A. JINISING TEMBUNG
1. Tembung Lingga
Miturut jinising tembung-tembung kabedakake dadi rong
perangan, yakuwi tembung lingga (kata dasar) lan tembung kangwisowah saka
linggane (kata jadian/bentukan). Tembung lingga yakuwi sakabehing tembung kang
durung ngalami owah-owahan. Tuladhane: anak, jaran, rob, banjir, lsp.
Miturut para ahli basa, tembung lingga sinebut kata
asal utzwz tembung kang durung ngalami owah-owahan, lan sabenere
dumadi saka tembung sing luwih dhisik ana utawa tembung-tembung kang luwih
tuwa. Tembung tembung kuwi diarani tembung wod (akar kata).
Tembung wod suk, nurunake tembung lingga:
pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, dhesuk, isuk, lsp. Tembung wod pis, nurunake
tembung lingga tipis, tapis, kempis, kempes, dhepis. Tembung wod lur, turunake
tembung lingga dulur, ulur, sulur, pilur. Tembung wod wur, nurunake
tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur lsp.
2. Tembung Owah
Tembung kang wis owah saka linggane kabedakake dadi telung
perangan, yakuwi tembung andhahan, tembung kang dirangkep (kata ulang),lan
tembung camboran utawa wancahan (kata majemuk).
a.
Tembung Andhahan
Tegese tembung kang wis ngalami owah-owahan sarana antuk
ater-ater, sesela, lan panambang.
b.
Tembung Rangkep
Tegese tembung
sing dirangkep/ dibaleni/ kata ulang. Wujude ana telu :
a)
tembung dwilingga:
dumadine sarana ngrangkep linggane
b)
tembung dwipurwa:
tembung lingga kanthi ngrangkep wandane wiwitan. Tuladhane: lima dadi lilima
(lelima), lara dadi lalara (lelara) lsp.
c)
tembung dwi
wasana : tembung lingga kanthi ngrangkep wanda kang pungkasan/ purwa.
d)
Tuladhane: cekak dadi
cekakak, cekik dadi cekikik lsp.
c.
Tembung Camboran
Tegese tembung kang dumadine saka pamoring tembung loro
kang tegese digerba dadi siji. Tembung camboran ana loro:
a)
Camboran tugel: dubang
(idu ababg), lunglit (balung kulit), dokkur (ndhodhok mungkur) , dhegus (gedhe
bagus) lsp.
b)
Camboran wutuh, ana
loro:
1)
camboran tunggal tegse
tembung kang diamor nduweni teges anyar.
Tuladha: naga
lan sari dadi nagasari, gantung lan siwur dadi gantung siwur lsp.
2)
camboran udhar:
tembung-tembunge isih madeg dhewe-dhewelan tegese durung luluh. Tuladhane:
pager wesi, tukang sepatu, gula tebu, lsp.
B. PEPRINCENING JINISING TEMBUNG
Golongan tembung, yakuwi:
1.
Tembung
Kriya
Kang sinebut tembung kriya yakuwi sakabehing tembung kang
nyatakake solah bawa, tindak-tanduk utawa tumandang gawe. Ana sajroning ukara,
tembung kriya biyasane nduweni fungsi wasesa.
Tuladha: Nurahma nangis, Dika tiba.
Nugraha : jejer,
Nangis : wasesa
Dika : jejer
Tiba : wasesa
Tembung nangis, tiba kuwi wasesa lan yen
ditilik saka jinising tembung kalebu tembung kriya. Sanadyan amung kedadeyang
saka jejer lan wasesa ukara ing ndhuwur kalebu ukara singwis komplit.
Dene tembung kriya sing isih mbutuhake tembung liyane amrih
sampurnane diarani tembung kriya mawa lesan (kata kerja berobjek/transitif).
Tuladhane tembung kriya sing kaya mangkono yakuwi: nabrak, nabok, menthung,
adol, nyiram, ngetung, nagih, nuthuk, lsp.
Sawalike tembung nangis, ora perlu
utawa ora mbutuhake tembung liyane.
2.
Tembung
Aran
Nama sakabehing barang utawa apa wae kang dianggep barang
diarani tembung aran. Miturut kalungguhaning tembung ana sajroning ukara
tembung aran bisa kalebokake ana ing jejer utawa lesan. Tuladhane ing ngisor
iki.
Adhiku nendhang bal
J
W J
Tembung adhiku lan bal, diarani
tembung aran.
Tembung aran kaperang dadi rong golongan, yakuwi:
1)
tembung aran kang
maujud (kasad mata)
2)
tembung aran kang ora
maujud (ora kasad mata): kasugihan, kapinteran, kaluwihan, lsp.
ü Pandhapuking tembung aran kaperanga dadi loro.
1)
tembung lingga
2)
tembung andhahan
ü Dene tembung andhahan kang kalebu tembung aran kadedayan
kanthi cara-cara ing ngisor iki.
a)
Rimbag lingga
andhahan, kanthi cara menehi ater-ater: sa-, pa- pi-, pra-, ka-.
b)
Kadhapuk kriya wacaka,
wujude pe-tanduk
c)
Kadhapuk rimbag
wisesana, wujude (- + -an)
d)
Kadhapuk rimbag
dayawacaka, wujude (pa- + tanduk + -an)
e)
Kadhapuk bawa wacaka,
wujude (ka- + lingga+ -an)
f)
Kadhapuk panambang
–wan,-man, -wati.
g)
Kadhapuk panambang
–ku, -mu,-e
h)
Kadhapuk kanthi cara
rimbag rangkep
i)
Kadhapuk dadi camboran
lan wancahan
j)
Tembung kaanan
Sakabehing tembung kang nyatakake kepriye kaanan/ sipat maneka
warna bab. Tuladha: kembang abang, omahe gedhe,
bocah nakal, lsp. Tembung-tembung kang kalebu kaanan iki nduuweni
owah-owahan tertemtu. Ing ngisor iki owah-owahaning tembung kaanan (ana kalane
tembung tertemtu kalebu tembung kaanan ana kalane ora kalebu tembung kaanan)
i.
kalebu tembung kaanan/
sipat
Tembung iki tetep digolongake tembung aran menawa papan
panggonane ana samburine tembung aran. Tuladhane:
Budi angkara, watak sembrana, ula mandi, lsp.
ii.
kalebu wasesa
Upamane: Omahe
Sariman gedhe, klambiku suwek, Anake Pak Suta lara.
Gedhe, suwek, lara kalungguhane ana sajroning ukara minangka wasesa,
dene jinis tembunge minangka kriya silihan.
iii.
kalebu katrangan,
jinis tembunge diarani tembung katrangan.
Upamane: sariman mlaku alon-alon. Manuk
mabur dhuwur.
Tembung alon-alon lan dhuwur nerangake
wasesa, mulane kalebu katrangan. Dene jinis tembunge diarani tembung katrangan.
iv.
kalebu tembung aran
o diwenehi panambang –e
gedhe dadi gedhene
lega dadi legane
o diwenehi tembung panggandheng (kata depan): kang/ sing.
Sing cilik
lungguh ngarep, sing gedhe lungguh mburi.
Kang lena bakal
ketiwasan.
o menawa nduweni kaanan/ sipating manungsa biyasane dadi
sesulihe jenenge manungsa kuwi kanthi carra diwenehii tembung si.
Kaya si cebol nggayuh lintang.
o diwenehi tembung Panggandheng/kata depan ana sangarepe.
Kanthi lega legawaning
ati.
3.
Tembung
Katrangan
Gatekna ukara ing ngisor iki!
1)
Adhiku mangan themal-themil.
2)
Sarjono nangis senthuk-senthuk/
ndrenginging.
3)
Maling kuwi
mlayu nggendring,
Tembung themal-themil, senthuk-senthuk/
drenginging, nggendring, kuwi nyebutake cara-carane mangan, nangis,
lan mlayu. Tembung-tembung kang nerangake wasesa utawa nerangake babagan liya
kajaba tembung aran kuwi diarani tembung katrangan. Dene
tembung kang nerangake tembung aran diarani tembung kaanan. Tembung katrangan
sing kulina dianggo yakuwi:
1)
tembung katrangan
wektu/titi mangsa
2)
tembung katrangan
papan panggonan
3)
tembung katrangan sing
nyethakake dadi lan orane pakaryan
4)
tembung katrangan kang
nyethakake kahanan pakaryan.
Miturut wujude tembung ana kang arupa tembung lingga lan
ana kang arupa tembung andhahan. Kang arupa tembung andhahan yakuwi:
1)
Diwenehi panambang –e:
prayogane, maune, lumrahe, wangune, lsp.
2)
linggane dibaleni:
ujug-ujug, durung-durung, suwe-suwe, kira-kira, lsp.
3)
Diwenehi ater-ater
sa-/se- : sakawit, sakala, sajeg jumbleg, lsp.
4)
Diwenehi ater-ater sa-
lan panambang –e: sabisa-bisane, sakuwat-kuwate, sagedhe-gedhene, lsp.
4.
Tembung
Sesulih
Tembung kang dianggo nggenteni jeneng barang utawa
manungsa, lan tembung kang nuduhake panggonan barang utawa manungsa diarani
tembung sesulih/kata ganti. Peprincening tembung sesulih:
1)
Tembung sesulih kang
mratelakake wong (kata ganti orang);
Tembung sesulih kang mratelakake wong iki kaperang dadi
papat:
Ø Tembung sesulih utama purusa (aku, kula, ingsun)
Ø Tembung sesulih madyama purusa (panjenengan, ndika, kowe,
sampeyan)
Ø Tembung sesulih pratama purusa (dheweke, Man jae/jeneng
wong)
Ø Tembung milik (omahe, omahmu, omahku)
2)
Tembung sesulih kang
mratelakake dununging barang/wong (kata ganti tunjuk);
3)
Tembung sesulih kang
dadi tembung panggandheng (kata ganti hubung);
4)
Tembung sesulih
minangka pitakon (kata ganti tanya);
5)
Tembung sesulih barang
kang ora nggenah (kata ganti tak tentu);
v Ing ngisor iki bab-bab kang magepokan klawan tembung
sesulih.
1.
Tembung sesulih yen
nerangake babagan barang dununge ana samburine barang kang diterangakke.
Tuladha: bocah iki, omah kae, dhusun sampeyan.
2.
Ana sajroning ukara
tembung sesulih bisa nduweni kalungguhan minangka jejer, wasesa, lesan, lsp.
o Jejer: Iki durung disarujuki dening para
warga. (komplite: Prakara iki).
o Wasesa: Bocah kang koktakok-takokae dhek wingi iku
kae ta?
o Lesan: Tekan seprene aku durung ngreti kuwi (komplite
bab kuwi).
5.
Tembung
Wilangan
Tembung wilangan kabedakake telung
perangan, yakuwi:
1)
Tembung wilangan kang
nyatakake gunggung (jumlah);
Tuladha:
Beras telung goni kae timbangen!
2)
Tembung wilangan kang
nyatakake undha-usuk/ tingkatan.
Tuladha:
Anakku sing nomer loro aran Giselia.
3)
Tembung wilangan
durung genah (ora ngerti gunggunge)
Tuladha:
Aku mung nampabathi sethithik.
6.
Tembung
Panggandheng
Sakabehing tembung kang nggathukake tembung siji lan sijine
diarani tembung panggandheng/tembung lantaran. Ana sajroning Basa Jawa wujuding
tembung panggandheng yakuwi:
Ing : Aku wis telung tahun manggon ing kutha.
Menyang : Sore
mau, kowe menyang ngendi?
Saka
: Bengi-bengi ngene iki kowe saka ngendi?
7.
Tembung
Panyambung
Sakabehing tembung kang bisa nyambung utawa nggathukake
antaraning tembung siji lan sijine. Miturut wujude tembung panyambung kaperang
dadi loro:
1)
tembung panyambung
kang isih lingga : lan, saha, tuuwin, sebab, lsp.
2)
tembung panyambung
kang awujud andhahan: luwih-luwih, apa maneh.
8.
Tembung
Panyeru
Tembung panyeru diarani uga tembang sabawa.
1)
Lho, digunakake ana
sajroning ukara sing beda karo kanyatan
(Lho, kok ngono, mbok ngene)
2)
Lha, digunakake ana
sajroning ukara kang pas/cocok karo kang dikarepake
(Lha, ngono kuwi aja kaya mau)
3)
Eman, kanggo
ukara kang nggelakake
(Eman, bocah bagus kok patrape kaya ngono!)