Parikan



A.    Parikan
Kang diarani parikan Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :
  • kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
  • saben saukara kadedan saka rong gatra
  • ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Kanthi ukara liya sing diarani parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun kilat. Ciri-cirining parikan :
1) Nduweni purwakanthi ab-ab.
2) Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi.
3) Pendhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.
4) Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.
Manut ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:
a. Parikan kandadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2
Tuladha
- Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
           
      - Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4 ======= Sampiran)
   Dadi murik, sing taberi      (4 – 4 ======= Isi)
       
           -  Jemek-jemek, gula jawa (4 – 4 ======== Sampiran)
  Aja ngenyek, padha kanca (4 – 4 ======  Isi)
         
      - Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4 ====== Sampiran)
  Yen sinau, dadi pinter     (4 – 4 =======  Isi)

b. Parikankandadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
1. Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda). 
    Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
2. Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 – 8)
    Watak putri, kudu titi ngati-ati (4 – 8 )
3. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 – 8)
    Lamun sabar, bisa lejar serta bingar (4 – 8)
4. Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 – 8)
    Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur (4 – 8)

c.  Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2
Tuladha:
1. Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga 
    Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.
2. Esuk nakir sore nakir (8)
    Sing ditakir godhong ploso (8)
    Esuk mikir sore mikir (8)
    Sing dipikir ora krasa (8)
3. Jangan kacang jangan kara (8)
    Kaduk uyah kurang gula (8)
    Piwelingku mring pra mudha (8)
    Aja wedi ing rekasa (8)
4. Yen kembang kembang cempaka (8)
    Dudu kembang arum dalu (8)
    Mumpung sira isih mudha (8)
    Den asregep ngudi ngelmu (8)

Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik. Tuladha kasebut kena katulis mangkane
Enting-enting gula jawa

Sabungkus isine sanga

Ingatase para siswa

Wajib seneng nggubah basa
Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing
Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
·         Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)

Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
·         Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur

Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.

Carane ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

Paragraf Argumentasi



A.    Tegese paragraf Argumenatsi
Argumentasi kedadeyan saka paragraf kang isine nduweni ancas mbujuk lan ngrayu pamaos supaya nampa gagasan utawa wedharan kang ditulis/digagas dening panulis, kanthi tetimbangan logis utawa emosional.
Paragraf argumentasi kuwi biyasane nduweni wujud arupa saperangkat ukara sing dirakit kanthi maneka cara saengga ukara kuwi nduweni fungsi dadi panyengkunyunge ukara-ukara liyane. Lumrahe ukara pokok disengkuyung ukara panjelas kang arupa bukti utawa alasan utawa tuladha-tuladha. Sawijining paragraf digolongake paragraf argumentasi kanthi lelandhesan ananing masalah kng nduweni sipat kontroverial, nduweni teges kang beda-beda. Masalah kuwi dijelasake ananing alasan-alasan kang nduuweni sipat logis kang ngyakinake. Alesan kuwi nduweni rasa kaendahan, bener, apik, migunani, lan efektivitas kang selaras klawan paham kang dianut.
Lelandhesaning argumentasi kuwi ana ing sjroning argumen kang dumunung ana ing telung prinsip  kang baku:
  • Wedharan (pernyataan);
Wedharan kuwi gumantung ananing masalah kang asipat kontroversial
  • Alasan kang nyengkuyung;
Alasan kuwi ukara-ukara kang lelandhesan marang bab-bab kang bisa mbeneraki gagasan kang diwedharake ana sajroning wedharan.
  • Pembenaran.
Pembenaran kuwi ukara kang nuduhake ananing gegayutan antaraning wedharan klawan alasan. Kanthi ukara liya, pembenaran kuwi arupa ukara dudutan kang wis diwedharake ana ing ukara kapisan ana ing paragraf deduktif. Dadi, paragraf deduktif kuwi umume nduweni sipat paragraf repetitif utawa paragraf dedutif-induktif  tegese paragraf kang ukara pokoke ana ing purwaning ukara lan dibaleni maneh ana ing pungkasaning paragraf kanthi ukara kang beda ning intining padha. Ananging paragraf argumentasi uga bisa kedadeyan saka paragraf dedutif utawa induktif wae.


B.     Nggawe Paragraf Argumentasi kang Asipat Deduktif
Ana sajroning paragraf deduktif, gagasan-gagasan  diwedharake ana ukara kang asipat rowa/umum tumuju marang ukara kang asipat mligi/khusus. Ukara pokok ditulis ana purwaning ukara nembe disusul ukara-ukara panjelas. Yen digambarake, organisasi paragraf deduktif kaya ing ngisor iki.
Ukara panjelas bisa arupa bukti kang nyengkuyung lan nemtokake kebenaran kang dumunung ana ing ukara pokok (premis mayor). Bukti bisa dijupuk saka observasi (pikolehan panaliten/pengamatan)..



C.    Nggawe paragraf Argumentasi kang Asipat Induktif
Cara kang dianggo kanggo nggawe paragraf argumentasi kang asipat induktif suwalike karo cara kang asipat deduuktif. Gagasan-gagasan kang mligi ditulis ana purwaning paragraf banjur dipungkasi klawan dudutan kang tinulis ana ana ukara kang asipat rowa. Paragraf induktif bisa digambarake kaya ing ngisor iki.

Nggawe Paragraf Argumentasi Babagan Drama/Sandiwara
Nulis paragraf argumentasi babagan drama utawa sandiwara intine padha karo nulis argumentasi umuume. Amung wae, topik utawa punjering rembug kang ditulis ana wacan argumentasi kaya ngene iki babagan drama utawa sandiwara.

Undha-Usuk Basa Jawa



UNDHA – USUK BASA JAWA
1.      Undha – Usuk Basa Ingkang BakuIngkang dipunwastani undha – usuk basa baku, punika basa ngoko saha krama ingkangngetrepi wawaton utawi paugeranning undha – usuk basa. Tuladhanipun undha – usukbasa ingkang dipunwulangaken ing pawiyatan, ingkang dipunangge ing kaperluan utawikawigatosan resmi, ingkang dipunanggé ing buku – buku seserepan, buku – buku basa lansastra Jawa, lsp.
2.      Undha – Usuk Basa Ingkang Kirang BakuAmargi paugeran undha – usuk basa punika satuhu namung awujud pandom utawiancer – ancer, kados langkung prayogi yèn boten dipunwastani undha – usuk basa ingkangboten baku, nanging ingkang kirang baku. Amargi cak – cakanipun ing unggah – ungguhbasa mila remit, temtunipun ugi boten gampil badhé mbédakaken pundi ingkang baku sahapundi ingkang boten baku. Kados langkung sekéca menawi nitik / nitèni kémawonsapinten kekiranganipun saking paugeran, kathah punapa sakedhik.
    Wondéné kekirangan wau dumados saking daya pangaribawanipun basa – basaingkang boten baku, inggih punika tilaran saking basa Jawa ing jaman kajawèn arupi basamadya lan basa krama désa, basa enggèn – enggènan, basa Indonesia saha basa manca.
      Tuladha:
 

Dados wosing andharan, bilih tiyang saged ing unggah – ungguh basa, yèn wicanten utawi sesambetan kaliyan tiyang sanès, basanipun tansah dipunarah – arah, netepipranataning subhasita, paugeraning tata susila, murih tansah adamel reseping manah.Wondèné caranipun, tiyang wau tansah saged nglenggahaken dhiri pribadhi, njagiajining dhiri nanging boten pegat ing lampah lembah manah, andhap asor saha pinterngurmati ing ngasanès. Tumrap unggah – ungguh basa, prakawis ingkang kalebet wigatoslan remit inggih punika cak – tumindakipun ngurmati tiyang sanès, amargi kanthi tansahmulat sawatawis pepènget utawi factor 
, ing antawisipun :
1.      Faktor  umur. Tuladhanipun : laré alit ngurmati laré ingkang langkung ageng. Tiyang enèm ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh.
2.      Faktor  peprenahan (kekerabatan). Wosipun tiyang ingkang kaprenah enèm, ngurmati sadhèrèk ingkang awunipun langkung sepuh. Tuladhanipun : adhi ngurmati kakangutawi mbakyu. Anak ngurmati bapa lan ibu (tiyang sepuh). Putu ngurmati embah.Keponakan ngurmati bapa paman lan bibi, lsp.
3.      Faktor  drajat pangkat. Tuladhanipun : murid ngurmati guru. Pegawé ngurmati pangarsanipun. Warganing pakempalan ngurmati sesepuhipun.
4.      Faktor  drajat semat. Tuladhanipun : Tiyang ingkang sugih, utawi sitinipun wiyar,blanjanipun ageng, lsp.
5.      Faktor  trah. Tuladhanipun : Tiyang ingkang gadhah sesebatan, radèn ajeng, radènmas, lsp.
6.      Faktor  tetepangan. Wosipun tiyang ingkang dèrèng tepang, dèrèng patos tepang,utawi tepangan énggal, limrahipun langkung dupunurmati tinimbang tiyangingkang sampun kulina. Tuladhanipun : yèn manggihi tamu, utawi tetumbas dhateng bakul, ingkang dèrèng tepang utawi dèrèng kulina, limrahipun mawi basakrama.
Manut saking layang Karti Basa terbitan Kementrian PP dan K (1946: 64 – 84),mraté
lakaken bilih undha – usuk basa punika kapérang dados pitung (7) tataran, ingantawisipun :
1.      Basa Ngoko
a.       Ngoko-lugu 
b.    Ngoko-andhap
            c.    Antya-basab
            d.    Basa-antya
2.      Basa Madya
a.       Madya-ngokob.
b.      Madyantarac.
c.       Madya-krama
3.      Basa Krama-désa
4.      Basa Krama
a.       Mudha-krama
b.      Kramantarac.
c.       Wredha-krama

5.      Basa Krama–inggil
6.      Basa Kedhaton
7.      Basa Kasar