
Nyai
Kar balik maring omahe karo mlaku dingklik amarga dheweke awake bonyok. Rasa
ngelih lan larane balung sing kas dipenthungi dening Pak Nasar ora dipikiri
maneh. Nalika srengenge wis metu, Nyai Kar esih jejagongan ana ing ngarep omah
nyambi nembang.
“Biyunge wis ora ana, bapake wis ora ana,
anake wis lunga kabeh, bojone diarepgan genderuwo, tung plak tung plak eyyy. “
“Kae
rupane Nyai Kar kok kaya ngana ta? Awake padha bonyok”. Takone murni marang Bi Akli.
“
Lha aku ya ora ngerti”. Jawabe Bi Akli.
“Lho
kowe piye ta?“ Murni takon maneh.
“Lho
aku kudu piye? Kon ngurusi wong gendheng kaya kuwi?” Jawabe Akli, ketus.
“Gendheng-gendheng
kaya kuwi sadulurmu lho, wong tuwa kuwi, ora pareng kowe durhaka maring sadulur
tuwamu, melas, dheweke wis ora nduwe sapa-sapa maneh, wis dadi kewajibanmu
ngrawat dheweke, merga ya kowe siji-sijine sadulur dheweke. Kowe kok ya tegel, cuek
marang Nyai Kar?” Jare Murni.
“Lho
sing penting aku esih gelem nganggep dheweke. Nek kowe gelem ngarawat ya rana dirawat wae”. Jare Bi Akli.
***
Sawijining
dina, Nyai Kar marani omahe Bi Akli maneh arep njaluk kluban, dheweke tumun-tumun
rapi lan rambute digelung, ora awud-awudan maneh. Bi Akli heran, weruh rupane
Nyai Kar sing rapi, nganti ora kaya biyasane sing katon gendheng lan ora
keurus.
“Aku
pengen klubanmu”. Jare Nyai Kar.
“Aku
ora masak kluban! rana tuku godhong lembayung dhisik”. Jare Bi Akli.
“Tapi
aku ora nduwe dhuwit”. Jare Nyai Kar.
“Yawis
nganggo dhuwitku ya ora papa”. Jare Bi Akli.
Banjur
Nyai Kar lunga menyang warung tuku godhong lembayung. Bi Akli ora
mandheg-mandheg delengna rupane Nyai kar sing katon rapi lan resik. Nyai Kar
uga gelem diprentah lan ngomonge tumun-tumun alus.
“Aku
masakna kluban ya?” Jare Nyai Kar.
“Iya,
kowe ngenteni ing kene, aja lunga-lunga”. Jare Bi Akli.
“Iya”.
Jawabe Nyai Kar.
Ora
suwi Bi Akli masak, Nyai Kar mung njupuk limang sendok tok banjur diwadai plastik
ngomonge arep di \pangan
ana ing omahe.
“Lho
kok njupuke malah secuil?” Jarene Bi Akli, Heran.
“Arep
tak pangan ing omah”. Jare Nyai Kar.
“Iya,
kowe arep ngendi ta? Kok tumun-tumun rapi kaya ngene?” Jare Bi Akli, heran.
Nyai
Kar mung mesem lan langsung balik omahe. Esuk-esuk Bi Akli tuku godhong
lembayung kanggo masakna Nyai Kar kluban maneh. Saya suwe Bi Akli ora tega
ndelengna Nyai Kar urip dhewekan.
“Dina
iki arep nggawekake
kluban kanggo Nyai, bener omongane si Murni wingi kae, wis dadi kewajibanku
ngrawat dheweke. Melas, wis tuwa, wis ora nduwe sadulur maneh saliyane aku”.
Jare Bi Akli.
Nanging,
dina iki Nyai Kar ora tumun maring omahe.
“Nang
ndi wong tuwa iki, kok ora rene-rene? Mriyang apa yah? Coba tak delok maring
omahe wae”. Jare Bi Akli.
Bi
Akli wis gembar-gembor ing omahe Nyai Kar nanging ora ana, dheweke bingung arep
nggoleki mengendi maneh. Sesuke maneh Nyai Kar uga ora tumun, ditiliki maring
omahe uga ora ana maneh, saya suwe uwong-uwong desa uga padha nakoni maring Bi
Akli nanging Bi Akli ora ngerti.
Wis
sewulan luwih Nyai Kar ora tumon, ora ana uwong sing ngerti dheweke lunga
mengendi, wong desa uga padha geger takon rana takon rene kabare Nyai Kar. Bi
Akli sadulur siji-sijine uga ora ngerti Nyai Kar lunga mengendi nganti ora
balik-balik, sing mbok mangerteni ya terakhir ketemu Nyai Kar jaluk dimasakna
kluban, lan ruarepe ya ora kaya wong gendheng, rapi lan bersih. Saya rene
beritane saya simarepg siur ora ana sing bisa dipercaya. Ana sing ngomong
minggat, ana sing ngomong nyasar ning desane uwong lan ora bisa balik, ana sing
ngomong dibuwang
dening uwong, ana sing ngomong diculik, lan ana sing ngomong wis mati nanging
ya jisime ora ana ing jero omahe lan warga uga wis ana usaha nggoleki dheweke
nanging ya ora ana asile. Nganti saiki Nyai Kar ora ketemu. Saiki omahe
dibongkar dening warga supaya ora ketok serem yen lewat saka dalan ngarep
omahe. Warga uga wis padha nganggep Nyai Kar wis mati.
***